Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 033 (Healing of the paralytic)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

1. Warase wong lempoh ing Betesda (Yokanan 5:1-16)


YOKANAN 5:1-9
1 Sawise mangkono, kabener ana riyayane wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem. 2 Ing Yerusalem, ing sacedhake Saketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima 3 Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu. 4 Awit ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumdhek ing blumbang kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane. 5 Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu tahun lawase. 6 Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngundaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?” 7 Atur wangsulane sing lara: “Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngumiyini kawula.” 8 Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!” 9 Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngankat paturone lan banjur mlaku.

Bisa uga gusti Yesus manggon ing Galilea nganti sangang wulan. Sebanjure Panjenengane tindak menyang Yerusalem ing salah siji dino riyaya ing Pedalemen Allah. Panjenengane pirsa manawa peperangan iman kang diadhepi bakal dumadi ing ibukota. Sinadyana Panjenengane ngadhepi golongan legalis lan wong-wong kang rumangsa awake mursid, Panjenengaen tetap njangkung Paugeran torat kanthi setia. Kaping telu ing sajroning setahun Panjenengane tindak ziarah menyang Pedalemane Allah ing Yerusalem, manawa kahanan ngidinake tindak (Pangandaring torat 16:16)

Ing tengah kutha iku ana blumbang, kang manut cathetan sawetara manut model-model basa Yunani, kala-kala malaikat ngocakake banyu ing kolam mau. Herodes wis mbangun bangsal-bangsal ing sakubenging blumbang kang ana cagak-cagake. Jugrugan bangsal iku wis ditemokake lagi wae. Bangunan kang ditata iku asring di sebut “Omah sih rahmat”, awit akeh wong cacat bakal teka ing papan iku golek kewarasan- ngenteni blumbang mau kocak. Wong-wong mau mikir yen kabeh wong kang kawitan mlebu ing blumbang mau nalika banyune kocak mula bakal waras.

Gusti Yesus rawuh ing blumbang kang kebak wong lara iku. Panjenengane mirsani ana wong lanang kang nandhang lumpuh suwene telung puluh wolu tahun, ing sajroning keranta-ranta lan nandang kasangsaran. Lan luwih saka iku ing sajroning ati sing lara mau ana juga rasa sengit marang wong-wong liya. Ing sajroning omah sih rahmat iki kabeh wong ngurus awake dhewe; ora ana wong siji wae kang welas marang wong lanang iku. Nanging wong mau ora kelangan pengarep-arep, lan tetep ngenteni wewengan kang arang banget kanggo nemokake sih rahmat kasuwargan iku. Ujug-ujug sih rahmat kang ngejawantah ngadeg ana ngarepe, lan Gusti Yesus miwit leladi perangan kesarasan kanthi kang kawitan ngingerake pendelengane wong lanang mau saka blumbang menyang Panjenengane. Sebanjure Panjenengane nukulake pepinginane wong lanang iku supaya waras. Gusti Yesus maringi wewengan marang wong lanang mau nglairake kaprihatinane, banjur wong lanang mau matur: “Mboten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang nggatosake kula! Kula sampun mbudidaya pados kesarasan, nanging keyakinan kula malah mbleret: mboten wonten satunggal tiyang ingkang maelu dhumateng kula. Menapa panjenengan kersa ngentosi ngantos toya blumbang menika kocak, lajeng nulungi kula nglebetaken dhateng blumbang menika?

Ora ana wong siji wae kang nggatekake aku! Apa iki kang lagi panjenengan pikir? Apa wong-wong liya nampik panjenengan? Aku kandha manawa Gusti Yesus ngadeg ing ngarep panjenengan: Panjenengane nggatekake panjenengan lan wis nemokake panjenengan. Panjenengane bisa mitulungi panjenengan lan nylametake panjenengan. Yaiku kang sebanjure dirasakake dening wong kang lumpuh iku. Pitakonan-pitakonane dijawab kanthi tetingalan saka Sang Kristus, kang welas asihe nyipto keyakinan ing sajroning wong lumpuh mau marang katresnane gusti.

Nalika gusti Yesus mirsani pepinginan kang gedhe wong apes kang kepengin diwarasake iki, lan anggone percaya manawa gusti Yesus pancen bisa paring waras, gusti Yesus sebanjure paring dhawuh marang dheweke: “Tangia, paturonmu angkaten lan mlakua”. Iki dhawuh kang asifat keallahan, kang agawe prekara kang mokal dadi prakara kang gampang banget. Wong lumpuh iku pracaya marang apa kang dingandikaake gusti Yesus, lan pracaya marang panguwasa kang mrambat ing sajroning awake, ngrasakake ana kekuatan kang nguwatake balung-balunge lan ngrasakake kekuatan kang mulihake ragane. Wong lanang kang lumpuh mau nampani kekuatan lan sebanjure dadi waras.

Sanalika iku wong mau mlumpat kanthi kebak kabungahan, ngadeg lan ngangkat paturone ing sirahe lan nggawa papan paturon mau kanthi seneng banget. Imane mujudake sabda panguwasa Sang Kristus, lan menehi dheweke kewarasan langsung.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Paduka mboten nglangkungi tiyang cacat menika adapur kaleresan, nanging nggatosaken tiyang menika ing salebetipun sih kawelasan Paduka. Tiyang menika mboten gadhah sinten-sinten kajawi Paduka, Ingkang kebak sih rahmat. Paduka pitulungi kawula supados cepengan Paduka, lan mboten sumendhe dhumateng pitulunganipun manungsa. Ribah kawula ing salebetipun pasemon katresnan Paduka, supadosa nggatosaken tiyang sanes, ngedum berkah-berkah paduka dhumateng sadherek-sadherek menika.

PITAKONAN:

  1. Kepiye gusti Yesus marasake wong lumpuh iku ing pinggirng blumbang Betesdha?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)