Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 126 (Sign of the Prophet Jonas)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

h) Tandha Nabi Yunus (Matéus 12:38-45)


MATÉUS 12:43-45
43 Mungguh dhemit iku manawa wus metu saka ing wong, banjur nglembara golék palereman menyang papan-papan kang garing suwung. Nanging ora oleh. 44 Tumuli ngucap mangkéné: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahé tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata becik. 45 dhemit mau bajur lunga ngajak dhemit pepitu liyané kang luwih ala katimbang dhéwéké, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alané ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeané jinis kang ala iki.”
(Lukas 11:24-26, 2 Petrus 2:20)

Akéh wong Yahudi pracaya marang Sang Kristus ing wiwitan timbalan kang diparingaké Panjenengané. Wong Yahudi kadudut atiné déning pangandikan lan apa kang ditindakaké Panjenengané. Awit saka iku wong Yahudi sowan marang Manungsa katresnan iku. Anggoné leladi Panjenengané dadi jalaran pikiran kang anyar ing sajroné uripe wong-wong Yahudi iku. Roh Panjenengané nundhung roh-roh cemer ing sajroné atiné lan pangandikan Gusti Yésus nyucékaké uga ngresiki wong-wong iku supaya nyawisaké dalan kanggo manunggale Sang Roh Suci langgeng ing sajroné panguripané.

Akéh-akéh saka wong-wong Yahudi iku ora tetap manunggal ing sajroné Sang Kristus awit anceman saka para pemimpiné lan kawedené wong-wong iku gegayutan paukuman kang abot kang bakal diterapké marang kang nerak paugeran. Awit saka iku sithik mbaka sethithik wong-wong mau ninggalaké Sang Kristus.

Wong-wong Yahudi iku kudu gawé putusan babagan sikep uripe lan milih antarané pranatan tradisi kang mbulet utawa katresnan Allah ing sajroné Gusti Yésus, antarané dibeneraké lumantar tata laku apa dibenereké lumantar sih rahmat; antarané Sang Roh Suci karo roh-roh jaman kang ala iki. Awit saka iku wong-wong Yahudi ninggalaké Sang Kristus lan keselametan saka Panjenengané awit wedi marang manungsa. Iki bebaya kang gedhé dhéwé kanggo wong-wong pracaya anyar, yaik bebaya tiba manéh lan nyelaki Sang Kristus kang kebak sih rahmat kanggo nglegakaké manungsa. Wong-wong kang nasipe ora mujur mengkené iki kaya wong-wong kang kapanjingan lan diwarasaké sakwisé krungu wulangan Gusti Yésus. Sakwisé iku, wong iku ninggalaké Sang Juru selamet kang setya lan bali dikuwasani déning roh ala kang lipet kaping pitu alané tinimbang sadurungé lan dadi luwih ala uga dadi kang manggon ana ing neraka.

Aja lali yén gegayutan karo sesambungané karo gusti Allah, panjenengan iku salah siji ing antarané loro kahanan iki: wong kang merdeka utawa wong kang isih kabanda. Panjenengan dijebati déning Sang Roh suci utawa dikuwasani déning Roh ala. Manawa panjenengan kanthi sengaja ninggalaké iman marang Sang Kristus, mula neraka bakal nguwasani panjenengan lan panjenengan bakal kacancang uga kagawa marang piala lan kahanan kang cemer.

Manunggala ing sajroné Sang Kristus, tampanen Suwara Panjenengané lan mbangun turuta pituduh saka Sang Roh Suci. Akonana dosa-dosa panjenengan lan kareben pangandikané Gusti Yésus nyucékaké pikiran panjenengan lan ngresiki ati panjenengan. Manawa panjenengan sowan marang Gusti Yésus, panjenengan bakal kalimputan panguwasané Sang Roh Suci. Sang Roh suci iki bakal ngalimputi kothongé panguripan panjenengan lan nuntun panjenengan supaya manunggal karo Sang Juru kang merdikaaké panjenengan. Nanging manawa panjenengan ninggalaké Panjenengané panjenengan nyeraki bebaya dadi abdi roh-roh ala.

PANDONGA: Dhuh Sang Juru wilujeng ingkang setyo, kawula ngaturaken panuwun kangthi golong giliking manah dhumateng Paduka awit Paduka sampun nimbali kawula ing salebetipun peladosan Paduka, ngicali sadaya dosa kawula, nyucékaken manah kawula, lan ngalimputi kawula kaliyan Sang Roh suci kanthi makaten di pangawak dursila mboten malih gadah panguwasa ing salebetipun badan kawula. Kawula nyuwun supados Paduka nguwalaké mitra lan tangga tepalih kawula saking astanipun sipangawak dursila kanthi makaten para mitra kawula saget mratobat, nampeni Paduka kanti ngaturaken panuwun, mretobat dhumateng Paduka saha sang Roh panggesangan saget manunggal ing salebetipun lampah gesangipun njagi supados mboten dadi mangsa roh cemer. Paduka pitulungi kawula masrahaké badan kawula sawetahipun dhumateng Paduka, Paduka papanaken wonten ing asta Paduka lan jangkung ing salebetipun kasetyan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé roh ala bisa bali karo pitu roh liya saka wong kang wis diresiki saka roh ala sadurunge?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)