Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 204 (The Fifth Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

7. Pamada Kang Kaping Lima (Matéus 23:23-24)


MATÉUS 23:23-24
23 Bilai kowé, heh para ahli Torét lan para wong Farisi, heh wong-wong lamis jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten bae kokbayar prasapuluhané nanging kang wigati dhéwé tumrap angger-anggering Torét koklirwakaké, yaiku: kaadilan, kawelasan lan katemenan. Sing siji kudu ditindakaké, sijina aja dilirwakake. 24 Heh, kowé, panuntun-panuntun kang picak, lemudkokjupuk saka ing omben-omenmu, nanging unta kokundal.
(Imamat 27:30, Mikha 6:8, Lukas 18:12).

Kita sumendhé marang duwit, sumendhé tanah omah lan kasugihan minangka jaminan kaayeman. Kita uga kepéngin njaga papan kita ing Suwarga, awit saka iku kita ngorbanaké bandha kita lan rumangsa seneng ing sajroné ati kita. Kita mbudidaya, kanthi cara kita, ménéhi korban lan mbayar regené kaselametan kita nganggo dhuwit lan kalungguhan.

Wong-wong Farisi dikuwasani déning pepinginan njejegaké kayektén kanthi angladhesi marang panggawéné dhéwé. Awit saka iku wong-wong mau tetep ménéhi sakprasepuluh atas sakabéhe, kalebu godhong mardinahe. Wong-wong mau nindakaké kabéh mau kanggo tuku supaya dibeneraké Gusti Allah, kaya-kaya Panjenengané iku dedagangan.

Nanging Sang Kristus ora njaluk kita ménéhi sakprasepuluh, nanging nuntun kita supaya ngujudaké kayektén, nuduhaké sih rahmat, lan nerusaké panguripan iman. Iman kang korban marga katresnan iku ibadah kang ditampa déning Gusti Allah. Sing sapa mung ménéhi sakprasepuluhan nganut Paugeran Nabi Musa. Sing sapa nyuceni awaké, wektuné lan dhuwita nganut Sang Kristus lan Roh Panjenengané.

Gusti Yésus nimbali para ahli hukum kang mbeneraké awaké dhéwé iku dadi “wuta” ing sajroné sambung rapet karo kasunyatan lan kayektén. Wong-wong mau ora wanuh lan ora ndeleng dalan Gusti Allah kang sabenere. Nanging, wong-wong mau ngaku yén dhéwéké nuntun wong-wong liya menyang swarga. Nanging wong-wong mau mentingaké prekara-prekara kang cilik, sawetara ora mreduli marang kwajiban kang gedhé. Sang Kristus nggunakaké pasemon kang banget ndudut ati ing sajroné Lukas kanggo nuduhaké marang para kang mirengaké Panjenengané yén sawetara para ahli hukum iku banget déning teliti ing sajroning njléntréhaké gegayutan paugeran, wong-wong mau sabeneré ora mreduli dhawuh kang penting dhéwé, kaya ta: tresnani Gusti Allah, pamratobat kang tulus, leladi marang wong kang mlarat lan kang mbutuhaké, nganyaraké awak, lan nampa Sang Kristus kanthi pujian lan atur panuwun. Wong-wong mau meksa bangsané supaya nindakaké tanggung jawab kang banget ngebot-eboti, nanging wong-wong mau ora maélu pangapura déning rahmat lan keselametan lumantar katresnan saka Gusti Allah. Wong-wong mau ora ngerti kayangapa tememené dosa-dosa ka ta lelamisan, laku jina, gumunggung, rakus, sumpah palsu, pegatan sembarangan, lan pangigit-igit. Yaiki sebabé Sang Kristus ngandika yén wong-wong mau wong lamis lan dadi wong kang nuntun nanging wuta.

Banget becik kanggo ndadar awaké dhéwé kanthi mengkono kita bisa ngreti dosa-dosa kita dikaya Gusti Allah anggoné mirsani. Nalika kita cepet kadudut ati kita marang kaluputan wong-wong liya lan nyilikaké dosa-dosa kita dhéwé, rak kita uga wong-wong kang wuta lan wong-wong lamis kang gumunggung?

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka mratélakaken kawontenan golongan legalis lan awon, lan mratélakaken kawontenanipun kang sayektosaipun. Paduka apunten kawula manawi kawula wuta dhumateng dosa-dosa kawula piyambak, kadosdené tiyang-tiyang kalawau. Kawula nyuwun dhumateng Paduka, Gusti, supados mratélakaken sadaya lelamisan ingkang siningitan ing salebetipun badan kawula. Paduka damel kawula andhap asor ing ngarsa kasucén Paduka kanthi makaten kawula saget wanuh katresnan Paduka ingkang ageng. Kawula ndedonga supados sadaya tiyang ingkang ngupados kayektosan ing antawisipun bangsa kawula supados sedhérék-sedhérék kalawau saget mbukak manah kanggé ningali badanipun piyambak kados dené Paduka mirsani tiyang-tiyang kalawau, lan nampi sang Kristus minangka juru wilujengipun lan nampi kawilujengan kang nglaha tanpa mbayar.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé dené wong-wong kang ngrasuk agama lan pra guru iku wuta babagan kahanané awaké dhéwé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:35 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)