Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 087 (The Holy Trinity descends on believers)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
C - TEMBUNG-TEMBUNG PISAHAN ING KAMAR NDUWUR (Yokanan 14:1-31)

2. Tritunggal Kang Suci tumurun atas tiyang pitados lumantar Sang juru Pitulung (Yokanan 14:12-25)


YOKANAN 14:15
15 “Manawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakonKu”

Para penginjil tansah ngaturaken panuwun kanggo Kalvari. Wong kang ora nindakake penginjilan ora bakal wanuh kamardikan saka Sang Kristus. Manawa panjenengan nemokake donga lan paseksen panjenengan ora ana wohe, panjenengan dadar badan panjenengan dhewe apa panjenengan lagi meneng ing sajroning katresnane Allah, apa dosa panjenengan malangi berkah iku mudhun marang panjenengane. Akoni kekurangan panjenengan ana ing ngarsane gusti Yesus, kanthi mangkono ilining berkah iku ora bakal kasandhet saka wong-wong liya.Gusti wis paring marang kita pitutur kan ora kaetung maneh: “Tresnana satrumu, waspada lan ndedongoa supaya kowe ora tiba ing sajroning pancoban. Sucia kowe dikaya Ramamu kang ana ing suwarga iku suci; sowana maranng Aku kabeh wong kang kesayahan lan kang duwe momotan abot, aku bakal maringi kalegan marang kowe. Kabeh tembung pitutur iku diringkes ing sajroning tulisan emas: “Tresnana pepadamu manungsa dikaya Aku wis nresnani kowe. Pitutur-pitutur Panjenengane dudu momotan kang abot, nanging dadi pitulungan kanggo urip lan pantara tumuju marang iman lan katresnan.

Kabeh wong kang ngrasakake tebusan sang Kristus, ora bakal urip kanggo awake dhewe, nanting leladi Sang Kristus minangka sang Juru selamet.

YOKANAN 14:16-17
16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenenganae nunggala karo kowe, 17 iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.

Wong kang mbudidaya nindakaken pitutur gusti Yesus kanthi nggunakake kekuatane dhewe bakal gagal lan nglokro. Awit yaiku, gusti Yesus nyuwun marang Allah supaya ngutus Sang Juru tulung, yaiku Sang Roh Suci. San Roh Suci kagungan sawetara mupangat ing kene. Panjenengane iku Roh kayekten kang nuduhake marang kita dosa-dosa kita. Sebanjure Panjenengane nggambarake marang kita bab gusti Yesus kang disalib ing ngarepe kita, lan ngyakinake kita yen iki Putra Allah kang ngapura kabeh dosa kita.Panjenengane andadekake kita dadi wong-wong bener ing sajroning sih rahmat Allah. Sang Roh kang pantes dipuji iki maringake marang kita kelahiran kang kapindo. Panjenengane mbuka tutuk kita supaya nyebut Allah dadi Rama kita. Sebanjure, kita yakin yen kita tenan-teman dadi putra Allah lumantar Sang Roh diangkat dadi Putra. Kang pungkasan, Panjenengane dadi Advokat kang mbelani kita. Panjenengane jumeneng ing sisih kita lan njangkung kita kanthi teguh saka wisikane Iblis, lan ngyakinake kita bab keselametan kita wis sempurna. Kita ora bisa nemokake pepesthen ing sajroning ngadhepi coban utawa goda kanggo kalegan ing sajroning jagat kajaba lumantar sang juru pitulung kang wis diutus dening gusti Yesus marang kita.

Ora ana wong kang duwe Sang Roh Suci manut cara kang lumrah, becik wong kang pinter, kang pinter gawe geguritan, uga wong kang bisa nrawang. Sang Roh Suci iki asipat kang ora bisa dibeberake kanthi nalar, lan rawuh marang wong-wong kang pracaya marang Rah Sang Kristus. Wong kang ora nresnani Gusti Yesus utawa ora nampai Panjenengane, ora bakal duwe Sang Roh Suci kang dumunung ing sajrone Panjenengane. Nanging wong kang nresnani Gusti Yesus lan nampani keselamaten saka Panjenengane bakal ngrasakake kabungahan ing sajrone uripe saben dinane. Kanthi Sang Roh Suci ing sajrone ati kita mula kita bakal nglakoni panguwasane Allah ing tengah-tengah karingkihan kita. Gusti Yesus ngyakinake panjenengan yen Sang Juru pitulung iki ora bakal ninggalake panjenengan becik ing sajrone pati uga ing sajrone pengadhilan, awit Panjenengane iku urip kang langgeng iku.

YOKANAN 14:18-20
18 Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal mbaleni kowe. 19 Kurang sadhela lan jagad ora bakal ndeleng Aku maneh, nanging kowe ndeleng Aku, awit Aku urip lan kowe iya bakal urip. 20 Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.

Nalika wong kang ngianati iku metu, Gusti Yesus menehi ngerti para murid Panjenengane yen Panjenengane bakal enggal ninggalake para murid, lan para murid ora bakal bisa ndherek Panjenengane. Nanging Panjenengane nambahake yen Panjenengane bakal bali marang para murid kanthi cara pribadi. Panjenengane bisa ngerti gegayutan anggone para murid wedi, lan pangandikan Panjenengane duwe makno loro: Kawitan, bab rawuhe Sang Roh Suci, awit gusti Yesus iku Roh iki. Kapindho: Anggone bakal rawuh kanthi kaluhuran ing pungkasaning jaman. Kanggo rong jalaran iki, Panjenengane kudu ninggalake para murid supaya bisa sowan marang Rama Panjenengane. Tanpa pepisahan iki, mula Sang Roh Suci ora bakal nekani kita.

Sang Roh Suci iku kang ngelekake mripat lan ati kanthi cara langsung. Kita ngerti yen gusti Yesus ora tetep ana ing sajroning kubur kaya wong-wong liya, nanging Panjenengane gesang, ana bebarengan karo Sang Rama. Gesang Panjenengane iku dasar saka jagat lan keselametan kita. Awit Panjenengane ngalahake pati, Panjenengane maringi kita panguripan, kanthi mangkono kita uga bisa menang atas pati krana iman, lan urip ing sajroning kayekten Sang Kristus. Agama kita iki gegayutan urip kang kebak karo pengarep-arep.

Sang Roh Panglipur kang sejati iku Sang Roh Allah kang rawuh lan manunggal ing sajroning panguripan kita, lan ngyakinake kita yen Sang Putra ana ing sajroning Sang Rama, lan San Rama ing sajroning Sang Putra, ing sajroning kamanunggalan kang sempurna. Pangerten kasukman gegayutan Tritunggal Kang Suci iki ora kaya wulangan matematika, nanging kang dadi siji ing sajroning uripe wong-wong pracaya, kanthi mengkono kita uga bisa ditunggalake karo Gusti Allah dikaya Gusti Yesus. Wadi ing sajroning Sang Roh Suci iki adoh ngluwihi kabisan pangerten kita minangka jejere manungsa.

Gusti Yesus ora ngandika yen Panjenengane ngersakake manunggal ing sajroning badan panjenengane kanthi cara kapisah-pisah, “nanging Aku bakal manunggal ing sajroning kowe kanthi cara bareng”. Wong-wong Kristen kanthi cara dhewe-dhewe dudu pedaleman Allah; wong iku kaya salah siji watu wae ing sajroning bangunan gedhe. Kabeh wong pracaya kanthi cara bebarengan dadi sawijining wangunan kasukman. Janji iki diparingake kang bisa ngandhut teges akeh, “Kowe ing sajroning Aku lan Aku ing sajroning kowe.” Kamanunggalan wong-wong suci iku papan gusti Yesus mratelakake sarirane. Apa panjenengan nggatekake yen gusti ngringkes janji iku kanti pitutur, “tresnanana pepadamu dikaya Aku wis nresani kowe”? Ora kanthi cara dhewe aku kacancang marang Sang Kristus, nanging kita kabeh bakal kapenuhan ing sajroning kapenuhan Allah.

PANDONGA: Kawula sujud ing ngarsa Paduka, Sang cempening Allah ingkang suci; awit seda Panjenengan kawula saget nampeni gesang langgeng. Paduka apunten kawula atas alitipun iman kawula, anggen kawula mboten mangertos, kanthi makaten mboten badhe wonten malih pepalang ingkang timbul ing antawisipun Paduka kaliyan kawula. Kersanipun kawula ningali Paduka ing salebetipun sadaya pancoban kawula, lan gesang ing salebetipun pangertosan ingkang kados makaten. Kawula ngaturaken panuwun bilih sang Panglipur kawula sampun rawuh, Sang Roh kayekten ingkang badhe njangkung kawula sadaya ngantos saleminipun.

PITAKONAN:

  1. Apa sesebutan kang diparingake gusti Yesus marang Sang Roh Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)