Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 170 (Parable of the Unforgiving Servant)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

e) Pasemon Babagan Abdi kang Ora Gelem Ngapurani (Matéus 18:23-35)


MATÉUS 18:28-35
28 Nanging saunduré abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyané kang utang marang dhéwéké satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak guluné calathune: Sauren utangmu! 29 Kancané abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhé kula lunasi. 30 Nanging kang motangaké rengkeng, malah kancané mau banjur kapasrahaké marang pakunjaran nganti salunasé utange. 31 Ndeleng kang mangkono iku kancan-kancané liyané padha sedih banget. Bab iku kabéh banjur kalapuraké marang gustiné. 32 Sang Prabu nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala, utangira kang semana kehé wis sunlilakaké kabéh, marga sira matur memelas marang ingsun. 33 Apa kowé ora wajib melasi marang mitramu, kayadené aku iya wis melasi kowé? 34 Gustiné duka banget. Abdi mau banjur kapasrahaké marang algojo, nganti sapundhate utangé kabéh. 35 Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowé, manawa kowé dhéwék-dhéwé ora gelem ngapura marang kaluputané sadulurmu kanthi terusing ati.”
(Matéus 5:26; 6:14-15, Lukas 6:36, Yakobus 2:13, 1 Yokanan 4:11).

Tansah eling yén Gusti Allah paring kabisan panjenengan supaya ngrasakaké pangapura Panjenengané atas kabéh dosa panjenengan, nalika panjenengan nglakoni kelahiran anyar ing sajroné Sang Roh suci. Pangapura iki maringi kabisan panjenengan supaya urip ing sajroné rahmat Gusti Allah saben-saben ing sajroné panguripan panjenengan. Rah Gusti Yésus dadi pandonga panyuwun kanggo panjenengan lan murnekaké panjenengan saka njero. Saka Kayu salib ing Golgota iku kali sih rahmat, pasucén, lan kabeneraké terus ambanyu mili. Tanpa segara sih rahmat Panjenengané ora ana wong siji waé kang bakal bisa urip ing sajroné keyakinan karawuhané Gusti Allah.

Kepiyé panjenengan nanggapi sihé Gusti Allah kang agung ing sesambungaké karo sesambungan panjenengan karo wong-wong liya? Apa panjenengan nresnani kabéh manungsa kaya Gusti Allah nresnani Panjenengan? Apa panjenengan ngapura para satru panjenengan lan nglalekaké kaluputané dikaya Gusti Allah wis ngapura panjenengan lan ngilangi kabéh dosa panjenengan saka cathetan Panjenengane? Utawa panjenengan tanpa kawelasan lan kanthi nistha nuntut hak panjenengan saka para satru panjenengan?

Satru panjenengan bisa uga wis natoni panjenengan nganggo tembung lan tumindaké, utawa nyepelekaké panjenengan, ngréméhaké panjenengan, nindhes panjenengan. Manawa panjenengan cekelan marang hak males mula panjenengan bakal tiba ing sajroné neraka. Manawa Gusti Allah ngadhili panjenengan selaras karo hak Ilahi Panjenengané panjenengan bakal luput kaping yutan luwih akéh tinimbang karo siji utawa loro kaluputan wong kang luput marang panjenengan. Manawa panjenengan ngukum wong iku selaras karo hak panjenengan, panjenengan uga bakal dicilakakaké lan diukum awit panjenengan mbendung rahmat panjenengan.

Gusti Allah kita iku katresnan. Yaiki wadi Prejanjian Anyar. Sing sapa nampik sih ilahi bakal tiba ing sajroné paukuman kaadilan Panjenengané lan bebendhu pengadilan Panjenengané. Manawa panjenengan ora ménéhi wewengan marang sihing Allah kanggo ngrubah ati panjenengan, lan panjenengan ora nresnani para satru panjenengan lan malah tambah keras lan ngipat-ipati para satru panjenengan selaras karo hak panjenengan, panjenengan malangi hak luwih-luwih panjenengan kangga mratobat marang Gusti Allah. Cilaka ta wong iku kang ora ngapura wong kang luput marang dhéwéké, awit Gusti Allah ora bakal ngapura wong kang ora gelem ménéhi ngapura. Kabéh pangapura kang ditindakaké sadurungé dadi ora duwé makna, lan wong iku bakal nglakoni paukuman neraka.

Gusti Allah ngersakaké ngrubah ati panjenengan kang alot lan pikiran panjenengan kang ala. Panjenengané nawani panjenengan, manawa panjenengan cemawis, karukunaké karo sedulur-sedulur panjenengan. Énggal balia marang satru panjenengan lan rukuna karo dhéwéke. Ndedongaa kanggo dhéwéké lan keluwargané tresnanana dhéwéké dadia mitra panjenengan, ladeni dhéwéké, lan berkahi dhéwéké nganggo darbek panjenengan, awit sihé Gusti Allah ora ngidinaké anané rasa sengit. Sihi para satru panjenengan senajana wong iku wis ngréméhaké panjenengan. Bisa uga dhéwéké durung wanuh Gusti Allah. Nanging sihé Allah wis mrenani ati panjenengan lan ngrubah panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa nglalekaké karep males lan ngalahaké rasa getir ing sajroné ati panjenengan. Kanthi kekuatan Gusti mula panjenengan bisa nresnani satru kang paling getir senajana lan ora mung sepisan utawa kaping pindho utawa kaping pitung puluh, nanging ora winates dikaya Gusti Allah ngasihi panjenengan.

Manawa kita ora ngapura sedulur kita kanthi golonging ati, pangapura kita ringkih lan ora ditampa. Ya ati kang dipirsani déning Gusti allah. Ora ana rasa sengit, pangigit-igit utawa getiring ati kang kena tetap ana ing sajroné ati kita. Aja ana rencana males kang diburu utawa dirancang, kaya kang ditindakaké déning wong akéh senajana wong akéh mau katon rukun. Nanging, kita kudu sawutuhé ndedonga kanggo sedulur-sedulur kang nindakaké kaluputan marang kita lan mbudidaya kabejané sedulur-sedulur mau.

PANDONGA: Dhuh Rama kang Maha Kuwaos, Paduka paringi pangaksami anggen kawula telat tumindak lan anggoné kawula kendel ing pikiran kawula. Paduka paringi alusing bebuden atas wangkotipun kekajengan kawula, lan Paduka ribah pikiran kawula kanthi makaten saget nyupekaké kalepatan para satru kawula lan nresnani para satru menika tanpa lelamisan. Kula nyuwun supados Paduka amberkahi para satru menika lan milujengaken para satru menika sesarengan kaliyan sédaya tiyang ingkang sampun nglarani kawula. Paduka alimputi kaliyan Roh Suci Paduka, titahaken roh karukunan ing salebetipun negari kawula, lan rubah pikiran sadaya tiyang kanthi makaten kawula saget nresnani para satru kawula ing salebetipun panguwaos lan kawicaksanan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé kita kudu nresnani para satru kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on June 24, 2023, at 03:51 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)