Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 171 (Order of True Marriage)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

1. Dhawuh Bab Bebrayatan Kang Bener (Matéus 19:1-6)


MATÉUS 19:1-6
1 Bareng Gusti Yésus wis mungkasi piwulangé mau banjur tindak saka ing Galilea menyang ing tlatahé tanah Yudea ing sabrangé bengawan Yardén. 2 Akéh wong kang padha gumrudug ndhérékaké, nuli padha diwarasaké ana ing kono. 3 tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsané sumedhya nyoba Panjenengané ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhenga sabab?” 4 paring wangsulané Gusti Yésus: “Apa kowé ora maca, yén kang nitahaké manungsa iku wiwit sakawit anggoné ndadekaké wis arupa lanang lan wadon? 5 Lan pangandikane: Mulané wong lanang iku kudu ninggal bapa biyungé sarta banjur manunggal karo rabiné temah loro-loroné dadi daging siji. 6 Mulané wis mari dadi loro, mung siji. Awit saka iku apa kang wus katunggalaké déning Allah, ora kena kapisah déning manungsa”.
(Purwaning Dumadi 1:27, Markus 10:1-12, 1 Korinta 7:10-11).

Sakwisé ngrembuk babagan gumunggung lan pasulayan ing sajroné gereja, Gusti Yésus ngandika babagan bebrayatan. Kanggo kita wong-wong Kristen, bebrayatan iku sumber saka berkah kang tansah ambanyu mili manawa kang lanang lang kang wadon ana ing sajroné sang Kristus. Sing lanang lan sing wadon Kristen mlebu ign sajroné bebrayatan manut karo dhawuh Allah, ora kanggo golék kauntungan dhuwit, utawa pangaji, utawa ayuné rupa utawa kasenengan, utawa kanggo madhakaké awaké karo kahanané sedulur-sedulure. Nanging wong loro mau mangun sawijining kamanunggalan ing sajroné pitulungan Sang Roh Suci lan bisa ndedonga bareng. Sebanjuré wong loro mau bisa urip bebarengan ing sajroné binerkahan kaya-kya wong loro mau ana ing suwarga, awit sih Allah nanggpi marang wong loro mau lan paring berkah akéh.

Gusti Allah ora ngrancang anané duwé bojo luwih saka siji utawa poligami ing wujud apa waé nanging nitahaké siji wong wadon kanggo wong lanang siji. Duwé bojo siji (monogami) nggambaraké nyawijiné ati. Banget mokal ngedum katresnan dadi pérangan-pérangan kang cilik. Ora bakal tau ana keselarasan utawa katentreman manawa wong lanang nresnani lan bebrayatan karo wong wadon luwih kang siji.

Kita nyawang ing sajroné wong kang dadi mitrané Gusti Allah, Rama Abraham, conto saka panguripan kang ora binerkahan nalika Rama Abraham bebrayatan karo wanita liya dadi sisihan kang nomor loro tambahan kanggo sisihané kang kawitan. Pangigit-igit, kaculikan, panandhang, lan tetesing tambahing eluh minangka akibat saka prekara iku.

Senajan Paugeran Nabi Musa pancen ngidinaké pegatan awit jalaran kang bener, ana kang ndeleng anané lelawanan ing antarané wong-wong Farisi. Wong-wong Farisi kepéngin ngreti apa katarangan Sang Kristus gegayutan prekara iku. Syarat kang ana sambung rapete karo pegatan wis dadi akéh banget lan kala-kala mbulet lan mbingungake. Kabéh iku digawé mengkono dudu déning paugeran Allah, nanging alandhesan hardaning hawa nepsu lan bodhoning manungsa. Kala-kala ing sajroné ana ing prekara-prekara kang dumadi, manungsa wis gawé putusan, sadurungé takon, babagan apa kang bakal ditindakake.

Pitakonané yaiku, “Apa kena wong lanang megat sing wadon kanthi alesan apa waé? Apa bisa alesan apa waé kang tukul ing sajroné pikirané senajana ora cetha, dilandhesi déning rasa ora seneng utawa ora cocok, bisa dadi jalaran pegatan? Pirembugan ing prekara iki, bisa waé nalika, “... mangka sawusé iku wong wadon mau ora ndadekaké senenging atiné manéh, sabab kabukten ana tindaké kang ora pantes, “ (Pengandharing Torét 24:1). Prekara iki wong-wong nafsiraké kanthi jembar kanthi mengkono andadekaké panerak apa waé, senajana ora bisa dadi jalaran, kang bisa dadi alesan kanggo pegatan.

Pitakonan iku diaturaken marang Gusti Yésus tujuwané kanggo njiret Sang Kristus, awit iku sawijining pitakonan kang ana sambung rapete karo telenging ati, lan angel banget. Panjenengané maringi jawaban kang pepak sesambungan karo pitakonan iki. Ing sajroné jawaban Panjenengané marang pitakonané Panjenengané nyethakaké akéh watonan kang mbuktekaké yén pegatan kang digawé sembrono, kang akéh ditindakaké nalika iku, babar pisan ora selaras karo paugeran.

Kanggo mbuktekaké anané sesambungan kang kuwat antarané wong lanang karo somahe, Sang Kristus paring pangandikan telung prekara:

Kawruh kitab suci sesambungan karo anggoné nitahaké Rama Adam lan Ibu Kawa, “apa ora mbok waca?” Kowé wis maca (nanging ora gelam mangreti), “Yen Panjenengané nintahaké manungsa wiwit mula lanang lan wadon?” (Purwaning Dumadi 1:27; 5:2). Gusti Allah nitahaké manungsa lanang lan wadon; siji lanang lan siji wadon kanthi mengkono Rama Adam ora bisa megat kang wadon lan njupuk wong wadon liyané awit pancen ora ana wong wadon liyané. Mengkono uga patunggalan kang raket lan ora pinisahaké ing antarané wong loro mau. Ibu Kawa iku pérangan balungé rama Adam, kanthi mengkono rama Adam ora bisa mbuwang. Ibu Kawa iku pérangan saka badané rama Adam, ‘Daging saka dagingku,” ing sajroné anggoné dititahake.

Paugeran kang banget dhasar gegayutan bebrayatan iku “Awit iku wong lanang bakal ninggalaké bapak lan ibuné lan dadi siji karo sing wadon, kanthi mangkono sakaroné iku dadi daging siji”. Sesambungan antara kang lanang karo kang wadon iku luwih cedhak tinimbang karo sesambungané antarané wong tuwa lan anak. Banjur, manawa sesambungané antarané wong tua lan anak ora bisa dirusak, luwih manéh sesambungan bebrayatan. Apa bisa anak medhot sesambungané karo wong tuwané utawa wong tuwa karo anaké, kanthi sebab apa wau, utawa jalaran apa waé? Ora... ora bisa. Luwih manéh jejeré wong lanang ora bisa ninggalaké sing wadon, awit sesambungané luwih cerak, tali anggoné dadi siji luwih kuwat tinimbang karo sesambungan wong tuwa karo anak. Gegayutané wong tuwa karo anak dikalahaké karo gegayutané bebrayatan nalika wong lanang kudu ninggalaké wong tuwané dadi siji karo sing wadon.

Hakikat saka bebrayatan iku dadi sijiné pribadi loro, “lan sakloron dadi badan siji”. Anak-anak saka wong lanang iku pérangan saka awaké, nanging sing wadon iku awaké dhéwé. Gegayutan dadi badan siji antara wong lanang lan wong wadon iku luwih cerak tinimbang karo gegayutan antarané wong tuwa karo anak, gegayutan iku sederajat karo gegayutan antarané gegelitané badané wong. Dikaya prekara iki dadi jalaran kanggo wong lanang kanggo nresnani sing wadon, mengkono iku sebabé wong lanang ora ninggalaké sing wadon, “Marga ora tau ana wong nggethingi awaké dhéwé”, lan sebanjuré ninggalaké, “malah diingoni lan diupakara.” (Efesus 5:29). Wong lanang iku nindakaké apa kang bisa ditindakaké kanggo ngupakara. “Lan sekaroné dadi badan siji”, awit saka iku bebrayatan iku mung ana wong wadon siji, awit Gusti Allah nitahaké siji ibu Kawa kanggo wong lanang siji yaiku Bapa Adam (Maleakhi 2:15) Saka kené Panjenengané nerusaké, “apa kang wis ditungalaké Allah ora bisa dipisahké déning manungsa.”

Manawa panjenengan, nom-noman kang durung bebrayatan, nyuwuna marang Gusti supaya ditemokaké karo kenya kang pracaya marang Sang Kristus, kang sregep ngibadah, rumangsa cukup lan andhap asor, kang nemokaké ing sajroné Kitab Suci kekuwatan saben dina kang ménéhi kabisan sabar marang panjenengan kanthi tegen lan duwé watek sabar kan luwih. Iman kang padha marang Sang Juru selamet iku landhesan kang kuwat kanggo keluwarga kang sehat kang bisa ngalahaké prekara urip kang bakal nekani.

Sawijining kenya, aja nganti tiba ing sajroning pancoban lan laku bandrek sadurungé bebrayatan, lan duwé pikiran yén prekara kang mengkono bakal nyepetaké anggoné ningkah. Iki panemu kang luput. Emané kita bisa ndeleng prekara kang mengkono ditindakaké déning wong-wong kang ngaku awaké Kristen. Dadi kenyo kudu nyuwun marang Gusti Allah supaya entuk guru laki kang bakal nresnani dikaya Sang Kristus nresnani pasamuwan. Manawa prekara iku kaujudan, mula Gusti bakal maringi bebryatan iku kamanunggalan kang luwih dhuwur lan luwih becik tinimbang mung asal bisa kumpul turu.

Kita ora bebrayatan kanggo nguja hardaning hawa nepsu nanging kanggé laden linadenan ing sajroné katresnan. Ing sajroné prejanjian bebrayatan, kang lanang lan kang wadon kudu urip apura ing ngapuranan, kang asale saka katresnané Gusti Allah. Yaiku wadi saka panguripan keluwarga kang diberkahi. Gegelitané keluwarga kang kuwat dhéwé iku kang kawitan ngendhaleni kanepsoné lan njaluk ngapura marang sisihané kanthi alusi, ora kanthi praupan kang merengut.

Katresnan ora nuduhhaké karingkihan. Manawa salah siji ing antarané sisihan iku luput, keset, boros, banjur nukulaké alemané anak, utawa duwé patrap kasar, sisihané kudu ndedonga kanthi sabar lan nyesekaké kanthi andhap asor marang kang nindakaké kaluputan. Kudu eling yén Pangandikané Sang Kristus kang nguwasani sisihan iku lan tujuwané dikaya kang dingandikaké Panjenengané “Ananing Kratoning Allah lan kasampurnanané iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabéh bakal diparingaké marang kowé” (Matéus 6:33). Manawa sisihan iku padha-padha masrahaké badan Sang Kristus, Sang Roh Suci, mula pangaji-pangaji kang becik lan tentrem rahayu bakal bisa dirasakaké ing sajroné bebrayatané.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas sih rahmat bebrayatan kabawah tuntunan Sang Roh Suci Paduka. Paduka ngangkat kawula saking kahanan cemer dhumateng patunggilan kanthi cara kajasmanen lan kasukman ing salebetipun kayektén, bebrayatan kaliyan sesami tiyang pitados kanthi makaten kawula saget gesang ing salebetipun kasucén, kanggé nresnani,leladi lan sami-sami mitados kanthi setya. Paduka paringi dhumateng keluwarga-keluwarga Kristen kasagetan kanggé mratélakaken paseksen kang cetha gegayutan katresnan Paduka lan dadi padhang kang sumunara ing tengah petenginipun jagat.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi watonan kang penting ing sajroné bebrayatan Kristen?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)