Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 262 (The Strange Events at Jesus' Death)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

28. Lelakon-Lelakon Anéh Nalika Sédané Gusti Yésus (Matéus 27:51-53)


MATÉUS 27:51-53
51 Ing kono gubahé Padalamean Suci suwék dadi loro wiwit saka ing dhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta gunung-gunung karang padha bengkah 52 apadené kuburan-kuburan padha menga, lan akéh wong suci kang wis padha mati, padha urip manéh. 53 Lan sakwisé Gusti Yésus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akéh.
(Pangentasan 26:31-33, 2 Babat 3:14).

Resiku saka sédané Sang Kristus terus katon. Gubahé utawa geberé pedaleman suci, kang ngadeg ing ngarep Papan Mahasuci, suwék dadi loro. Iki duwé makna kang penting banget. Prejanjian Lawas wis rampung, lan Prejanjian kang anyar wis diwiwiti. Dalan tumuju Gusti Allah kang MahaSuci wis binukak jembar kanthi sédané Sang Krisus kanggo wong-wong kang pracaya marang Panjenengané awit Gusti Allah wis dadi Ramané.

Gubah Pedalemen suci iku kanggo nutupi. Ora ana wong siji waé kajaba Imam Agung ndeleng pérangan njero saka Papan Mahasuci, lan dhéwéké uga mung bisa mlebu sepisan ing sajroné setahun. Anané upacara kang kudu ditindakaké lan uga pega kang mumbul nggambaraké pepeteng saka kahanan iku (2 Korinta 3:13). Saiki, nalika sédané Sang Kristus, kabéh ik kabukak. Wadi-waadi kang ana dibukaaké kanthi mengkono sapa waé bisa maca makna kang sabenere.

Nalika Sang Kristus masrahaké Roh Panjenengané nalika iku uga kasugengané Allah mlebu ing sajroné uripe wong-wong pracaya kang mursid saka Prejanjian Lawas. Wong-wong kang dibeneraké déning Rah Sang Krisus ora bakal mati nganti salawas-lawase. Pati kang disangga Sang Kristus iku owah-owahan kang gedhé dhéwé kang tau kelakon ing jagat iki. Sang Roh Allah manunggal ing sajroné badan kita nganti salawasé awit karukunan kang diparingaké Sang Kristus, lan kita bakal urip ing sajroné patunggalan kang langgeng karo Panjenengané. Kanthi séda ing kayu salib, Gusti Yésus Kristus wis nelukaké, ngrucat, lan nglumpuhaké pati. Wong-wong suci kang urip manéh yaiku pituwas kawitan saka kamenangan Salib Sang Kristus atas panguwasa pati. Sakwisé nyirakaké pawongan kang duwé panguwasa atas pati, Panjenengané ngganepi pangandikan Kitab Suci, “Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesané jagade wong mati: (Hosé 13:14)

Iman wiwit tuwuh ing sajroné uripe wong-wong dudu Yahudi kanthi mangkono wong-wong dudu Yahudi uga nyeksekaké babagan sipat keallahan Panjenengané kang sinalib iku. Wiwit wong-wong Yahudi kawitan pisan nampik katresnan Allah kang dadi manungsa, yutan manungsa wis mratobat marang Gusti Yésus lan diselametake. Apa kaluberané nugraha Gusti Allah iku wis tekan omah lan kutha panjenengan?

Panguwasa dosa wing kapungkasi. Paugeran Torét ora bisa nuntut marang kita awit kita wis mati karo Sang Kristus krana iman. Kita wis dimerdekakaké saka bebenduné Gusti Allah, utang dosa, lan rasa wedi babagan pati. Sang Kristus iku kang sinebut Sang Pemenang!. Panjenengané wis andadekaké kita kanca nyambut gawé ing sajroné kamimpangan Panjenengane! Panjenengané séda minangka gegentené kita lan nresnani kita nganti pungkasané malah nganti tumeka pati. Ana ngendi atur panuwun kita? Kepiyé kita leladi Sang Juru selamet? Kapan kita bakal nyaritakaké gegayutan lelakon kang penting dhéwé ing sajroné sejarah manungsa iku: Yaiku dina karukunan antarané kita karo Gusti Allah?

Sawetara wong kandha yén Sang Kristus ora bisa leladi minangka gegenten kita, awit ora ana siji pribadi waé kang wis dimomoti déning dosané dhéwé bisa nyangga momotan wong liya. Bener banget yén ana wong kang wis dimomoti déning dosané dhéwé ora bakal bisa nyangga dosa-dosa wong liya. Nanging, Sang Kristus, kang ora wanuh dosa, bisa dadi gegentené kanggo kabéh wong dosa, awit Panjenengané pancen ora duwé dosa. Awit saka iku, Sang Kristus kagungan hak nyangga momotan wong-wong liya. Kita memuji Panjenengané ngaturaké panuwun marang Panjenengané lan nampa saka Panjenengané patangen kita saka antarané wong mati, awit Panjenengané wis mbeneraké lan nyucékaké kita sawutuhé kanthi nugraha Panjenengané.

PANDONGA: Gusti Yésus, kawula ngluhuraken Paduka, awit séda Paduka sampun mbikak margi tumuju dhumateng Gusti Allah. Kawula gadhah hak sowan lan nyaket dhumateng Paduka ingkang Suci supados dipun beneraké kawula lumantar karukunan saking Paduka, lan kanggo ningali bilih Panjenengané kang suci sampun dadi Rama kawula ingkang kebak katresnan awit séda Paduka minangka gegentosan kanggé kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sawetawis tiyang-tiyang suci ingkang sampun pejah ing jaman Prejanjian Lawas wungu saking kuburipun nalika Paduka séda. Tiyang-tiyang suci kalawau ngatingalaken dhumateng tiyang kathah saking kuburipun nalika Paduka séda. Tiyang-tiyang suci menka ngatingalaken badanipun dhumateng tiyang kathah minangka bukti kamimampangan Paduka atas pati, dosa, iblis lan malah bebenduné Allah. Paduka kemawon panggesangan kawula lan satunggal-tunggalipun Juru selamet kawula. Kawula nyuwun tuntunan Paduka kanggé saget mituturi tiyang-tiyang ingkang taksih pejah ing salebetipun dosa-dosanipun lan mboten ningali kengkeran saking ingkang kabeneraken kanthi makaten tiyang-tiyang suci Prejanjian lami uga saget nampi gesang. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka mbika dhumateng tiyang-tiyang menika, uga mari tumuju dhumateng Paduka awit Paduka mbikak dhumateng tiyang-tiyang ugi, margi tumuju dhumateng Gusti Allah kang suci, demi rah Paduka ingkang aji menika. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé wong dosa ora bisa nyangga dosa-dosané wong liya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)