Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 205 (The Sixth Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

8. Pamada kang Kaping Enem (Matéus 23:25-26)


MATÉUS 23:25-26
25 Bilai kowé, heh para ahli Torét lan wong-wong Farisi, heh kowé wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabané mangka ing jeroné kebak isi rampasan lan kamurkan. 26 Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jeroné tuwung iku, jabané iya bakal dadi resik.
(Markus 7:4, 8; Yokanan 9:40, Titus 1:15).

Pakulinan wong-wong Farisi, ing ngomahé yaiku wisuh pérangan njaba piring lan gelas. Iku ora awit kanggo pawadan kesehatan, nanging kewajiban kang asipat agama; awit manawa ora, mula wong-wong mau bakal najis. Najis manawa lebu najis manungsa utawa kewan tiba ana ing papan mangané. Wong-wong Farisi luwih nggatekaké marang pratek karesikan kang asipat agama tinimbang apa wong-wong mau nggunakaké gelas colongan, utawa apa wong-wong mau wis dadi cemer awit laku jina. Nalika Gusti Yésus melehaké pakulinan iki, Panjenengané mbatalaké kabéh tumindak kang asipat agama panyucen mengkono iku. Panjenengané paring parintah wong-wong lamis supaya misuhi atiné saka kabéh kekarepan ala. Sebanjuré, sakwisé iku, wong-wong mau bisa wiwit ngresiki pérangan njabané uga. Karesikan jasmani ing pérangan njaba ora nuntun marang panyucen kanggo pikiran, lan sandhangan kang éndah ora bisa nyingidaké wong kang pikirané ala.

Kabéh anggoné reresik lan sesucén kang mung pérangan njawa waé, awit ora misuhi roh manungsa. Kabéh agama ngreti yén manungsa ora suci ing sajroné batin, lan mbutuhaké disucéni. Mung Rah Gusti Yésus kang bisa nyucékaké kita saka kabéh dosa. Sang Roh suci sebanjuré nyuceni manungsa kanthi mengkono sing sapa kang pracaya marang Sang Kristus bakal nemokaké ati kang anyar lan roh kang bener ing sajroné panguripané.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, Paduka nuntun abdi Paduka Dawud supados nguwuh ing salebetipun pramratobat, “Énggalaken manah kula, dhuh Allah lan teguhaken roh ing salebetipun badan kula”. Kawula mbangsuli pandonganipun Dawud lan ngakeni bilih mboten wonten pengajeng-ajeng kanggo kawula pikantuk kasucén kasuwargan kajawi lumantar rah Gusti Yésus Kristus lan dipun lahiraké malih ing Sang Roh Suci. Paduka paringi bangsa kawula, mliginipun tiyang-tiyang pitados, supapandonga saget saéstu-estu mratobat, lan mboten lega namun kanthi kayektén pribadinipun piyambak, nanging madosi anggen Paduka mbeneraken lan anggen Paduka paring panyucen ilahi. Paduka pitulungi sadaya tiyang ingkang mbudidaya nampeni manah ingkang suci supados saget manggihaken Gusti Yésus, ingkang sampun ngujudi kawilujengan kanggé sadaya manungsa.

PITAKONAN

  1. Apa ta kaluputané para ahli Torét lan wong-wong Farisi kang ngudokaké reresik gelas lan pirih luwih saka saprelune?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)