Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 153 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:25
25 Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané iku bakal kelangan nyawané nanging kang kelangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nemu.
(Markus 8:35, Lukas 9:24, Rum 12:11)

TJagat golék mupangat saka ilmu pangetahuan moderen lan mburu karaharjan kanggo masyarakat jembar nanging ora kelingan Kain, kang gawé raja pati, kang mbangun kutha kang kawitan; utawa kelingan Sodom lan Gomora kang urip ana ing jagating cabul supaya entuk kamewahan lan kasenengan. Minangka tambahan kanggo kabéh sipat cemer iku, kita nemokakaké yén cara kang mekar ing sajroné jaman modern iki malah nyemeri banyu, hawa, lan lemah. Kita iki urip ana ing larahan. Jagat balapan tumuju marang bencana. Kabéh wong melu cawe-cawe ambrukin jagat iki. wong-wong dadi duwé panemu kang bener dadi luput lan kang luput dadi bener. Piala kang mengkono ngoyot ing jiwa kita kang dosa. Sing sapa terus nindakaké kekarepané lan ora nyingkur awaké dhéwé bakal nyirnakaké awaké dhéwé. Manungsa nindakaké kabéh prekara kanggo mbangun swarga ing bumi tanpa ngurbah ati manungsa. Kita ora duwé pengarep-arep kajaba kanthi nyingkur awak kita lan nampik pikiran kita, ing sajroné padhang kasucén Alkitab.

Kanthi ndhérék Sang Kristus kita nemokaké urip ing sajroné Panjenengané kang mbangun pribadi lan wong-wong kanggo kraton Panjenengané. Panguripan iki ditandhani karo kalegan lan ora memtingaké awaké dhéwé, karo wong-wong sinau dadi wong jujur lan gotong royong ing sajroné kasetyan lan katulusan. Nanging gumregahin kasukam kang mengkono mung diwiwiti saka nyingkur awaké dhéwé lan ngilangi patrap mentingaké awaké dhéwé.

Aja kesasar, awit gambar kang kita deleng ing majalah lan telebisi iku dudu panguripan kang sabeneré, mung kayalan kang digedhék-gedhékake. Panjenengan ora bakal nemokaké urip kang sejati tanpa anané katresnan lan pangorbanan. Buwangen pangimpen pribadi panjenengan ing sajroné Asma Sang Kristus, laleké panguripan panjenengan dhéwé, lan mbangun turut sawutuhé marang Gusti Allah. Panjenengané nawani panjenengan, ing sajroné Sang Kristus, sugengé Panjenengané piyambak kang kebak karo kekuwatan, energi lan kabungahan kang suci kanthi mengkono panjenengan bisa dikuwataké kanggo mbangun kraton Panjenengané ing sajroné jagat kita kang mrihatinaké lan nyedhihake. Sing sapa urip karo Sang Kristus bakal nglakoni urip kang luber-luber lan nemokaké makna uripe, nanging sing saspa urip tanpa Panjenengané bakal nglakoni urip kang cethek tanpa kabungahan. Sing sapa cekelang kayekténé dhéwé lan kanthi wangkot mbudidaya kanggo kepentingané dhéwé bakal kelangan tentrem rahayuné nanging sing sapa leladi Sang Kristus lan nandhang sengsara kanggo Panjenengané bakal nglakoni panguripan kang diberkahi ing sajroné kabungahan lan tentrem Rahayu.

Sang Kristus paring dhawuh marang kita supaya duwé kawigaten kang pantes marang wong-wong mlarat, lara lan kang kurang beja ing sajroné jagat iki. Kita kudu mbudidaya ngurangi panandhang jasmaniné lan mitulungan ngundhakaké panguripané. Nanging, kang penting dhéwé yaiku nawani wong-wong mau pawarta Injil kang ngrubah panguripané kanthi mangkono wong-wong mau bisa wanuh lan ndhérék Sang Kristus. Kanthi cara mengkono, panguripané bakal dirubah déning panguwasané Allah. Wong-wong mau bakal dadi kawula minangka putra-putrané Allah kang nyambut gawé kanthi tememen lan tanggung jawab, urip saka sih rahmat Sang Kristus ing sajroné tuntunan Sang Roh Suci.

PANDONGA: Gusti Yésus, Padula alus ing bebuden lan andhap asor, Paduka masrahaken sarira Paduka dhumateng tuntunan Rama Kasuwargan. Paduka pitulungi kawula supados kawula mboten ngorong dhumateng bandha utawa arta, mboten cepengan kayektén kawula piyambak, nanging Paduka gulawenthah kawula supados nyingkur badan piyambak lan gesang ing salebetipun pambangun turut, kalegan, lan ing salebetipun tentrem rahayu. Paduka kiyataken kawula ing salebetipun martosaken Injil Paduka kanthi saéstu kanthi makaten gesang Paduka bakal kalipet-lipet ing salebetipun kathah tiyang-tiyang pitados.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita bisa nampani urip kang sejati iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)