Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 125 (Sign of the Prophet Jonas)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

h) Tandha Nabi Yunus (Matéus 12:38-45)


MATÉUS 12:38-42
38 Nalika samana ana ahli Torét lan wong Farisi sawatara, kang padha matur: “Guru, kula sami kapengin sumerep pratandha saking Panjenengane”. 39 Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandané Nabi Yunus. 40 Awit padha kaya Yunus anggoné ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jeroné telengin bumi telung dina telung bengi. 41 Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sakwisé ngrungokaké piwulangé Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemené kang ana ing kené iki ngkungkuli Yunus. 42 Besuk ing wektu pangadilan, Sang Raja Putri saka ing tanah kidul bakal kawungokaké bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhé saka pungkasané bumi, banjur mirengaké bab kawicaksanané Sang Prabu Suleman, lan mangka ing kené ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman.”
(Yunus 2:1, Markus 8:11-12, Lukas 11:29-32, Efesus 4:9, 1 Petrus 3:19)

Wong-wong Yahudi njaluk tandha saka Sang Kristus, ora awit gelem pracaya utawa nresnani, nanging tujuwané mbudidaya nyoba Panjenengané kanthi mengkono wong-wong mau bisa entuk alesan anggoné ora gelem pracaya gegayutan karo anggoné Gusti Yésus duwé sipat keallahan. Wong-wong kang mengkono, ora kepéngin pracaya, nanging njaluk katarangan lan bukti kang bisa dideleng mripat saka Gusti Allah. Wong-wong mau ora nampani Sang Kristus minangka Pribadi kang penting, lan ora wanuh Roh Suci. Ora ana wong siji waé kang bisa mbuktekaké babagan Sang Roh Suci marang wong-wong iku awit patrape kang wangkot. Kita, uga, ora pracaya kanthi pikiran kita luwih dhisik, nanging katresnan Sang Kristus wis mratélakaké kayektén marang kita kang kita tampa kanthi iman kang uga sawijining nugrahaning Allah. Iman nuntut keyakinan kang kendel saka pikiran kita lan bisa nampani ing ati kita kang sebanjré bisa ngalahaké rasa mangu-mangu kang ana ing sajroné ati kita.

Banget umum yén wong-wong kang gumunggung njaluk akéh syarat marang Gusti Allah, lan sebanjuré di dadekaké alesan kanggo ora mbangun turut marang Panjenengané. Senajana Sang Kristus tansah cemawis mirengaké lan paring wangsulan pepingian lan donga kang tulus, Panjenengané ora ngersakaké nglegakaké hawa nefsu kang cemer lan pikiran kang ala. Wong-wong kang nyuwun kanthi pamrih kang luput, nyuwun nanging ora nampani panyuwuné (Yakobus 4:3).

Gusti Allah maringi wong-wong ora pracaya kang kakéhan nuntut sawijining tanda kang ora mlebu ing nalar kang ngluwihi pangertén manungsa lan ngluwihi pengalaman saben dinané awujud patangen agung saka Panjenengané kang kasalib, kang disebut minangka “tanda nabi Yunus”. Tanda iki supaya wong-wong mau yakin, lan ditujokaké minangka tanda agung babagan kaanané Sang Kristus minangka jejeré Sang Mesih. Kanthi patangen Panjenengané dipratélakaké “...manawa Panjenengané iku Putrané Gusti Allah kang kuwaos” (Rom 1:4) Iki tanda kang kaujudan, sempurna, lan ngluwihi kabéh tanda kang liyané. “Saupama meksa padha ora ngandel” marang tanda-tandha sadurunge, bisa uga wong-wong mau bakal pracaya marang tanda iki (Pengentasan 4:9), lan manawa tanda iki ora uga ndadekaké wong-wong mau ngandel, mula wong-wong mau ora bakal pracaya marang tanda apa waé. Lan wong-wong kang ora gelem pracaya marang pratéla sejarah iki bakal tetep mapan ing sajroné pepeteng. Sang Kristus mratélakaké marang para murid Panjenengané sakwisé patangen Panjenengané pawarta kang padha kaya Yunus, kang metu saka weteng iwak lan nimbali bangsa Niniwe marang pamratobat. Anggoné ngaton lan pangandikané Sang Kristus sakwisé patangen Panjenengané sawijining bukti kang ora bisa dibantah gegayutan sipat keallahan Panjenengané. Gusti Yésus, sadurungé séda, wis meca gegayutan babagan patangen kang agung Panjenengané makaping-kaping ing ngarepe para murid Panjenengané lan marang wong akéh kanthi mengkono wong-wong bisa pracaya nalika prekara iku bener-benar dumadi.

Akéh-akéh wong Yahudi nampik Sang Kristus, senajana Panjenengané ngandika marang wong-wong mau kanthi panguwasa keallahané. Tembung-tembung Panjenengan kang kebak sih kawelasan ora mlebu lan nembus kupinge, lan atiné dadi wangkot. Kaya apa bedané karo bangsa Niniwe, kang kanthi rasa getun nampani pangandikané Allah marang wong-wong Niniwe saka nabi Yunus lan mratobat. Nanging wong-wong Yahudi ora mratobat saka dalané marang Gusti senajan pangandikan Panjenengané wis dadi manungsa lan ana ing tengah-tengahé wong-wong mau. Awit saka iku rasa kepénginé wong-wong mau wanuh kayektén wing kapungkasi. Wong-wong mau pracaya yén ora ana wong siji waé kajaba wong-wong iku dhéwé kang bisa nyethakaken Pranatan Musa, lan wong-wong mau duwé anggepan marang awaké yén deweké dadi kang bener lan sempurna.

Kitab suci ngelingaké marang kita yén Ratu Sheba nekani Raja Solomo saka laladan kang adoh yaiku laladan Arabia supaya krungu kawicaksanan Allah saka Sang Raja. Nanging wong-wong Yahudi kang cerak karo Sang Kristus malah ngréméhaké lan nampik kawicaksanan Allah kang mratélakaké sarirané marang wong-wong iku.

Saiki, kepiyé karo panjenengane? Apa panjenengan kepéngin krungu pangandikané Sang Kristus? Apa kaélokan saka anggoné wungu saka séda kang agung ngosikaké ati panjenengane? Apa panjenengan kangen babagan manunggale kawicaksanan Gusti Allah ing sajroné badan panjenengan? Utawa apa panjenengan kaya wong-wong Yahudi kang mangkotaké atiné lan tetap cekelan marang kayektén manut awaké dhéwé? Apa panjenengan kalebu wong-wong ala? Utawa apa panjenengan wis kaya wong-wong Niniwe, kang sakwisé krungu timbalan mratobat, banjur énggal mratobat kanthi prihatin, lan diselametaké saka bebendhuné Panjenengane?

Sawetara wong ing jaman iki kandha, yén Sang Kristus ora telung dina lan telung bengi ana ing kubur dikaya Yunus ana ing sajroné weteng iwak. Wong-wong mau gawé ringkesan saka tulisan Injil Yokanan yén Sang Kristus séda ing dina Jumat soré lan wungu manih ing dina Minggu sadurungé srengengé mlethek.

Iki pitakonan mlebu ing nalar, kang bisa diwangsuli mangkéné: ora sawijining prakara kang ora lumrah nyebutaké sapérangan saka sedino dianggep sedino. Minangka conto: Manawa panjenengan ditakoni pirang dina panjenengan lunga menyang njaban kutha, panjenengan bisa uga kandha 3 dina senajana panjenengan anggoné lunga dina senin soré lan bali dina rebo esuk. Umume, tanggalan Yahudi nganggep dina diwiwiti nalika srengengé angslup, yaiku diwiwiti jam wayah bengi, lan sebanjuré diterusaké nalika srengengé mlethek, sing nandhani jam wektu awan. Wektu kang umume diterapaké marang mangsa nguber gusti Yésus iku pérangan saka jam awan dina jumat , jang awan dina Saptu, lan jam bengi dina Minggu. Pérangan saka dina ing tanggalan Yahudi tansah dianggep dadi sedina wutuh. Pérangan saka dina tanggalan Yahudi uga bisa disebut minangka sedina sewengi. Awit saka iku, “telung dina telung bengi” ora ana bedané wektu kang dilakoni déning Gusti Yésus ing sajroné kubur. Sesebutan babagan dina lan bengi uga dienggo ing sajroné I Samuel 30:12, “amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajroné telung dina telung bengi”. Sakjané nek dietung ora sawutuhé telung dina, telung bengi nanging kurang saka iku, awit dhéwéké mangan ing dina kang kaping telu. Ing sajroné kitab Ester kita nemokaké manéh, “Kula sami sampeyan siyamaké, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun!” (Esther 4:16), banjur ing sajroné bab 5:1 dikandhakaké yén “bareng wis tutug telung dinané Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kedhaton”. Senajana Sang Ratu Ester dadi keparengé Sang prabu ing dina kang kaping telu, nanging babagan wektu kang dilakoni tetap disebut telung dina. Kita uga nyemak ing sajroné 2 Babad 10:5, “sakwisé telung dina padha bali marang aku”, banjur ing sajroné ayat 12 kita nyemak yén bangsa iku teka marang Rehabeam ing dina kaping telu. Malah senajan durung wutuh telung dina, rakyat ngerti apa kang kudu ditindakake. Ing Purwaning Dumadi 42:17-18 sapérangan cilik saka telung dina uga wis dianggep telung dina. Awit Yusuf kandha marang sedulur-seduluré ing pungkasan dina kawitan, banjur sedina mungkur, lan dhéwéké kandha marang sedulur-seduluré ing dina sebanjuré, lan iku wis dietung telung dina. Manawa ana wong mati setengah jam sadurungé srengengé angslum, mula dina iku dianggep sedina wutuh, senajana jam awané wis meh sawutuhé kepungkur lan mung sisa setengah jam waé.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, Paduka apunten kawula babagan anggen kawula kadudut manah kawula dhumateng roh-roh ingkang lumawan Roh Paduka ingkang setya. Paduka paringi kawula iman dhumateng putra Paduka, apunten patrap wangkot kawula lan jangkung rasa kadudut manah kawula supados mireng Injil Paduka. Kersanipun kawula saéstu-estu mratobat ing wekdal kawula mireng timbalan Paduka sesarengan kaliyan tiyang-tiyang pitados sanésipun lumantar wungunipun Paduka ingkang agung.

PITAKONAN

  1. Sapa ta kang kagolong ing sajroné turunan kang ala lan cemer?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)