Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 172 (Sin of Divorce)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

2. Dosa Pegatan (Matéus 19:7-9)


MATÉUS 19:7-9
7 Unjuké wong-wong Farisi mau: “Manawi makaten, punapaa dené Nabi Musa dhawuh supados nyukani sert pegat, manawi tiyang megat ingkang estri?” 8 Gusti Yésus ngandika: “Marga saka wangkoting atimu, Musa ngidini kowé megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono. 9 Malah Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat rabiné liyané jalaran saska laku jina lan banjur rabi liyané iku dadi laku bandrek.”
(Matéus 5:31-32, Lukas 16:18).

Bebrayatan ora sawijining karemenané utawa panglipuran kanggo wong lanang. Bebrayatan iku dhawuhé Gusti, lan tanggung jawab gedhé kanggé katerusané panguripan. Saben ana pikiran babagan bebrayatan kang kinurmatan ambruk ing sawijining bangsa, mula lawang bakal tinarbuka kanggo dumadiné gegayutan kang ora sah lumantar pil kontraspesi, lan liya-liyané akibate rasa wirang lan dosa kang nelusup mlebu. Kudu eling yén sing sapa nerak paugeran lan pranatan saka Kang Gawé urip mesti bakal tiba ing sajroné paukuman Panjenengané.

Dina iki, kita ndeleng yén rasa isin wis kaumbar kanthi nyata ing film-film, buku-buku, lan papan-papan iklan, kaya-kaya rasa moral manungsa wis mati. Sawetara tahun kepungkur, akéh – akéh wong bakal rumangsa isin ndeleng gambar kang ora pantes lan filam pornogragi. Dina iki wong kang ora gelem ndeleng gambar lan film kang mengkono malah dianggep wong kampungan lan kuno, kaya-kaya perkembangan lan kaluberan gegayutan karo patrap kang njijiki lan ora duwé moral kaya mengkono. Awit saka iku, akéh wong wiwit mraktekaké dosa kaya-kaya wong iku kaya mung nyruput segelas banyu adhem waé. Apa panjenengan duwé pikiran Sang Kristus ora ndeleng tekan ngendi tibané ing sajroné watek wantu lan patrap saka umat Panjenengane?

Kita bakal kagét katelu bebrayatan kang kinurmatan sirna, kinumartan lan ajiné keluwarga mrosot, lan tindak cemer ngombro-ombro ing antarané wong-wong kang wis bebrayatan. Kang lanang karo kang wadon ora gelem sinau nglatih ngendhalini awaké, andhap asor, lan rasa marem, awit panguripan modern nuntun wong loro marang patrap najis, gumunggung, lan ménéhi kelonggaran. Ing sajroné kasunyatané ing ngendi waé Sang Kristus ora dadi punjeré saka panguripan bebrayatan, kahanan kisruh bakal tuwuh, lan cecongkrahan, dakwan kang nistha, pambalale lan rasa tatu bakal nguwasani. Kahanan cemer lan rasa sengit sebanjuré bakal katon kanthi nyata lan panguripan bakal krasa kaya neraka, diobong déning geni rasa sengit lan sesatron. Pegatan sebanjuré dadi dalan uwal kanggo wong loro, senajana iku dudu dalan kanggo luwar manut Sang Kristus.

Kaya ngapa getiré pegatan iku! Awit prekara iku ngrusak kamanunggale ati. Prekara iku agawé bocah-bocah kelangan papan anggoné manggon. Bocah – bocah asring dadi ora duwé pengarep-arep lan nindakaké piala, awit kalahé katresnan dadi jalaran ing sajroné awaké ana rasa sengit kang jero. Pegatan ora dadi dosa marang awaké dhéwé, nanging dosa marang bocah-bocah lan masyarakat uga. Sing lanang lan sing wadon ora sinau nyingkur awaké dhéwé lan ora ngerti yén panguripan ateges leladi lan dudu kahanan kang kepenak.

Ing Prejanjian lawas, manawa wong lanang lan wong wadon kecekel nindakaké laku jino, wong loro iku kudu dibalangi watu nganti mati (Pangandharing Torét 22:20). Pihak kang ora luput kang sisihané nindakaké laku jina duwé hak, sakwisé mbalangi watu sisihané kang laku jijo iku, bisa bebrayatan manéh; awit kanthi matiné kang laku jina, mula anggoné bebrayatan anyar diakoni sah.

Nanging nabi Musa, dudu Gusti Allah piyambak (Pangandaring Torét 24:1), gawé paserujukan awit watek wangkot bangsané. Manawa wong lanang nemokaké sing wadon cemer, wong lanang iku duwé hak megat sing wadon. Saka watonan iki, sawetara ahli Torét sebanjuré ngundhakaké pranatan kang saékah-akéhé ing jamané Gusti Yésus, lan ménéhi hak marang wong lanang supaya bisa megat sing wadon malah mung nganggo alesan kang sepele pisan.

Gusti Yésus lumawan babagan kang nyimpang saka tatanan jagat raya iki lan mbudidaya njangkung lan nylametaké bebrayatan saka kabéh anggoné nyeleweng iki, lan ora marengaké pegatan. Sang Kristus bali marang watonan kang wiwitan, kang dadi landhesan bebrayatan. Bebrayatan didhawuhaké Gusti Allah wiwit wiwitan jagat tinitahake. Bebrayatan iku sawijining bab kang becik lan pepak. Katresnan Gusti Allah iku suci, lan katresnan iku ngayomi bebrayatan. Awit saka iki, kabéh nom-noman becik priya lan wanita kudu sinau hakikat saka urip bebrayatan sadurungé wong loro iku daup, awit bebrayatan dudu mung prekara kang sedhela waé nanging sawijining prejanjian anané sih rahmat kang terus ora ana mandhege.

Wong Kristen ora kena megat sing wadon, awit dhéwéké ningkah karo wong wadon iku kabawah tuntunané gusti Allah lan kudu urip karo wong wadon iku kabawah panguwasané Sang Roh suci. Pangapurané Gusti Allah mbangun ing sajroné awaké anggoné cemawis ngapura ing sajroné bebrayatan lan nawakaké watek wantu sabar lan tegen marang dhéwéké kanthi kabungahan lan panuwun. Kita memuji Gusti Allah awit maringi pepakon bebrayatan kang nyucékaké keluwarga kita ing sajroné Sang Roh suci Panjenengané kanthi mengkono panjenengané bisa yasa ing sajroné keluwarga-keluwarga iku kahanan suwarga kang ana ing tengah-tengahing jagat kang cemer iki.

Para piyayi kang duwé kawruh ing jaman kita iki ngelingaké yén undhaking tindak cemer bakal nggawa akibat marang bencana gedhé kang mbebayani kanggo manungsa. Jawaban kita kanggo pemut kang mengkono iku yaiku manawa wong lanang mung ngrabi wong wadon siiji waé, lan wong – wong lanang cemawis ngendaleni awaké gegayutan karo gunggunging turuné nggedhékaké turuné mau ing sajroné sihé Sang Kristus, mula kabéh manungsa bakal urip ing sajroné katentreman lan keselarasan. Nanging manawa ing negara-negara dikuwasani déning wong-wong Kristen nindakaké kendhali awaké lan matesi gunggungé anak-anaké, kosok baliné negara-negara kang dikuwasani déning agama-agama liyané bakal ngebaki jagat nganti luwih-liwih babagan kelairan.

PANDONGA: Kanjeng Rama ing kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit prasetya dhumateng bebrayan lan katresnan ingkang Paduka dhawuhaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang bebrayatan. Kawula nyuwun pangapunten Paduka atas panerak kawula dhumateng pranatan Gusti Allah, ing salebetipun cara menapa kemawon, lan nyuwun Paduka ngiyataken katresnan lan ajen kinajenan ing antawisipun kakung kaliyan istri ing saindhengipun jagat. Kawula getun atas sadaya iklan ingkang cemer lan coban ingkang awon saking panggesangan moderen kawula. Kawula nyuwun supados wonten pamratobat ing antawisipun bangsa kawula kanthi makaten kakung istri badhé sinau kasucén lan kasetyan ing salebetipun wedi asih dhumateng gusti Allah lan kasucén ing salebetipun Sang Roh Suci.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang dingandikaaken Gusti Yésus gegayutan karo pegatan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:40 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)