Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 260 (The Official Blasphemy)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

26. Anyenyamah Kang Resmi (Matéus 27:39-44)


MATÉUS 27:39-44
39 Wong-wong sing padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengané padha gedhég-gedhég 40 karo muni: “Heh, kowé, sing arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun manéh sajroning telung dina, coba awakmu dhéwé luwarana. Manawa kowé Putraning Allah, mudhuna saka ing salib!”41 Mangkono uga para pangareping imam, para ahli Torét lan para pinituwa, padha bebarengan moyoki, unine: 42 “Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awaké dhéwé! Iku Ratu Israél? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabéh bakal pracaya. 43 Dhéwéké kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge: Aku iku Putraning Allah.” 44 Dalasan bebal-begal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengané mangkono.
(Jabur 22:9, Matéus 26:61, Yokanan 2:18).

Sawetara Kang Maha Suci gumantung ing kayu kang elek, otot kang suwék awit aboting sarira Panjenengané kekuwatan neraka nyerang Panjenengané. Kekuwatan-kekuwatan iku kepngin ngrusak pakaryan panebusan ing kayu salib. Wong-wong Yahudi lan para pemimpiné makaping-kpaing ngetokaké tembung kang ala, “manawa kowé Putra Allah, mudhuna saka kayu salib iku”, kaya-kaya wong-wong mau kandha, “mudhuna saka kayu kang elek iku lan aku kabéh bakal pracaya marang Kowé”. Nanging wong-wong kang liwat ing ceraké kayu Salib iku goroh. Wong-wong mau tetap ora bakal pracaya marang Panjenengané lan ora bakal nampa Panjenengané lan ora nampa anggoné karukunané iki. kaya apa seruné anggoné ngina, lan iku kang kudu disangga déning Sang Kristus, ngrungokaké wong-wong kang ndeleng kang kumandel marang panguwasa Panjenengané yén Panjenengané mudhun saka kayu salib! Tuntutan iki sing mesti asale saka si pengawak dursila, wis mbudidaya nyegah Gusti Yésus ngganepi pakaryan panebusan. Manawa Gusti Yésus pancen mudhun saka kayu salib, Panjenengané wis teluk marang rancangané Iblis, lan kanthi patrap mangkono ngrusak pakaryan panebusan kita lan patunggalan kita manéh karo gusti Allah.

Saka anggoné ngala-ala kang ditampa déning Gusti Yésus, katon yén wong iku kanthi cetha ngakoni kaanané Panjenengané minangka jejeré Putra Allah, wong-wong kang ana ing ngisor Salib Panjenengan ménéhi paseksen bab pangakoné Gusti Yésus yén Panjenengané iku manungsa kang sempurna lan Allah kang sempurna, dilairaké lan dudu diyasa, kagungan siji hakikat karo Sang Rama kasuwargan. Sing sapa wani lumawan paseksen kang banget cetha iki nuduhaké yén wong iku ora ngerti panguasa Sang Kristus kang banget nyata ing sajroné kabéh mukjzat Panjenengané. Uga, wong iku ora ngakoni pentingé katresnan lan sédané Sang Kristus sing sajroné tumindak ngrukunaké kita karo Gusti Allah. Luwih manéh, wong iku ora gelem ngerti kayektén Panjenengané lan kasunyatan bab anggoné wungu saka séda.

Wong-wong Yahudi ora pracaya yén Gusti Yésus iku putra Allah, lan uga ora duwé pangarep-arep yén Gusti Allah bakal nguwalaké Panjenengan kang disalib iku saka kayu salib Panjenengané. Nanging, wong-wong mau nyobani Gusti Allah piyambak supaya nylametaké Panjenengané kang kasiksa manawa Panjenengané pancen Putrané Allah. Kaya apa culikané si Iblis kang ngwisiki manungsa kanggo nyobani Sang Kristus supaya bisa ngejur rancangan panebusan kang wis dicawisaké wiwit kelanggengan.

Sawijining patrap poyok-poyok kanggo Sang Kristus yén Panjenengané disalibaké ing antara begal loro. Semangsa sugeng Panjenengané Panjenengané pinisah saka wong-wong dosa. Nanging ing sajroné séda Panjenengané. Panjenengané digayutaké karo wong ala kang nistha banget. Panjenengané didadekaké dosa kanggo kita lan maringaké atas sarira panjenengané memper karo daging kang dosa. Nalika séda Panjenengané Panjenengan kapetung ing antarané para begal. Panjenengan digayutané karo para begal, kanthi mengkono kita, nalika patiné kita, bakal dipetung ing antarané wong-wong suci lan nampani papan ing antarané wong-wong kang kapilih.

Katresnan Gusti Allah nuntun Gusti Yésus dhateng kayu salib. Panjenengané ora atindak mentingaké sarirané piyambak, lan Panjenengané ora mikir mung kanggo awaké sarirané Piyambak. Nanging, Panjenengané ngunderaken kawigaten marang wong akéh kang mrihatinaké kang lagi kesasar. Rawuhé Panjenengané saka suwarga, panguripan Panjenengané ing antara wong-wong dosa, lan kaélokan-kaélokan Panjenengané kebak karo katresnan lan anggoné nyingkur sarirané. Nanging Iblis ngréméhaké Gusti Yésus nalika Panjenengané agawé para pemimpin kang dikuwasani roh ala iku nguwuh, “wong liya Panjenengané diselametake; sarira Panjenengané piyambak ora bisa diselametaké Panjenengane”. Sang Kristus mesti bias nylametaké sarira Panjenengané piyambak, nanging awit Panjenengané nresnani kita, Panjenengané disalibake. Panjenengané nresnani wong-wong kang moyoki Panjenengané lan nyuwun supaya Rama Panjenengané ngapuré wong-wong mau. Panjenengané nresnani wong-wong mau kang moyoki Panjenengané lan nyuwun supaya Sang Rama ngapura wong-wong iku. wong akéh kang nyuwun Gusti Yésus mandhap saka Salib wis mbuka awaké wong-wong mau dhéwé marang pamisiké roh ala, awit ora ana keselametan kajaba lumantar Panjenengan kang kasalib. Awit saka iku, apa pikiran panenengan gegayutan anggoné disalib?

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula abungah-bungah awit Putra ontang-anting Paduka inggih menika katresnan ingkang suci. Panjenengané mboten teluk atas pancoban menapa kemawon, mboten mentingaken badan piyambak, utawi gadhah pangigit-igit dhumateng tiyang-tiyang ingkang moyoki Panjenengané. Panjenengané nebus kawula kanthi katresnan Panjenengané ingkang sabar ing kajeng salib. Paduka apunten dosa-dosa kawula, lan kalimputana kawula kanthi katresnan Paduka kanthi makaten kawula saget manunggal ing salebetipun nugraha Paduka. Paduka kiyataken kawula kanthi roh Putra Paduka lan paringana kawula nugraha kanggé nresnani wong-wong dosa lan nyucékaké asma Paduka ingkang suci lan Sang Kristus, ingkang nebus kawula satunggal-tunggalipun, ing salebetipun gesang ingkang leladi, sabar, lan kebak atur panuwun.

PITAKONAN

  1. Apa makna saka anggoné moyoki wong-wong Yahudi marang Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on September 23, 2023, at 10:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)