Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 151 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:21-23
21 Wiwit nalika iku Gusti Yésus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yén Panjenengané kudu tindak menyang Yerusalém, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-puirang marga saka panggawéné para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Torét sarta banjur disédani, lan ing telung dinané kawungokake. 22 Nanging Petrus banjur nggered Panjenengané kalawan munjuk: “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika ! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.” 23 Nanging Gusti Yésus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, sétan, sumingkira. Kowé iku dadi sandhunganKu, sabab kowé ora mikir apa kang kagalih déning Allah, nanging mung sing dipikir déning manungsa”.
(Matéus 12:40, Markus 8:31-33, Lukas 9:22, Yokanan 2:19).

Sakwisé pangakon Petrus kang banget déning misuwur iku, Gusti Yésus ngeculaké pengarep-pangarep siningitan kang ana ing sajroné ati para murid Panjenengané yaiku Panjenengané bakal neguhaké kraton Kristen kang asipat politik lan ngendhaleni kabéh krajan kang liya ing jagat iki. Panjenengané kanthi tinarbuka ngandika marang para murid yén umat Panjenengané bakal nampik Panjenengané lan para pinituwa bangsa Yahudi bakal nampik Panjenengané lan sekuthon kanggo lumawan Panjenengané. Panjenengané bakal nandhang sangsara kang banget lan séda kanthi cara kang nggegirisi. Sédané Panjenengané wis banget déning cerak, lan pengarep-arep uga pepinginan jagat kang ana ing sajroné ati para murid Panjenengané kudu kapungkasi.

Wiwit wektu kuwi, Sang Kristus wiwit ngandika kanthi blak-blakan gegayutan panandhang Panjenengané. Panjenengané wis maringi sawetara pituduh gegayutan anggoné Panjenengané nandhang sengsara nalika Panjenengané ngandika, “bubrahen pedaleman Allah iki”, lan nalika Panjenengané ngandika, “Putra manungsa bakal diluhurake”. Nanging saiki Panjenengané tinarbuka ing sajroné maringi katarangan, luwih cetha manéh. Sadurunge, Panjenengané ora tau ngandikaaké, awit para murid Panjenengané isih ringkih lan durung bisa krungu katarangan babagan prekara kang banget anéh lan mrihatinaké mengkono. Saiki, sakwisé para murid luwih diwasa ing sajroné kawruh lan luwih kuwat ing sajroné iman, Panjenengané wiwit nerangaké kasunyatan iku marang para murid. Sang Kristus mratélakaké pikiran Panjenengané marang para murid Panjenengané kanthi cara alon-alon lan nyethakaké prekara iku sakwisé para murid bisa nahan lan kuwat nampani.

Pratéla iki kaya sawijining bom ing sawijining acara wong neningkahan. Sakwisé paseksené Petrus yén Sang Kristus iku Putra Allah lan anggoné mantep Gusti Yésus nampa sesebutan iku, para murid Panjenengané duwé pikiran gegayutan kamenangan kang asipat politik atas anggoné dijajah pemerintah Rum kabawah pimpinan Sang Kristus. Nanging, para murid banget kagét gegayutan pratéla babagan kasangsaran Sang Kristus lan séda kang ngenténi Panjenengané dikaya kang dipratélakaké Gusti Yésus piyambak marang para murid.

Gusti Yésus nerusaké pamecané lan nuduhaké marang para murid panguwasa Panjenengané lan kayektén kamimpangan Panjenengané. Panjenengané ora bakal séda kaya wong-wong liya nanging bakal wungu manéh saka pati lan katon kanthi cara tinarbuka, supaya wulangan Panjenengané gegayutan kasunyatan krajan Panjenengané bener-bener bisa dideleng kanthi cara nyata.

Kaluhuran Sang Kristus iku kasingitan, lan rancangan kasukman Panjenengané ora kanthi cara langsung dipratélakaké ing sajroné pikiran manungsa. Petrus ora ngreti preluné kasangsarané Gusti Yésus, awit dhéwéké, dikaya wong-wong sabangsané ora ngerti bababan séda kan ora bisa disingkiri saka sang Kristus minangka gegentiné manungsa supaya dadi dalané karukunan karo Gusti Allah. Pangakon yén Gusti Yésus iku Sang Mesih, Putra Allah iku kunci tumuju Suwarga. Sang Mesih mratélakaké yén kayu salib iku gapura ing ngendi kunci iku bakal bisa dienggo supaya bisa nggayuh menyang suwarga.

Petrus nggeret Gusti Yésus ing ampingan. Panjenengané banget déning kaganggu lan pegel. Senajana Petrus wis nyebut Panjenengané minangka “Gusti”, nanging dhéwéké wiwit ngelikaké Gusti Yésus, mratélakaké yen: Mokal Paduka ngandika gegayutan séda, kawula yakin Paduka badhé mimpang atas jagat menika, dados pripun saget dumados Paduka wangsul malih lan kanthi mboten gadhah pengajeng-ajeng ngandikan gegayutan kawon lan kacilakan? Bisa uga Petrus ora krungu kanthi tememen nganti pungkasan nalika Gusti Yésus ngandika gegayutan anggenipun badhé wungu. Petrus ndeleng lawang krajan pati tinarbuka kaya kubur kang menga lan bakal nguntal kabéh pengarep-arepe, lan kepéngin gawé pengaruh marang Gusti Yésus supaya kanthi kekuwatan sumingkir saka kayu salib, lan uwal saka ing kono.

Iblis wis nyoba Gusti Yésus nganti kaping telu. Ing wektu iki, Iblis nggunakaké Petrus, juwu wicara lan para murid Panjenenané awit Petrus dadi gumunggung nalika gusti Yésus ngalembana dhéwéke. Iblis mbudidaya nggunakaké Petrus kanggo ngedohaké Gusti Yésus saka kayu salib. Nanging Gusti Yésus banjur bisa pirsa suwara kang nggoda iku ngelikaké kanthi keras, lan sebanjuré nundhung roh kang dadi panggodha iku, “wis lungaa kowé, Iblis! Kowé ménéhi pengarep-arep palsu marang manungsa kang lelawanan karo karsané Allah”.

Saben pikiran kang ora kalandhesi marang kayu salib, ora ana ajiné babar pisan. Sing sapa ora nampani kayu salib minangka siji-sijiné dalan marang Gusti Allah wis kesasar.

Anggoné nutuh Petrus iki nuduhaké marang kita yén landhesan saka Gereja dudu diedekaké saknduwuré landhesan pribadi utawa watek wantuné nanging ing saknduwuré Roh Allah kang makarya lumantar paseksené kang kendel. Gusti Yésus ngarsakaké murnekaké lan njerokaké anggoné para rasul wanuh kanthi mengkono para murid Panjenengané bisa ngreti yén Putra Allah pancen rawuh kanggo séda. Lumantar séda Panjenengané waé Panjenengané bakal mbangun kraton Panjenengané karo wong-wong dosa kang ditebus Panjenengané awit anpa rah Gusti Yésus Kristus mula ora bakal ana dalan marang Gusti Allah.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, cempening Allah ingkang Suci, awit Paduka mboten milih margi ingkang sekeca utawi gampil, nanging Paduka milih séda saking kajeng Salib ingkang asor. Paduka mboten mireng sinaosa sekedhik suwanten coban saking Iblis lumantar Petrus. Uwalaken kawula ugi saka pikiran kamanungsan kawula, lan bikak mripat kawula kanthi makaten kawula saget ningali kawilujengan ing salebetipun kajeng salib Paduka kemawon, lan supados kawula saget ngakeni séda Paduka minangka kamimpangan Allah atas dosa-dosa kawula. Paduka apunten kawula gegayutan sadaya dosa-dosa kawula kanthi makaten kawula saget abingah-bingah ing salebetipun séda Paduka, ngaturaken panuwun dhumteng Paduka atas kamardikan kawula. Kawula ngluhuraken Paduka awit kawilujengan saking sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Paduka. Paduka tampeni gesang kawula ing salebetipun panuwun dhumateng katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta kersané Gusti Yésus nganti nyebut Petrus, “Iblis”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)