Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 176 (Can a Rich Man Enter Heaven)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

6. Apa bisa Wong sugih Mlebu Suwarga? (Matéus 19:23-26)


MATÉUS 19:23-26
23 Gusti Yésus tumuli ngandika marang para sakabate: “Satemené pituturKu marang kowé, yén wong sugih iku angel banget bisané lumebgu ing Kratoning Swarga. 24 Sapsian engkas pituturKu marang kowé, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih ing Kratoning Allah. 25 para sakabate bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha banget anglesing atiné sarta padha ngunandika: “Yen mangkono iku sapa ta sing bisa oleh karahayon?” Gusti Yésus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika: “Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kaeh bisa kalakon”.
(Ayub 42:2)

Kasugihan ing sajroné Prejanjian Lawas dianggep dadi berkah kang unggul saka Gusti Allah. Deduwékan atas kasugihan dianggep dadi bukti kaselarasan gegayutané karo karsané Gusti Allah, sawetara yén mlarat iku ateges kaipat-ipati lan ditampik.Gusti Yésus sawutuhé nampik watonan iki, kanthi nuduhaké yén kasugihan asring gegayutan karo dosa, kanthi nimbang kasunyatan wong-wong sugih ora luwih dosa tinimbang karo wong-wong mlarat kang mburu kasugihan. Wong-wong kabéh padha-padha mbutuhaken Sang Penebus lan keselametan saka Panjenengané. Panjenengané andadekaké katresnan minangka landhesan kanggo prejajian Panjenengané kang anyar lan dudu andadekaké kasugihan barang minangka landhesan kanggo kamursidan. Gusti Yésus nuntun manungsa supaya ngaturaké korban kunjuk Gusti Allah, lan nuntun para pandhérék Panjenengané ngaturi pisungsung saka kaluberané marang wong-wong kang mbutuhaké kanthi wicaksana. Sing sapa nresnani awaké lan cekelan kenceng marang raja branané lan ora nresnani wong-wong kang mbutuhaké, dianggep minangka wong kang miskin ing sajroné atiné. Nanging katresnan Allah lan pangorbanan Sang Kristus nguwalaké panjenengan saka rasa kuwatir, meri, kanepson kanthi mengkono panjenengan bisa urip sawutuhé kunjuk Gusti Yésus Kristus.

Aja urip kanggo awaké dhéwé, nanging uripa kunjuk gusti Allah lan kanggo wong-wong kang dikersakaké Gusti Allah tumrap panjenengan. Sing sapa cekelan marang dhuwite lan mbangun mangsa tembené atas landhesan dhuwit iku wong kang bodo lan ora mreduli katresnan Gusti Allah, awit ora ana wong bisa ngabdi marang Gusti Allah lan marang mammon pisan. Panjenengan ora bakal luwih becik saka wong kang manembah brahala manawa panjenengan mung duwé pikiran gegayutan kabecikan awak panjenengan dhéwé. Pitakonan iki kalebu uga pakaryan panjenengan ing mangsa tembe, bayaran, kasarasan lan kahanan urip panjenengan. Kaya kang manembah brahala , panjenengan bisa waé ora bisa ndeleng rahmat, kabecikan lan katresnan Allah. Kepiyé bisané panjenengan ora manembah Panjenengané atas kabéh peparing kang becik kang diparingaké Panjenengané marang Panjenengan? Atur panuwun panjenengan kuduné ambanyu mili saka ing sajroné ati panjenengan manawa panjenengan nresnani Sang Rama kasuwagan panjenengan kanthi gumulonging ati lan pracaya marang Panjenengané waé.

Gusti Yésus ngandikan babagan sawijining lawang gapura cilik ing pinggi lawang gapura gedhé ing tembok kutha, kang disebut “bolongan dom”. Gapura cilik iki dijarké tinarbuka ing wayah bengi, awit bolongané cendhek lan mung cukup kanggo mlebu wong siji lan iku kudu karo ndungklukaké awaké nganti tekan lemah. Mengkono uga karo kabéh wong kang sugih dhuwit, rahmat, panguwasa lan wektu. Kepiyé wong kang mengkono bisa mlebu ing sajroné gapura kang ciyut mau? Manawa panjenengan ora rumangsa ajur, andhap asor, andhap asor, mula panjenengan bakal bisa mlebu ing kana.

Gusti Yésus tetap ing sajroné kahanan miskin, andhap asor lan sedherhana sasuwéné Panjenengané ing jagat iki. Manawa panjenengan ngidinaké, Sang Roh Suci bakal ngrusak rasa tresna lan pepinginan panjenengan babagan kasugihan lan nguwalaké panjenengan saka kaculikan bandha donya nalika panjenengan urip ing sajroné pangorbanan kang tanpa mbayar saka Gusti Yésus. Manawa ora mengkono, mula pikiran lan panguripan panjenengan bakal tansah digeret déning brahala lan mamon. Gusti Allah ngersakaké panjenengan ngrubah pikiran panjenengan saka apa kang asipat bandha lan mentingaké awaké marang apa kang asipat kasukman lan pangorbanan. Iki bakal dumadi manawa panjenengan kanthi rila ndhérék Sang Kristus.

PANDONGA: Dhuh Rama, Paduka uwalaké kula saka raja brana jagat menika. Paduka wucal kawula supados sawetahipun prasetya kunjuk putra Paduka. Paduka uwalaken kawula saking prasetya babagan jagat menika, lan wucal kawula supados korban lumantar iman dhumateng pangorbanan putra Paduka ingkang maringi gesang Panjenenganipun kanggé kawula. Paduka nresnani kawula, dados paringi kasagetan kawula supados nresnani Paduka uga lan nresnani tiyang-tiyang ingkang mbetahaken ingkang gegayutan kaliyan kawula kanthi kawula saget ngginakaké sih rahmat ingkang wonten ing kawula kanggé ngluhuraken asma Paduka ingkang kebak rahmat.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé meh mokal kanggoné wong sugih mlebu ing Kratoning Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 07:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)