Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 261 (The Frowns of God and Nature on the Crucified)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

27. Sungkawané Gusti Allah Lan Jagat Raya Awit Kang Disalib (Matéus 27:45-50)


MATÉUS 27:45-50
45 Wiwit jam rolas nganti tumeka jam telu ana pagowong kang nglimputi satanah kabéh. 46 Kira-kira jam telu Gusti Yésus nguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lama sabakhtani?” Tegesé: “Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punpaa dené Kawula Paduka tekakaken? 47 Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap: “elo, Dhéwéké ngundang Elia”. 48 Nuli ana wong siji énggal-énggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupaké ing anggur kecut digarani glagah lan dicaosaké Gusti Yésus supaya kaunjuk. 49 Nanging wong-wong liyané padha ngucap: “Aja, aku arep padha weruh, apa Nabi Elia Rawuh ngluwari Dhéwéke.” 50 Gusti Yésus banjur nguwuh-uwuh manéh kanthi sora, nuli masrahaké nyawané.
(Jabur 22:2, 69:22).

Pepadhang kang banget ngedap-edapi martakaké miyosé Sang Kristus (Matéus 2:2). Awit saka iku, pas banget yén pepeteng ngedap-edapi ngalimputi nalika bakal sédané awit Panjenengané iku pepadhanging jagat. Nyawiyah kang ditujokaké marang Gusti kita agawé langit dadi mubal kanepsoné lan dadi ora tumata lan kisruh. Srengengé ora tau ndeleng piala kang mengkono sadurunge, lan awit saka iku nutupi praupané lan ora bisa nyeksekaké lelakon mengkené iki.

Gusti Yésus disalib ing dina Jumat, kira-kira jam sewelas nganti jam rolas ing wayah awan. Bangsa iki ngriyayakaké paskah ing dina Sabtu, wiwit jam enem ing dina jumat sore. Nalika iku uga, nalika gusti Yésus dipaku ing kayu salib, akéh wong mlebu ing latar pedaleman suci yaiku arep mbeleh cempe supaya bebenduné Allah bisa ora nempuh marang wong-wong mau. Wong-wong mau ora ngerti yén cempe Allah kang sejati lagi gumantung ana njaban tembok kanggo ngrukunakekabéh manungsa karo Gusti Allah. Sang Kristus séda ing dina jumat soré sedurungé Paskah supaya mratélakaké marang kita yén Panjenengané waé cempening Allah kang pantes kanggo nyangga kabéh dosa kita. Panjenengané nglumpukaké kabéh bebenduné Gusti Allah katempuh ing mestaka Panjenengané piyambak kabéh dosa kita kanthi mengkono malaikat pengadilan bakal ora nempuh kita lan kita bisa dibeneraké déning iman kita marang Panjenengan kang disalib iku.

Matéus nyethet siji saka pitu pratéla kang dingandikaaké Sang Kristus nalika ana ing kayu salib (red: pitu manut ing basa Indonesia), yaiku, “Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punpaa dené Kawula Paduka tegakaken? Iki dicuplik saka Jabur 22:1, nalika iku Dawud mratélakaké panandhangé lan kamenangané atas para satruné. Iki uga dadi pameca gegayutan panandhangé Sang Kristus lan kamenangan Panjenengané atas para satru Panjenengané.

Sang Kristus ora ngandika, “Punapa jalaranipun dené Paduka negakaké dumadosipun panandang menika? Nanging “Punapaa dené Kawula Paduka tegakaken”. Panandang Panjenengané iku banget déning abot, awit saka Panjenengané nyangga dosa jagat kanthi mangkono Panjenengané ditilar déning Allah ing sajroné kalenggahan Panjenengané minangka gegentiné wong-wong dosa. Sang Kristus ngrasakaké séda kanggo manungsa kabéh (Ibrani 2:9). “Panjenengané kang ora tepang karo dosa wus kadosakaké marga saka kita, supaya ana ing Panjenengané kita kabeneraké déning Gusti Allah (2 Korinta 5:21).

Senajan pangandikan iki dadi sandhungan kanggo pikiran para murid lan uga kanggo pangreten kita kang banget winates, panebusan kabéh dosa banget gumantung marang prekara iki. Manawa Sang Kristu sora nampa paukuman kang ora ana bandhingané iki, kengkeran panebusan bakal terus kasingidan kanggo kita.

Anggoné neguhaké karukunan wis diwiwiti Sang Kristus ing Gesemani diganepaké ing kayu salib. Nalika Panjenengané ngunjuk tuwung bebendu saka astané Allah, Rama nutup panon Panjenengan saka putra Panjenengané awit Panjenengané nyangga ing sajroné sarira Panjenengan kabéh dosa jagat. Rama kang kebak rahmat dadi hakim kang adil lan nibakaké paukuman kita marang Putra Panjenengané. Awit yaiku Panjenengané misahaké sarira Panjenengan saka putra Panjenengané.

Gusti Yésus Kristus nyangga paukuman ing kayu salib nggenteni kita lan séda kanthi mangkono kita bisa ngetrapaké ing urip kita gesang Panjenengané nganti salawase. Kayangapa gedhé kengkeran salib Gusti Yésus, kang nyangga paukuman kita, lan kang mrihatinaké karukuan kang pepak lan sakabéhe.

Ing tengah pepeteng, Gusti Yésus ora nyebut Rama Panjenengané awit katresnan Rama dipratélakaké ing sajroné bebendu kang ngejur Panjenengané. Nanging Panjenengané nguwuh marang Allah, “Dhuh Allah kawula, Allah kawula” lan gumantung marang kapitayan Panjenengané marang Rama. Gusti Yésus pracaya marang katresnan Panjenengané senajana Panjenengan ora mirsani Kang Maha Suci iku. Ya mangkené iki pepérangan batin babagan iman kang disangga Sang Kristus kanggo kita. Panjenengané pracaya marang anggoné cecaketan lan kasetyan Sang Rama senajana ana paukuman Panjenengané. Iman Panjenengan ngalahaké bebendu Panjenengané. Si pangawak dursila ora nemokaké cara kanggo ngalahaké Panjenengané. Gusti Yésus nerusaké iman Panjenengan nganti séda lan nyingkiraké karingkihan badan kang kasiksa, menang atas kaculikané si tukang nggodha lan mungkasi bebenduné Allah.

Wong-wong kang ngadeg ing ceraké kayu salib bisa uga ora ngrasakaké gedhé pepérangan batin kang lagi kasalib iku. Para prajurit kang ana kono ora sawutuhé ngerti bahasa Ibrani utawa bahasa Aram. Awit saka iku, para prajurit mau kliru tampa babagan pangandikan Panjenengané lan duwé pikiran yén Gusti Yésus nimbali Elia, sang nabi. Wong-wong Yahudi ora ngejaraké Panjenengané kang kebak panandhang iku nyuda rasa ngelak Panjenengané lan terus memoyok Panjenengané nganti pungkasan, kandha yén bisa uga Elia bakal wungu saka pati lan nylametaké Sang Kristus kang ringkih iki. Pepeteng dadi tambah ndhedet lan roh ala tambah nyaput pepeteng pikiran wong-wong kang nampik Sang Kristus, awit wong-wong mau ora wanuh gusti malah ing wektu pungkasan iku. Pepeteng kajasmanen kang ngalimputi jagat watara jam rolas nganti jam telu soré bisa uga kelakon awit grahana srengengé minangka tanda marang wong-wong kang wis diwangkotaké déning sang Roh pepeteng.

Nanging, Gusti Yésus nresnani Rama Panjenengané kang singidan lan pracaya marang Panjenengané. Panjenengané nresnani para satru Panjenengané lan dadi pantara kanggo wong-wong mau marang Allah minangka dadi syafaat kita. Ing kayu salib, Panjenengané ndedonga kanggo panjenengané uga lan ngapuré kabéh dosa panjenengan malah upamaa panjenengan ora kelingan kabéh dosa panjenengan kanthi jlentreh. Panjenengan wong dosa, nanging Gusti nresnani panjenengan. Anggoné Panjenengané séda iku bukti saka katresnan iku. Nalika Panjenengané nguwuh, “Wis rampung”, Panjenengan ménggalih babagan panjenengan uga. Katresnan Panjenengan ngasilaké pangapura kang sempurna atas dosa-dosa panjenengan.

Panguwuhé Sang Kristus kang sora nandhakaké yén senajan nguwuh babagan anggoné lara lan sayahe, Roh Panjenengané tetep teguh lan hakikat-Nya tetep kuwat. Suwara wong kang arep mati iku bakal hilang. Kanthi nafas kang menggeh-menggeh lan ilat kang kaku, sawetara tembung kang kapocapaké bakal angel dimangerti. Nanging sadurungé Sang Kristus séda, Panjenengané ngandika kaya wong kang kagungan kekuwatan. Kekuwatan iki nuduhaké yén Roh Panjenengané pancen ora dipeksa metu saka Panjenengané nanging kanthi rila dipasrahaké ana ing astané Rama Panjenengané. Sing sapa duwé kekuwatan kang cukup kanggo nguwuh kaya panguwuh Panjenengané nalika séda bakal duwé kekuwatan kang cukup uwal saka kayu salib lan ngalahaké panguwasané pati. Nanging kanggo nuduhaké yén kanthi Roh Panjenengané kang langgeng Panjenengané kanthi rila masrahaké sarirané (Ibrani 9:14), kanthi dadi Imam Agung lan uga Korban, Panjenengané nguwuh kanthi suwara kang seru.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Cempening Allah ingkang suci, ingkang sampun nyangga sakathahing dosa jagat. Paduka nyucékaken dosa-dosa kula ugi, kanthi rah Paduka ingkang aji lan nyucékaken kula kanthi séda Paduka. Kula saéstu-estu nresnani Paduka lan pitados dhumateng karukunan saking Paduka. Paduka sampun ngrukunaké kula sawetahipun kaliyan Gusti Allah lan nyawisaken kawilujengan kanggé sadaya manunga, awit kawilujengan saking Paduka menika kaganepaken kaliyan anggen Paduka séda minangka korban. Tuntun mripat manungsa dhumateng kajeng salib Paduka kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget dipun beneraké kanthi séda Paduka. Paduka bikak mripatipun supados ningali bilih wonten pangapunten kanggé dosa lan tiyang-tiyang mboten prelu dhawah ing salebetipun kaculikan kanthi mbudidaya neguhaken kayektosan pribadinipun piyambak lumantar pakaryan sipangawak dursila menika. Paduka sampun mbeneraké kawula sawetahipun lan ngantos salaminipun. Paduka sucékaken kawula kanthi pamratobat lan ajuring manah kanthi makaten kamimpangan kajeng salib Paduka bakal saget dipun tingali ing salebetipun kawula lan kawula saget kaénggalaken ing salebetipun panguwaos katresnan Paduka ing salebetipun pujian dhumateng asma Paduka ingkang suci lan kamulyan sang Rama.

PITAKONAN

  1. Apa ta maknané siji-siné pratéla ing kayu salib kang ditulis déning Matéus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)