Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 177 (Persecuted for Christ’s Sake)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

7. Pituwas Kanggo Wong-Wong Kang Dikaniaya Awit Sang Kristus (Matéus 19:27-30)


MATÉUS 19:27-30
27 Petrus tumuli mangsuli, unjuke: “Kawula sadaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndhérék Paduka; ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa?” 28 Pangandikané Gusti Yésus: “Satemené pituturKu marang kowé, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampr kamulyan, kowé kang wis padha ndhérék Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israél rolas. 29 Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, saduluré lanang utawa wadon, bapa – biyunge, anak-anaké apadené palemahané iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng. 30 Ananging akéh pangarep-arepe kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep.”
(Matéus 4:20-22, Markus 10:28-31, Lukas 18:28-30, 1 Korintus 6:2, Wahyu 3:21).

Manungsa direwangi rekasa supaya entuk pituwas. Arang ana wong kang leladi wong liya kanthi sukarila. Nanging wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus ora golék pituwasé saka Gusti Allah luwih dhisik, nanging leladi panjenengané kanthi atur panuwun lan pepujian, awit Panjenengané iku wis kanthi legawa maringaké sarira Panjenengané marang kita lan amberkahi kita sadurung kita ngrumangsani. Kita mung perlu leladi Panjenengané ngaturaké panuwun marang Panjenengané lan masrahaké awak kita marang Panjenengané ngluhuraké sih rahmat Panjenengané kang luhur. Kita kabéh diparingi rahmat lan kalimpahi kasugihan sih rahmat Panjenengané. Gusti ngandika marang Abraham, “Sira aja wedi Abraham, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih déning gedhé”(Purwaning Dumadi 15:1).

Petrus nggunaké wewengan nyuwun pirsa babagan apa kang bakal ditampa awit anggoné ndhérék Gusti Yésus. para rasul, beda karo nom-noman kang sugih, wis ninggalaké sakabéhé terus ndhérék Gusti Yésus. Nanging ana bedane! Senajana “sakabéhe” nanging kang ditinggalaké mung sethithik uga. Salah siji saka para murid pancen ninggalaké pagawéan dadi juru mupu beya nanging Petrus lan murid-murid liyané mung ninggalaké perahu lan jala, lan piranti golék iwak. Nanging gatekaké ing kené saka cara Petrus matur kaya-kaya wong-wong iku wis ninggalaké akéh prekara, “Kawula sadaya sampun sasmi nilar samukawis”.

Kita uga ana ing sajroné bebaya nggedhék-nggedhékaké angon kita leladi lan panandhang kita, biaya lan kelangan kita, kunjuk Sang Kristus, lan malah duwé pikiran Panjenengané wis utang marang kita. Sang Kristus ora ngelingaké para rasul nalika iku. Sinadya mung sethithik kang ditinggalaké, nanging yaik kabéh kang diduwéki, kaya loro keping dhuwit saka randha kang mlarat, lan apa kang diduwéki uga kang paling disenengi padha karo manawa wong-wong ningalaké akéh prekara. Awit saka iku Sang Kristus ngajeni yén para murid wis ninggalaké sakabéhé kanggo ndhérék panjenengané awit Panjenengané ngakoni apa kang dadi duwéké manungsa.

Sing sapa ndhérék Sang Kristus lan nyawisaké awaké ninggalaké kabéh kunjuk Panjenengané lan nandhang kanggo Panjenengané manggul Salibe awit nresnani Panjenengané bakal melu cawe-cawe ing sajroné kelairan anyar saka Kratoné Allah kang bakal teka. Sebanjuré kaluhuran saka kelairan kasukman iku katon. Sang Kristus bakal lenggah ing dhampar kaluhuran Panjenengané dirubung rolas murid Panjenengané kang ditampik déning bangsa –bangsa. Para murid iku wong-wong kang bakal melu cawe-cawe ing sajroné ngadhili rolas taler nganggo paseksené lan pengalaman kasukmané. Sang Kristus bakal mundhut para murid kang ora tau sekolah, wong-wong lugu kang ditresnani dadi kanca makarya ing sajroné kawicaksanan lan pengadilan Panjenengané awit para murid kang sawutuhé cemawis kanggo mbangun turut marang Panjenengané.

Kelangan bandha donya kang dadi darbeké iku kuduné dumadi kunjuk Sang Kristus; manawa ora, Panjenengané ora bakal ngganti. Akéh wong kang ninggalaké sedulur, bojo, lan anak-anaké tanpa jalaran “..kaya manuk kang mabur ninggal susuhe” (Wulang bebasan 27:8). Iki patrap ora tanggung jawab kang dosa. Nanging manawa kita ninggalaké kunjuk kepentingan Sang Kristus, iku dudu awit kita ora maélu marang wong-wong iku, nanging awit kita ora gelem nyepelekaké anggoné leladi marang Gusti Allah kang kudu kita tindakake. Kekarepan kita yaiku akeblat gusti Yésus lan nindakaké apa kang dadi karsané lan ndeleng kaluhuran Panjenengané. Ya mengkené iki bakal digenti. Dadi dudu panandhange, nanging tujuwané kang katon anané pati marga iman lan seksi kunjuk Sang Kristus.

Pituwas kasukman iku peparing lumantar nugraha. Kita ora duwé hak sowan marang Gusti Allah lan golék pituwas awit kita kabéh iku wong dosa lan pantes nampani paukuman. Kita ora duwé hak kanggo ngadhili wong-wong liya, manawa kita ora nyingkur awak kita dhéwé kabawah tuntunan sang Roh Suci kang ngalahaké kekarepané daging kita, ngelingaké kita babagan dosa-dosa kita, lan nguwataké kita ing sajroné panguripan iman kita.

Sang Roh panglipur iki bakal nuntun kita marang pandadaran kita ing ngarsané Hakim kang langgeng iku, lan njangkung supaya kita tetap cerak marang Panjenengané kanthi mengkono kit ora bakal ngedoh saka pepadhang kasucén kaluhuran Panjenengané nanging bakal terus sujud ing ngarsa Panjenengané karo matur, “Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih. 22 Nanging bapakné prentah marang batur-bature: Énggal jupukna jubah kang apik dhéwé, nuli enggokna, drijiné enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile. 23 banjur njupuka pedeht sing lemu, belehen. Ayo padha mangan lan seneng-seneng. 24 Sabab anakku iki wis mati, urip manéh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.” (Lukas 15:21-24). Uga patunggalan wong-wong kang pracaya marang Panjenengané ing jagat iki dumadi awit paringan nugraha Panjenengané awit katresnan tukul minangka pangorbanan saka wong-wong kang dianiaya awit saka kayektén sang Kristus. Gusti Yésus yasa omah anyar kanggo wong-wong mau lan uga kanggo keluwarga kasukman. Kabéh wong kristen dadi sedulur lan Roh Suci manunggalaké kabéh wong senajana wong-wong iku beda basa lan kahanan sosiale. Tulung kabéh wong kang lagi nandhang karupekan kunjuk Sang Kristus, wong-wong kang cekelan iman marang karsané Allah, lan wong-wong kang leladi, wong-wong kang ana ing sajroné karupekan lan katindhes, tindakna kaya-kaya kita lagi leladi Gusti piyambak.

Sang Kristus nuduhaké marang para murid Panjenengané yén wong-wong pracaya kuduné ora mburu pituwas utawa upah kang katon kanggo anggoné leladi. Sang Kristus nimbali kabéh wong supaya melu cawe-cawe ana pelayanan Panjenengané lan Panjenengané maringi urip langgeng marang kabéh wong kang nanggapi kang dadi timbalan Panjenengané. Apa ta urip langgeng iku? Urip langgeng yaiku panguripan kang asipat ilahi. Gusti Allah kang Suci bakal maringi panjenengan Sang Roh Suci minangka panguripan Panjenengané manawa panjenengan masrahaké jiwa, pikiran lan badan panjenengan kango pelayanan Panjenengané.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, Paduka apunten kawula awit mburu putuwas kawula, awit Paduka sasmpun maringi Putra Paduka, Roh Paduka, lan sarira Paduka piyambak dhumateng kawula. Paduka wucal kawula supados nresnani Paduka, ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, masrahaké badan dhumateng Paduka, lan dana weweng barangp-barang ingkang Paduka pitayakaken dhumateng kawula dhumateng saday atiyang ingkang sampun kanganiaya krana asma Paduka. Jangkung kawula ing salebetipun nugraha Paduka kanthi makaten kawula saget ndhérék cawe-cawe ing salebetipun gesang énggal ingkang badhé dumugi ing wekdal Paduka rawuh mbenjang.

PITAKONAN

  1. Apa ta prasetya luwih-luwih Gusti Yésus marang para murid Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)