Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 097 (The Holy Spirit reveals history's developments)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

4. Sang Roh Kudus mratelakake undhak-undhakan kang penting ing sajroning sejarah (Yokanan 16:4-15)


YOKANAN 16:12-13
12 Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh. 13 nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.

Sang Kristus pirsa kabeh prakara, lan ngersakake maringi ngerti marang para murid Panjenengane kang ditresnani Panjenengane bab wadi suwarga lan mangsa tembe, nanging kabisan saka jiwa lan pikiran ora bisa nyakep kayekten kang mengkono sawutuhe. Awit saka iku kita ora bisa alandhesan akal budi ngerti yen Sang Kristus lagi lenggah ing sisih kanan Gusti Allah ing Suwarga, lan nalika iku Sang Kristus uga dumunung ana ing ati kita, kajaba manawa pangerten kang saka Sang Roh Suci iku madhangi kita. Mengkono uga, kita ora bisa langsung ngerti yen gusti Allah iku siji ing sajroning telu Pribadi. Prekara iki ora bakal bisa dingerteni dening uteke manungsa, nanging Sang Roh Suci mitulungi winatese kita lan madhangi pikiran kita. Panjenengane bisa mratelakaken wadi-wadi mangsa kang bakal teka marang kita, lan pikiran-ikiran kang kasingit ing sajroning ati, aiwt Panjenengane wanuh sawutuhe kabeh saka Tritunggal Kang Suci.

Sang Kristus meca yen Sang Roh kayekten bakal rawuh lan mimpin para murid marang kabeh kayekten. Apa ta kayekten iku? Gusti Yesus ora nyetakake gegayutan kayekten ing pangerten kang akeh “kayekten-kayekten” kaya kang dumadi ing sajroning kasunyatan-kasunyatan ing jagat iki, nanging ing wujud tunggal, kaya nalika Panjenengane ngandika, “Aku iki kayekten”. Wahyu gegayutan rawuhe Sang Kristus ateges yen Panjenengane bakal mimpin kita ing sajroning kapenuhan sang Kristus ing sajroning hakikat lan pakaryan Panjenengane. Ing sajroning kasunyatane, gusti Yesus ora mung dadi manungsa lumrah, nanging Sang Rama ana ing sajroning Panjenengane, lan Panjenengane ana ing sajroning sang Rama. Dadi tuntunan marang kayekten sawutuhe nuduhaken marang anggone wanuh kita marang Sang Rama lan dumununge kita ing sajroning katresnan Panjenengane lan ing sajroning tetunggalan ing sajroning kalanggengan. Tembung”kayekten” ing sajroning Injil ora mung ateges kayekten kang syah utawa mlebu nalar utawa malah kayekten kang asipat sopan santu sae, nanging maknane luwih luwih dening jembar, lan kalebu kabaeh kasunyatan, becik kang umur uga kang mligi. Dadi Sang Roh Suci nuntun kita marang kayekten kasuwarga supaya ktia bisa wanuh Allah ing sajroning Tritunggal lan ngalami panguwasa Panjenengangane kang nggumunake.

Babarengan karo kabeh iku mau, katon yen Sang Roh suci iku Pribadi kang mandiri, kang ngandikan, mirengake, duwe kabebasan, nanging uga Panjenengane ora nindakake apa – apa kajaba kang dadi karsane Sang Rama. Panjenengane ora rawuh nggawa pikiran kang mligi, nanging menehi ngerti kita apa kang dingandikaaken sang Rama. Ing sajroning Tritunggal kang Suci, ora ana gegayutan liya kajaba anane padha-padha mbangun turut ing sajroning kamardikan katresnan. Panjenengane iku setya ing sajroning paseksen kang dilantarake Panjenengane saka Sang Putra Allah. Dadi Panjenengane ngersakake mbangun gereja sawautuhe minangka badan Sang Kristus, supaya gereja bisa dadi sempurna nalika rawuhe Sang Kristus, kang dadi pengantin lanang.

YOKANAN 16:14-15
14 Panjenengane bakal ngluhurake Aku amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku. 15 Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku.

Kang dadi tujuan pakaryane Sang Roh Suci yaiku kanggo kaluhuran Sang Kristus. Dikaya gusti Yesus nyingkur sarirane dhewe lan masrahake kabeh kaluhuran marang Sang Rama wae, mengkono uga Sang Roh Suci ora ngluhurake awake dhewe, nanging ngluhurake Gusti Yesus ing sajroning kabeh pakaryan Panjenengane. Iki mulang wuruk kita supaya ora ngumukake marang pengalaman, kamenangan lan apa kang ditindakake kita dhewe, lan pengalaman, kamenangan, lan apa kang kita tindakake iku ngluhurake gusti Yesus Sang Juru selamet wae. Rak pamratobat kita kang dadi prekara kang utama dhewe, nanging disuceke dosa-dosa kita dening rah Sang Kristus kang banget dening aji. Kabeh obah mosike Sang Roh suci, panguwasa Panjenengane lan karsa Panjenengane duwe tujuwan siji wae, ngluhurake gusti Yesus, kang wis nuku kita kanggo sarira Panjenengane. Sang Roh suci makarya lumantar paseksen para rasul Kristen kang ana dayane, nalika para rasul nglantarake Sang Kristus marang kang ngrungokake minangka pribadi kang disalibake lan kang wungu.

Sang Roh Suci ora nindakake penggawean kang saka sarirane dhewe, nanging nindakake apa kang wis diwiwiti dening Gusti Yesus ing sajroning pangandikan lan tumindak. Panjenengane ngelingake para rasul gegayutan pangandikane Gusti Yesus, lan maringi urip kang asipat keallaha Panjenengane marang para rasul. Panjenengane nguwatake para raul supaya terus njaga pitutur-pututur Panjenengane, agawe para rasul ngoyot ing sajroning Sang Juru Selamet. Kita ndeleng saka kadohan anane gegayutan kang pada bathine kang tansah dumadi ing antarane Tritunggal Kang Suci. Siji Pribadi wae ora golek kaluhuran kanggo Sarirane dhewe, nanging ngluhurake, ngagungake Pribadi kang liyane mengkono sateruse.

Ing sajrone pelayanan Panjenengane ing jagat iki, gusti Yesus ngandika kanthi andhap asor, “Sang Rama luwih gedhe ketimbang Aku,” nanging ing sajrone pitutur nalika pisahan karo para rasul, Panjenengane ngandika, “Kabeh panguwasa becik kang ana ing Suwarga uga ing bumi wis diparingake marang Aku”, awit gusti Yesus nitahake sakabehe ing sajroning patunggalan karo Sang Rama. Sang Rama iku kagungan Panjenengane, dikaya saben bapak iku duweke saka para putrane, awit bapak mau pancen duweke anak-anake.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, Paduka nebus kawula ing kajeng Salib, lan nguwalake kabeh momotan dosa kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka sampun nglangkungi bab ingkang mboten namung katresnan limrah. Kapenuhana kawula kalian Sang Roh Suci Paduka, kanthi makaten gesang kawula sawetahipun saget ngluhuraken pangorbanan lan angen Paduka wungu. Paduka uwalaken kawula sakin watek keset, lamis, saha gumunggung, kanthimakaten kawula saget nindakaken gesang ing salebetipun kayekten saking pambobot-pambobot paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye carane Sang Roh Suci makarya ing sajroning bab-bab megare jagat?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)