Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 067 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:12
12 Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdené kawula inggih ngaputeni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.
(Matéus 18:21-35)

Bungah-bungaha wong kang wanuh dosa-dosané lan ngakoni dosa iku. Njaluka marang Rama kasuwargan kanggo ngapura pikiran lan patrap ala panjenengan, lan pracayaa yén donga panjenengan dipun parengaké, awit Sang Kristus wis nyucékaké sakabéhé ing kayu salib. Tampanen sih rahmat Sang Kristus ing sajroné ati panjenengan. Roh Suci badhé paring panglipuran lan négesaken panjenengan ing salebetipun tentrem rahayu Gusti Allah. Akonana dosa-dosa panjenengan lan pracayaa yén sakabéhé wis diapura ing salebetipun Sang Kristus. Panjenenganipun wis mbeneraké panjenengan nganti salawase. Apa panjenengan wis ngaturaké panuwun marang Sang Rama panjenengan ing suwarga atas jembaré pangapura marang panjenengan atas landhesan karukunan saking sang Kristus?

Apa panyuwun babagan pangapura dosa mung gegandhengan karo para pawongan kang tumindak ala lan golongan ateis (wong kang ora ngakoni anané Gusti Allah), utawa apa iku uga kalebu putra-putra Panjenengané kang wis dibenerake? Manawa Sang Roh Suci manunggal ing sajroné panjenengan, panjenengan bakal mratélakaké jeroné kekarepan ala panjenengané godha kanggo ngunggul-unggulaké, luberé omong kosongé panjenengan, wisa rasa sengit panjenengan lan gunung gumunggung panjenengan. Putra-putra Yahweh banget déning prelu kanggo golék panyucen ing sajroné rah Sang Kristus saben saben ing saben dinané. Ora ana manungsa kang resik ing ngarsané Gusti Allah atas kekuwatané dhéwé. Pangorbanan Sang Kristus iku siji-sijiné landhesan kanggo urip kita ing sajroné Panjenengané. Ora ana rasa tentrem ing sajroné ati kita kajaba lumantar rah cempe kang dibeleh kanggo kita. Sang Kristus ora mulangaké pandonga gusti iku mung kanggo wong-wong dosa, nanging Panjenengané mulangaké luwih dhisik marang para pandhérék Panjenengané kang ngakoni lan ngakoni yén Gusti Allah yaiku Sang Ramané. Inggih menika sebabipun kita ndedonga saben dinten supaya Panjenengané kersa nyucékaké kita saking sadaya pikiran, tembung lan tumindak kang ala.

Manawa, kanthi sih rahmat juru selamet panjenengan, panjenengan wis nampa pangapura dosa panjenengan, wis dikuwataké ing sajroné ngalahaké patrat mentingaké awak dhéwé lan wis dimerdekaaké pangawé kang najis, panjenengan bakal nemokaké ing sajroné panyuwun kang kaping lima saka donga Gusti iki yén gusti Yésus nuntun panjenengan ora mung kanggo nyuwun pangapura saka Panjenengané kanggo dosa-dosa pribadi panjenengan dhéwé, nanging uga nyuwun pangapura kanggo wong-wong dosa liya kang panjenengan tepung. Ora ana manungsa kang becik. Kabéh manungsa mbutuhaké juru selamet kang setyo. Panjenengané diparingi kewajiban dadi wong kang ndongakaké kanggo wong kabéh kang nerak lan ora mbangun turut marang prenatan, awit saka iku dados wong kang seneng ndedengo, ndongakaké wong kabéh kang setya.

Sang Kristus piyambak ngandikaaké tembung iki. Awit katresnan Panjenengané kang luber-luber, Panjenengané nyangga kabéh dosa jagat lan dadi pantara kanggo kita, nyuwun ing pandonga panjenengané “Paduka apunten kawula gegayutan kalepatan kawula!” lan kang dikersakaké déning Sang Kristus yaiku gegegayutan apa kang ditindakaké déning para murid Panjenengané umat Panjenengané lan kabéh manungsa. Panjenengané nampa kabéh kaluputan kita lan nyangga paukuman nggenteni kita. Kaya apa agungé katresnan Panjenengané kang andhap asor ana kon Kang Maha Suci mulungaké asta mundhut kang dadi momotan kita ( II Korinta 5:21).

Pinuji gusti Yésus awit panjaluk kang banget ora ana bandhingané iki, kang mitulungi kabéh wong kang ndongakaké kanggo ngakoni yén awaké iku wong dosa lan dhéwéké pantes nampa paukuman saka gusti Allah. Kabéh wong kang mratobat kang ngaturaké panyuwun iki kalandhesan iman lan duwé keyakinan ora bakal tetap ana ing sajroné patrap gumunggung awit wong iku wis ngakoni dhéwéké luput kaya wong-wong liyané. Panyuwun iki bakal nuntun kita metu saka patrap lelamisan lan gumunggung manawa kita ngakoni yén kita iku wong-wong dosa kang dibeneraké lumantar sih rahmat Gusti Yésus Kristus.

Ana ngendi pujian kita? Kepiyé panjenengan ngaturaké panuwun marang Panjenengane? Kapan panjenengan ngluhuraké anggoné Panjenegnané paring pangapura?

Kepiyé manungsa ngerti yén Kang nitahaké jagat raya iki wis paring pangapura atas dosa-dosane? Lan kepiyé manungsa bisa yakin yén paneraké wis ilangi sadurungé tekané dina pangadilan? Kepiyé panjenengan dibeneraké kanthi langgeng ing ngarsané Gusti Allah lan para malaikat Panjenengane? Panjenengan ora bakal nampani pepesthen kang langgeng, kajaba ing sajroné sarira Gusti Yésus Kristus kang wis séda kasalib. Panjenengan iku cempe Allah kang wis nyuceni kabéh dosa jagat. Iya panjenengané waé kang makili panjenengan nyangga pakuman. Panjenengané waé kang wis nandang kasangsaran kanggo panjenengané. Pangapura kang diparingaké Panjenengané neguhaké kayektén panjenengan. Panjenengané ngrukunaké jagat karo gusti Allah. Sing sapa pracaya marang Panjenengané nampeni pangapura kang ora susdah mbayar lan dibeneraké langgeng.

Manawa panjenengan kersa ngaturaké panuwun marang Sang Kristus atas anggoné ngrukunaké panjenengan karo Panjenengané kanthi sampurna lan pangapura kang sawutuhé atas dosa-dosa panjenengan, panjenengan apura uga satru panjenengan dikaya gusti Yésus Kristus wis ngapura panjenengan. Katresnan Panjenengané nuntun panjenengan supaya pnjenengan nresnani satru panjenengan. Kanthi mengkono, panjenengan ngrasakaké wadiné pangapura ing sajroné katresnan Panjenengane

Rama panjenengan nimbali panjenengan supaya ménéhi pangapura kabéh manungsa, amberkahi lan ndedonga supaya gusti Allah ngesokaké sih rahmat marang manungsa iku. Owah-owahan kang temen ing sajroné tata laku iki kawiwitan ing sédané Sang Kristus ana kayu Salib lan kudu eling saben dina lumantar kapiyandelan lan pangapura panjenengan.

Yen panjenengan ora ménéhi pangapura satru panjenengan atas kaluputané panjenengan bakal agawé awak panjenengan pinisah saka sih rahmat Rama panjenengan, awit, ing sajroné panyuwun panjenengan ing pandonga, panjenengan matur: “paringana pangapunten kalepatan kawula kados dené kawula ugi ngapunten tiyang ingkang nindakaké lepat dhumateng kawula.” Manawa panjenengan ora nglalekaké kaluputané panjenengan nindakaké kaluputan marang donga iki, kaya-kaya panjenengan ngipat-ipati awak dhéwé kanthi kandha: “Dhuh Rama, Paduka apunten kalepatan kawula, nanging ampun kesupen dosa-dosa kawula, kados kawula mboten nyupekaken dosa-dosa tiyang-tiyang sanés”. Manawa panjenengan temen-teman ngapura para satru panjenengan, sebanjuré panjenengan nyuwun marang Gusti Allah supaya nindakaké prekara kang padha marang panjenengan. Tembung cilik “kaya” iku tembung kang paling mbebayani ing sajroné donga Gusti, awit saka iku tindakna kanthi bener ing saben saben ing sajroné panguripan panjenengan.

Gusti Allah ora nuntut panjenengan nindakaké prekara kang mokal. Panjenengané ngersakaké supaya panjenengan kaanyaraké lan duwé sih rahmat kaya dené Panjenengané. Yaiku watonan katresnan, urip ora mung kanggo awaké dhéwé nanging uga kanggo wong liya, kalebu wong kang ora pantes. Kabéh dosa panjenengan diapura dadi apuranen satru panjenengan atas kaluputan lan paneraké marang panjenengan, makaping-kaping, dikaya Sang Rama panjenegan ing suwarga ngapura.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka, ngluhuraké Paduka lan abingah-bingah ing salebetipun Roh Paduka ingkang sareh, awit Paduka sampun ngaputen kawula lan sadaya tiyang ingkang mratobat, atas sadaya panerak, kanthi anggen Paduka séda ingkang ngrukunaké saking putra Paduka ingkang Paduka tresnani ing kajeng salib. Kawula sujud ing ngarsa katresnan Paduka lan mbudidaya mujudaken ing salebetipun gesang kawula. Kawula mbudidaya amberkahi satru kawula kados dené Paduka amberkahi kawula. Nyuwun Paduka tulungi kawula supaya ngaputen kalepatanipun para satru kados dené Paduka ngaputen kawula ing salebeting kaagungan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa wadi ing sajroné panyuwun pangapura?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)