Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 077 (Golden Rule)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

b) Prenatan emas (Matéus 7:12)


MATÉUS 7:12
12 “Mulané apa sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marng kowé, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasané Torét lan kitab para nabi.
(Matéus 22:36-40; Rum 13:8-10; Galatia 5:14)

Apa panjenengan pirsa yén Gusti Allah nresnani panjenengan, paring jawaban donga panjenengan, lan paring kamardikan panjenengan saka kasujanan, paring kamardikan panjenengan saka daya pengaruh rasa kuwatir panjenengan lan mbuwang kabéh panggraita kang ora landhep panjenengan kang ngluwihi wates tumuju marang urip kang kalimputan tentrem rahayu, leladi lan kasucén? Minangka tanggapan gegayutan katresnan kang gedhé iki, aja mung mentingaké awak dhéwé. Rubahen pikiran panjenengan lan gatekno kanthi becik kahanan sanak keluwarga panjenengan. Dikaya panjenenan nresnani awak dhéwé, semono uga wektu lan dhuwit panjenengan minangka pangorbanan kanggo wong liya. Nyawanga marang Sang Kristus kang wis maringaké sarirané sawutuhé kanggo wong-wong dosa. Kanthi patuladan iki, watonan dasar urip bakal owah gingsir. Aja duwé pangarep-arep diladeni, nanging tulungen kanthi legawa wong-wong kang mbutuhake. Tindakna kabecikan tanpa katungka, awit anggoné nderek Sang Kristus ngrubah abdi Panjenengané dadi abdi sejati lan dadi memper karo Gustiné.

Sang Kristus rawuh nggulawenthah kita, ora mung apa kang kudu kita mangerti lan pracaya, nanging uga apa kang kudu kita tindakaké – apa kang kudu kita tindakaké mung marang Gusti Allah, nanging uga apa kang kudu kita tindakaké marang manungsa – ora mung apa kang kita tindakaké marang sedulur kita lan uga marang golongan wong-wong kang kita senengi, nanging uga marang manungsa umume. Prenatan emas kang padha kalungguhané yaiku kanggo nindakaké marang wong-wong liya dikaya kang kita arep-arep wong-wong nindakaké marang kita. Disawang saka pérangan kang apik utawa kang ala, hasile tetap padha. Kita ora kena nindakaké ala marang wong liya kang wis ditindakaké marang kita utawa piala kang bakal wong-wong mau tindakak marang kita manawa kita duwé kwuasa nindakake. Iki kalandhesi saka dawuh Agung iku, “Tresnana pepadhamu manungsa dikaya awakmu dhéwé”. Dikaya kita kudu nggatekaké kang padha marang pepadhané kita dikaya karo apa kang kita rasakaké dhéwé, mengkono uga kita kudu nuduhaké patrap kang mengkono uga marang wong liya mau. Kita bisa, ing sajroné gegayutan karo wong-wong liya, duwé anggepan awak kita ana ing sajroning kahanan lan masalah mligi kang padha karo wong-wong kang ana ing sakiwa tengen kita, lan ngrasakaké kahanan kang mengkono. Manawa saupama kita ana ing sajroné kahanan kaya wong-wong mau, mbudidaya ing sajroné karingkihan lan kangelan kang mengkono, kepiyé aku kepéngin dipatrapi kang padha déning wong liya? Lan iki mung saupamané awit kita ora mangerti kapan masalah kang nempuh wong-wong mau nempuh marang kita uga. Lan kita perlu geter, awit Gusti Allah ing sajroné pengadilané bakal nindakaké marang kita pas kaya apa kang kita tindakaké marang wong-wong liya manawa kita ora matrapaké wong liya dikaya pantesé kita matrapaké wong – wong mau.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, Paduka pantes dipun sembah déning sadaya manungsa. Paduka dipun remehaken déning tiyang-tiyang ingkang gesang tanpa maélu dhumateng Paduka. Ing salebetipun kesabaran Paduka, Paduka mboten nyilakané sedhérék-sedhérék menika, nanging Paduka maringaken putra tunggal Paduka dhumateng tiyang-tiyang kanggé nuntun tiyang-tiyang nyaket dhumateng Paduka lan ngribah Paduka dados kadosdené Paduka. Paduka apunten kawula awit mboten nggatosaken kamirahan Paduka, kasaénan lan panguwaos Paduka. Owahaken gesang kawula sak lebet-lebet supados kawula kanthi makaten kawula saget lelados Paduka lan lelados sadaya tiyang kanthi pujian lan atur panuwun dhumateng Sang Kristu singkang dados patuladan lan pangangen kawula.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi wadi saka prenatan emas?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)