Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 178 (Equal Wages)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

8. Pituwas Kang Rata Kanggo Kang Nyambut Gawé (Matéus 20:1-16)


MATÉUS 20:1-16
1 “Anadené Kratoning Swarga iku kena diupamanaké wong kang ing wanci esuk umun-umun metu golék wong buruh kanggo keboné anggur. 2 Bareng wis padha sarujuké opahé nyadinar sadina, banjur padha dikon menyang ing keboné. 3 Kira-kira jam sanga dhéwéké metu manéh nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar. 4 Calathuné marang wong-wong mau: Kowé iya padha menyanga ing pakebonanku anggur, mengko bakal dakwenehi pituwas sapantes. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat. 5 Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu manéh lan iya nindakaké kaya ing ngarep mau. 6 Watara jam lima soré iya metu manéh sarta weruh manéh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakono: Yagené kowé padha nganggur bae ana ing kené sadina muput? 7 Wangsulané wong-wong, mau: Awit boten wonten tiyang ingkang mberahaken dhateng kula. Iku tumuli dipituturi: Kowé iya padha menyanga kebonku anggur. 8 Bareng wis surup sing duwé pakebonan kandha karo mandhore: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wenehana buruhané wiwit sing mlebu keri dhéwé nganti tekan sing mlebu dhisik dhéwé. 9 Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawé padha teka, lan diopahi nyadinar. 10 Sakwisé iku kang mlebuné esuk dhéwé padha mara, pangirané bakal tampa opah luwih akéh, nanging jebul iya tampa nyadinar. 11 Nalika padha nampani opahe, padha ngumel-umeli kang duwé pakebonan. 12 Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran. 13 nanging kang duwé pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowé. Kowé karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina? 14 Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku ménéhi wong kang mlebu keri dhéwé padha karo kowé. 15 Apa aku ora wenang nganggo duwék-duwékku dhéwé sakarepku? Apa kowé meri, dené aku kok loma? 16 Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi.”
(Roma 9:16, 21)

Pasemon iki arep nuduhaké marang kita wadi pituwas lan ganjaran saka kraton Gusti Yésus kang bakal teka. Gusti Yésus wis ngandika ing pérangan panutup saka pasal saduruneg yén “Wong kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang bakal dadi pangarep bakal dadi pamburi”. Kayektén iku, kang katoné lelawanan, mbutuhaké katarangan kang luwih cetha.

Ora ana kengkeran kang luwih gedhé tinimbang karo anggoné wong nampik saka wong-wong Yahudi lan timbalan marang wong-wong dudu Yahudi. Para rasul ngakoni yén wong-wong dudu Yahudi bakal dadi kanca ahli waris. Ora ana kang luwih ngruntikaké rerasané wong Yahudi tinimbang karo prekara iki. Lan iki kang katoné dadi watonan kang ditegasaké ing sajroné pasemon iku, supaya nuduhaké yén wong-wong Yahudi bakal dadi kang kawitan ditimbali mlebu ing sajroné kebon anggur, lan akéh ing antarané kang bakal nanggapi timbalan iku. Pungkasané Injil diwartakaké uga marang wong-wong dudu Yahudi, lan wong-wong iku uga bakal nampani lan entuk hak luwih-luwih lan kabejan kang saksuwéné iki diduwéni wong Yahudi. Gagasan yén wong dudu Yahudi uga bakal nampa hak kang padha, sawijining prekara kang banget angel dimangérténi lan ditampa déning sapérangan gedhé wong Yahudi.

Sang Kristus mratélakaké panandhang lan anggoné bakal séda marang para murid Panjenengané. Panjenengané nyethakaké marang para murid, nalika iku uga, Panjenengané yén Panjenengané iku Gusti kang bakal wungu saka séda, lan nglenggahi pemerintahan ing rawuhé kang kapindho. Panjenengané bakal mratélakaké kaluhuran Panjenengané kang katon kanggo kabéh manungsa, nggawa kraton tentremE ing jagat iki, lan nganyaraké kabéh prekara kanthi panguwasa Katresnan Panjenengané. Kraton Ilahi iki bakal dikendhaleni déning watonan-watonan kang banget agung ing sajroné gegayutané karo ganjaran lan hak kang beda karo apa kang saiki ana ing donya. Ing donga iki kita nampa pituwas alandhesan pegawéan kita, kabisan lan wektu kita. Nanging ing Suwarga, kabéh wong kang dadi putra nampa prekara kang padha manawa wong-wong iku wis cemawis nampani timbalan Gusti Allah kanggo mlebu ing sajroné leladi ing sajroné kraton Panjenengané. Timbalan Gusti Allah ngluwihi kabéh alesan ing sajroné pikiran kita, awit hak kang ana ing kita iku nugraha Allah lan diparingaké kanggo leladi Panjenengané ing sajroné tujuwan Panjenengané. Leladi Panjenengané iku bungah lan yaiku pituwas kita. Sowané kita ing ngarsa Panjenengané yaiku ganjaran kang cukup kanggo kita.

Gusti Allah iku bendara omah kang Agung, kang marang Panjenengané kita manembah lan kita iku kagungané Panjenengané. Minangka bendara omah kang Agung, Panjenengané kagungan pegawéan kang kudu dirampungaké lan para abdi kang kudu ngrampungaké pegawéan iku. Gusti Allah maringi pituwas wong kang nyambut gawé ora awit Panjenengané mbutuhaké, nanging Panjenengané ngongkon nyambut gawé wong-wong mau awit rasa welas, nylametaké wong-wong iku saka anggoné nganggur lan mlarat.

Nanging pikiran manungsa malah nemokaké kahanan kang ora adil ing babagan apa kang wis ditata déning Gusti. Kita bisa uga duwé pikiran yén wong kang wis pracaya, leladi, sengsara kunjuk Sang Kristus, ndedonga lan pasa iku wong kang wis nyingkur awaké dhéwé luwih akéh tinimbang karo wong liyané lan prelu entuk bayaran kang luwih becik utawa derajat kang luwih dhuwur tinimbang wong – wong liyané. Wong-wong mau wis korban dhuwit, ngaturaké pisusung akéh leladi wong kang lara kanthi rekasa, lan nyeksekaké asma Gusti Yésus ing tengahing bebaya, bisa uga duwé pikiran yén jenengé kuduné diangkat ing pucuk kasuwargan. Nanging Gusti Yésus ngrubah kabéh petungan manungsa gegayutan karo putuwas lan ganjaran iku. Gagasan babagan bakal diutamaké, ora ana ing Suwarga, awit kita kabéh iki wong dosa kang ora pantes mlebu ing sajroné patunggalan karo Gusti Allah. Timbalan Gusti ing sajroné pelayanan Panjenengané mung sih rahmat lan hak luwih-luwih kang diparingaké atas landhesan anggoné nyucékaké waé. Ora ana wong siji waé kang pantes leladi Gusti Allah. Nanging Gusti Yésus mbeneraké wong-wong ala kanthi mengkono Kang Maha Suci iku bakal diluhuraké lumantar pamratobate lan laku jantrané kang becik. Awit saka iku kita nampa sih rahmat Panjenengané minangka keslametan lan patunggalan karo Gusti Allah, Rama kita, ora susah kudu mbayar. Panjenengané iku pituwas kanggo kita.

Kaya lumrahe, wong-wong kang nyambut gawé iku ditimbali lan dibayar ing sorené. Wayah soré iku wektuné etung-etungan. Juru bayar kudu digatekaké ing wayah soré dina panguripan kita, awit sakwisé mati bakal tekané pengadilan.

Wong Yahudi duwé pikiran yén padha duwé hak luwih-luwih tinimbang karo wong-wong dudu Yahudi kang dianggep najis, awit Kitab suci dipratélakaké marang wong Yahudi 1350 tahun sadurungé rawuhé Sang Kristus. Wong Yahudi nandhang sengsara awit prejanjiané karo Gusti Allah lan duwé pengarep-arep anané berkah mligi, kaluberan lan kinurmatan ing antarané bangsa-bangsa. Nanging wong Yahudi malah nampa kahanan dijajah tanpa kawelasi lan karemehake. Kang dadi akibate wong Yahudi gething banget karo Gusti Yésus, nalika Panjenengané mbatalaké hak luwih-luwihé lan ngancam yén wong Yahudi bakal dadi kang pamburi manawa wong Yahudi terus nerusaké anggoné gumunggung lan ora gelem mratobat. Lan pancen bener yén akéh banget wong-wong pilihan saka ing antarané wong dudu Yahudi kang mlebu ing sajroné pelayanan Gusti lan masrahaké panguripané marang Raja kabéh Raja iku, sawetara sapérangan gedhé putra-putra rama Abraham malah ana kang ora mbangun turut lan nampik manembah Sang Penebus jagat iki.

Nanging, kita wong-wong kang pracaya aja nganti ngréméhaké sapa waé saka ing antarané putra Abraham iku, awit iman kita sabenerré dudu darbek kita, nanging kita nampani iman iku awit saka sih rahmat ing sajroné pepérangan kasukman kita. Sing sapa nganggep awaké kuwat, kuduné wong iku jaga-jaga supaya aja nganti tiba. Kita ora mbangun pengarep-arep kita atas landhesan pegawaéan, nanging atas landesan salib. Kita mung abdi kang ora ana gunané kang durung karampungaké apa kang kuduné kita rampungake.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula mbangun turut ing ngarsa Paduka, lan masrahaken panggesangan kawula dhumateng Paduka, awit putra Paduka sampun nimbali kawula supados leladi ing pakebonan anggur Paduka. Kawula mboten pantes manembah Paduka. Maturnuwun awit Paduka mboten paring paukuman dhumateng kawula atas dosa-dosa kawula. Kawula nresnani Paduka lan nyuwun supados Paduka nuntun kawula kanthi makaten kawula saget setya ing salebetipun peladosan lan tansah mbudidaya. Paduka paring pitulungan dhumateng kawula supados nimbali kathah mitra kawula ing salebetipun peladosan kunjuk Kraton Paduka kanthi makaten para mitra menika saget ndhérék cawe-cawe ing salebetipun ngluhuraken asma Paduka ingkang suci.

PITAKONAN

  1. Apa ta wadi saka pituwas kang diparingaké déning Sang Kristus iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)