Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 206 (The Seventh Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

9. Pamada kang Kaping Pitu (Matéus 23:27-28)


MATÉUS 23:27-28
27 Bilai kowé, heh para ahli Torét lan wong-wong Farisi, heh, wong-wong lamis sabab kowé iku padha kaya kuburan, sing dilabur putih; jabané pancen katon resik, nanging ing jeroné kebak isi balung jrangkong lan rereged warna-warna. 28 Samono uga kowé, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.

Wong-wong Yahudi duwé anggepan layon iku najis, lan sing sapa ndemek layon mau, senajana ora sengaja, kudu nindakaké upacara agama kang dawa lan ngeselaké supaya bisa dadi suci manéh. Wis dadi tanggung jawabe wong-wong Yahudi kanggo nglabur kuburan ing sakiwa tengené Yerusalém nganggo watu putih resik kanthi mengkono wong-wong jiarah bisa nyingkiri kubur mau awit bisa uga kudu nganakaké kewajiban upacara agama awit cemer awit saka nyenggol kuburan.

Gusti Yésus nyethakaké marang wong-wong lamis ing jaman panjenegané yén wong-wong mau dhéwé, katon kaya kubur kang dilabur putih iku. Saka njaba wong-wong mau katon resik lan padhang, nanging ing sajroné wong-wogn mau kebak karo pati lan cecemeran. Kabéh kahanan najis ana ing sajroné panguripané. Wong-wong mau eling babagan dosa-dosané nanging atindak kaya-kaya wong-wogn mau becik. Wong-wong mau terus ing sajroné tindak piala lan dosa senajané wis ngakoni kayektén. Sang Kristus ngarani wong-wong lamis iku kaya kuburan kang bosok, lan tembung-tembun kang mengkono dianggep banget ngréméhaké ing jaman iku. Kanthi keras, Gusti Yésus mbididaya kanggo ngerog para pinituwa bangsa Panjenengané supaya para pinituwa ora ngendelaké kayekténé dhéwé kanthi mengkono para pinituwa mau ngerti kahanan atiné dhéwé. Nanging wongwong mau ora mrataobat awit keyakinané dhéwé marakaké wong-wong mau dadi wuta antarané siji lan liyané. Kita aja nganti ngadhili wong-wong mau, nanging malah, kita nyuwun Gusti Allah supaya nyucékaké kita saka cemer ing sajroné ati kita.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka kemawon Ingkang Suci. Paduka wanuh sadaya tumindak kawula, tembung lan ugi kekajengan kawula. Paduka ningali manah lan batin kawula. Paduka apunten kula atas samukawis cemer kula lan Paduka sucékaké kula kanthi rah Paduka ingkang suci, uga Paduka limputi kula kanthi Sang Roh Suci Paduka. Paduka tulingi kawula supados kula mboten lelamisan dados tiyang leres, lan ngakeni yén Paduka kemawon kayektosan kawula. Kekuwatan, karingkihan lan sadaya gesang kula mboten leres kajawa ing salebetipun Paduka lan lumantar Paduka. Paduka kemawon gesang langgeng ing salebetipun panggesangan kula. Matur nuwun atas hak langkung-langkung ingkang dipun paringaké dhumateng kula.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé “kuburan kang dilabur putih: gegayutan karo wong-wong kang ngrasuk agama?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)