Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 078 (The Two Ways)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

c) Dalan Cacah Loro (Matéus 7:13-14)


MATÉUS 7:13-14
13 Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit ama lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akéh wong kang padha metu ing kono. 14 Kosok baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu”.
(Matéus 19:29; Lukas 13:24; Para Rasul 14:22)

Gusti Allah nimbali panjenengan supaya sowan marang Panjenengané. Nanging ana ngendi lawang suwarga iku? Sang Kristus ngandika, “Aku iki lawang” lan ora wong siji waé kang bisa mlebu kajaba wong iku nampani katresnan Gusti Allah kang dadi manungsa ing sajroné Gusti Yésus. Panjenengané wis ngilangi kabéh dosa panjenengan. Ing sajroné Panjenengané panjenengan bisa sowan marang Gusti Allah, disucéni saka kabéh dosa panjenengané. Tanpa disucéni saka kabéh dosa panjenengané panjenengan ora bakal nglewati lawang ciyut. Kita kudu ngakoni dosa-dosa kita kanthi mengkono Panjenengané nyucékaké kita. Kayu Salib iku siji-sijiné dalan kang tumuju Suwarga.

Ing dalan kang jembar, panjenengan bakal nemokaké kemardikan kang akéh. Gapura iki tinarbuka jembar dadi pendadaran kanggo wong akéh supaya dilewati cara kajuligané manungsa. Panjenengan bisa uga mlebu ing gapura iki kanthi hardaning kabéh hawa napsuné. Panjenengané ora matesi pepinginan panjenengan, hardané hawa nafsu panjenengan. Panjenengan bisa nuruti “pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu” (Pengkotbah 11:9), kang ménéhi kebebasan kang jembar banget. Yaiki dalan kang jembar, awit ora ana kang meneii kamardikan kang banget déning jembar. Yaiki dalan kang jembar, awit ora ana prenatan kang mageri wong-wong kang lumampah ing kana, nanging wong-wong mau bakal kesasar lan kaumbar tanpa arah. Gapura kang jembar, awit duwé akéh dalan ing kana, yaiku pilihan dalan dosa, lelawanan antarané siji lan sijiné nanging kabéh iku mau kapungkasan ing dalam kang jembar iki.

Ana wong akéh kang mlebu gapura iki lan mlaku ing dalan iki. Manawa kita melu wong akéh, kita bakal nindakaké piala. Manawa kita melu kumpulan wong iki, kita bakal salah dalan. Banget déning biasa kanggo kita melu dalan kang jembar lan nindakaké apa kang ditindakaké golongan mayoritas. Wong-wong kang melu dalan kang jembar temtu bakal mlebu neraka. Kita aja melu wong-wong mau awit kita lagi lumaku menyang suwarga.

Dalan nderek Gusti Yésus iku ora gampang. Tansah mbutuhaké kawigaten gedhé supaya bisa tetep ngetut buri pemimpin senajana mlaku dalan gumuk, ing kanan lan kerengé jurang kang jero kang bisa andadekaké wong glundhung. Aja wedi babagan bebaya nalika panjenengan mlaku ing gumuk lan ing ngaré ing sajroné urip panjenengan. Tansaha ngetut buri pemimpin panjenengan yaiku Gusti Yésus. Cancangen badan panjenengan marang Panjenengané kanthi tali iman yén mangkono panjenengan ora tiba ing sajroning jurang, bisa nggayuh tekan ing pucuk, papan kang maha luhur kang dadi tujuwan urip panjenengan.

Para pandhérék Sang Kristus ora akéh gungungge. Wong ora ngreti yén dalan katresnan Panjenengané iku éndah. Wong-wong mau kanthi gumunggung mlayu tumuju dalan pepinginan lan pangerep-arep palsu, ora mbangun turut marang Gusti Allah lan kesasar ing dalan kang jembar uga mlebu ing sajroné jurang, sawetara wong-wong mau duwé pikiran yén awaké apik, mursid, lumaku dalan kang bener, lan ora mbutuhaké juru selamet. Wong-wong mau urip tanpa Gusti Allah ora duwé kabungahan kang bener lan kabungahan kang langgeng. Wong-wong mau jibar-jibur, mendem lan nindakaké laku jino, lan sebanjuré lakuné nuntun awaké langsung marang kacilakan langgeng.

Arep tindak menyang ngendi panjenengan iki? dalan endi kang panjenengan lewati? Dalan kang nuntun panjenengan marang Gusti Allah utawa dalan liya kang nuntun panjenengan marang si pangawak dursila? Aja cepet ménéhi wangsulan, awit wong-wong Farisi kang mursid, ing jaman Kristus, precaya yén karcis menyang suwarga wis ana ing tangané. Wong-wong kang ora ngrokok, ora ngombe, nganggo sandhangan kang sedherhana, ndedonga tanpa mandheg, pasa pirang-pirang dina lan pirang-pirang bengi, ménéhi pisusung lan sumbangan lan nuduhaké buktiné kanthi cetha. Nanging senajana mengkono, patrap ibadah jasmani waé durung cukup. Wong-wong iku yaiku wong-wong kang cerak dhéwé karo geni neraka, awit wong-wong mau mlaku ing sajroné rasa gumunggung kang nyata. Iblis bisa ngendhaleni wong-wong mau lumantar kayektén pribadiné langsung tumuju menyang geni neraka.

Titah anyar kasukman yaiku lawang ing ngendi kita bakal mlebu menyang dalan kang ciyut, ana ngendi kita miwiti urip iman lan patrap mursid. Kanthi lahir anyar kita pindah lan kahanan dosa marang kahanan sih rahmat. Yaiku tegesé “dalan kang ciyut,” angel ditemokaké, lan angel dilewati, kaya renggangan ing antarané watu loro. Gusti bakal ménéhi marang panjenengan ati kang anyar lan roh kang anyar, nanging prekara kang lawas kudu ilang. Pepinginan jiwa bakal dirubah, kulina lan patrap cemer diilangi, apa kang wis kita tindakaké ing sajroné urip kita diendhegake. Kita kudu nglangi lumawan ilining banyu. Kang nyatroni kudu dilawan lan dikalahkan, saka njaba lan saka njero. Kala-kala luwih gampang wong lumawan saindhenging jagat tinimbang karo lumawan awaké dhéwé, nanging iki kang kudu dumadi ing sajroné pamratobat. Yaiku “Lawang kang ciyut” awit kita kudu ndhungkluk, utawa kita ora bakal bisa lewat. Kita kudu dadi kaya bocah-bocah. Pikiran kang luhur kudu ditelukake. Kita kudu ngracut lan nyelaki awaké, ngracut jagat, ngracut manungsa lawas kita. Kita kudu cemawis ninggalaké kabéh kang dadi godha kita demi Sang Kristus. Lawang iki ciyut kanggo sakabéhe, nanging kanggo sawetara wong lawang iku katong luwih ciyut, contoné kanggo wong-wong sugih, utawa wong-wong kang duwé jubriya kang daya lumawan agama. Lawangé ciyut. Pinuji Allah, awit lawang iku ora dijaga déning pedang kang murup, ora katutup, lan ora dikunci kanggo kita, dikaya kang bakal bakal dumadi (Matéus 25:10).

Prekara iki wis cetha banget. Urip lan mati, patrap becik lan patrap ala ana ing ngarepe kita, loro jinis dalan iku lan uga loro jinis tujuwan kang ana. Kareben prekara iki digatekaké kanthi sawutuhé lan ditimbang kanthi wicaksana, lan sebanjuré milih dina iki uga dalan endi kang bakal panjenengan lewati. Prekara iki wis ditetepaké selaras dalané lan ora bisa didadekaké kanggo debatan babar pisan. Ora ana wong siji waé, kang nggunakaké akal sehat, kang bakal milih cagak kang nggantung awaké, senajana dalan tumuju mrana rata, lan nyenengaké, uga ora ana wong kang nampik tumuju kraton lan dhampar, senajana dalan menyang rana kasar, lan uga reged. Nanging prekara kang mengkono kang malah dumadi, ing sajroné jiwa manungsa. Awit saka iku, aja nungka; aja kesuwén mikir, mlebuta lawang kang ciyut; nothoka lan ndeonga lan mbudidaya kang tulus uga tegen, lan lawang iku bakal dibukaake. Pancen, kita ora bakal bisa mlebu, utawa nerusaké anggoné mlaku ana kana, tanpa pitulungan nugrahané Allah. Nanging uga bener, yén nugraha iku ditawakaké tanpa mbayar lan ora bakal ditahan-tahan saka wong-wong mau kang nggoléki. Kelahiran manéh dudu gegayutan karo akal, nanging kanthi kasukman. Prekara iku bakal paringaké tanpa mbayar déning Sang Rama kita ing kasuwargan.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, katresnan Paduka menika suci. Paduka apunten kawula atas kekuwatiranmu kadonyan kawula lan atas anggen kawula mboten nggatosaken tiyang-tiyang sanés. Paduka tulungi kawula supados manunggal ing salebetipun Sang Kristus kang kasalib kanthi makaten Panjenenganipun saget paring kamardikan kula saking awratipun momotan kula, kanthi makaten kula saget lumampah sesarengan kalian sadaya putra Paduka ing marang kasucén ndhérék Sang Ratu katentreman menika. Tuntun kawula dhumateng Paduka, maekani raos ajrih lan godha, awit Putra Paduka sampun nyancang sariranipun kaliyan kula ing salebetipun Prejanjian Panjenenganipun ingkang énggal.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé lawang lan dalan tumuju marang Sang Rama kita ing suwarga ciyut?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)