Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 152 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:24
24 Gusti Yésus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut buri Aku, iku kudu nyingkur awaké dhéwé sarta manggula salibe lan melua Aku.
(Matéus 10:38-39, Markus 8:34, Lukas 9:23, 1 Petrus 2:21)

Sing sapa nyingkur patrape uwong kaya ora wnuh dhéwéke. Wong kang ora nanggapi marang dhéwéké, lan nyepelekaké dhéwéké babar pisan. Sang Kristus dhawuh kabéh wong kang kepéngin ndhérék Panjenengané kudu nyingkur awaké dhéwé. Wong iku kudu ora nanggapi marang hawa nafsu lan pepinginan dagingé kang lelawanan karo karsané Allah uga kudu nampik sipat mentingaké awaké kang banget dadi pakulinané. Wong iku kudu ninggalaké kekarepan pribadiné lan nggoléki luwih dhisik karsané Allah lan kraton Panjenengané. Gusti Allah ngersakaké kita lumawan pamblithuké iklan ana ing layang kabar lan televisi kang nyurung kita duwé hawa nefsu kang najis. Panjenengané paring kamardikan marang kita supaya ora terus kacancang ing sajroné patrap mentingaké awak dhéwé lan ora manéh ngunderaké kawigaten marang awak dhéwé, lan sebanjuré nuntun kita bali marang Sang Rama kasuwargan kita lan leladi wong-wong kang mbutuhake.

Patrap nyingkur kang kaya mengkono bakal mungkasi angenan yén manungsa bisa nylametaké awaké dhéwé. Tumindak becik kita ora bisa nundhung tumindak ala kita. Tumindak becik tanpa Sang Kristus kang makarya ing sajroné panguripan kita bakal katon ing ngarsané Allah minangka patrap mentingaké awak dhéwé. Gumungung bakal teteo ana ing sajroné panguripan manawa kita ora nyingkur kayektén angenan kita, nyingkur awaké, lan ngakoni anggoné ora bisané kita ing sajroné nyebaraké padhang kang éndah saka Gusti Allah iku.

Sang Kristus ora merdikaaké para murid Panjenengané saka anggoné kagét sakwisé Panjenengané ngandika marang para murid babagan anggoné arep Séda. Rasa kuatir para murid saya tambah, mlikiné nalika para murid krungu yén para muris kabéh kudu “nyingkur awaké dhéwé lan manggul salib”.

Ora cukup kanggo pandhéréké Sang Kristus mung nyingkur awaké dhéwé. Gusti ndhawuhi kita nampani salib kita kanthi legawa, lan manggul salip iku kanthi panguwasané Sang Kristus. Gusti Yésus ora ngandika gegayutan salib Panjenengané nanging gegyutan salib dhéwé-dhéwéké minangka dadi pandhérék Panjenengané. Kanggoné bangsa Rum, paukuman ing kayu salib iku sawijining siksan kang benget kejem kang lumrahé dienggo para batur tukon kang ora mbangun turut kang mbudidaya mbalela lumawan bendarené utawa kanggo maling wong manca. Ing sajroné dhawuh iki, Sang Kristus dhawuh kita supaya ngakoni yén kita pantes nampani paukuman pati kang kejem dhéwé ign kayu salib, awit kita wis banget adoh saka Gusti Allah, nerak pranatan Panjenengané lan lumawan kabecikan Panjenengané. Kabéh wong pantes nampani paukuman ing kayu salib! Pangakon iki kalebu uga dosa-dosa kita, lan kekarepan ati kita. Sang Kristus ngersakaké nuntun kita kanggo nyingkur awak kita lan ngakoni yén sabeneré Panjenengané ora pantes kanggo mati ing kayu salib, lan malah kita kang pantes. Sebanjuré watek gumunggung kudu mati ing sajroné panguripan kita, lan sebanjuré kita bisa ngasilaké rasa syukur lan pujian marang Panjenengané kang wis nggenteni kita ing kayu salib, manggul kabéh dosa kita tanpa sambat. Rasul Paulus mratélalaké, “Aku wis disalibaké bebarengan karo Sang Kristus; ora aku manéh aku kang urip nanging Kristus kang urip ing sajroné aku”. Mung wong kang wis nyingkur awaké lan manggul salibe kang bisa ndhérék Gusti Yésus lan ngrasakaké panguwasa sih rahmat Panjenengané. Sing sapa duwé pikiran yén awaké becik, kuwat, ndudut ati lan bisa ditampa ing ngarsané Allah atas landhesan kekuwate dhéwé, panguwasa Allah disempurnakaké ing sajroné karingkihan kita. Rahayu wong kang mlarat ing ngarsané Allah, awit wong – wong iku bakal duwé kratoné Suwarga.

PANDONGA: Rama kasuwargan, Putra Paduka mucalaké kawula supaya nyingkur badan kawula supados kawula tetep ajur ing ngarsa Paduka lan ngakeni bilih kawula mboten pantes ditimbali minangka jejeripun putra Paduka. Lan ing wekdal ingkang sami, kawula dipun kiyataken awit Putra Paduka nggentosi kawula ing kajeng salib kanthi makaten kawula saget dipun beneraké ing ngarsa Paduka. Tulung kawula supados nyingkur badan kawula sawethanipun, kanggé manggul salib kawula kanthi rila lan kebak kabingahan, ndhérék Gusti Yésus dhateng pundi kemawon Panjenengan kersakaké, lan sinau menapa tegesipun dipun salibaken sesarengan kaliyan Sang Kristus.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé nyingkura awaké dhéwé, lan manggul salib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)