Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 068 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:13
13 Punapa dené kawula mugi sampun ngantos katandukaké dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking Piawon....
(1 Yokanan 5:4-5 lan 19)

Rama kasuwargan ora bakal nyasaraké utawa nuntun wong marang panggodha, awit katresnan Panjenengané kang suci nylametaké kita lan ora nyilakaaké kita. Nanging manawa salah siji putra Panjenengané ora maélu panyurung lan pameleh Sang Roh Suci ing sajroné kasucén, kayektén lan katresnan uga tetap ana ing sajroné patrap wangkot lan gumunggung, sebanjuré Gusti Allah ngidinaké wong kang ala iku mlebu ing sajroné dosa lan isin. Kanthi mengkono, wong iki ngerti yén dhéwéké ora becik saka ing sajroné awaké dhwe, nanging cemer lan ala wiwit cilikané. Wong iku nangis, mratobat lan bali marang Sang Rama nyuwun pangapura uga nyuwun ana owah-owahan ing uripe sawutuhé lan kasucékake.

Rama kasuwargan panjenengan ngersakaké ngrubah panjenengan dadi memper karo pasemon Panjenengané. Sang Kristus maringi asma Panjenengané marang panjenengan. Panjenengané nyebut panjenengan “Kristen” kanthi mengkono panjenengan bisa tumindak dadi wong kang wis kajebatan Roh Suci lan dadi suci ing sajroné katresnan lan ngreti kabungahan tentrem, lan sabar, kabecikan. Manawa ora ana siji waé pambobot saka Rama iki ditemokaké ing sajroné awak panjenengan awit wangkoting ati panjenengan, ora ana dalan liya kanggo Gusti Allah kajaba ngidinaké panggoda nempuh panjenengané kaya ta lelara, urip methentheng, lan musibah. Panjenengané paring paukuman panjenengan supaya panjenengan ngrungokaké katarangan lan bali ing sajroné pamratobat uga ngluru keselametan lan panyucen ing sajroné panguwasa Panjenengané.

Manawa panjenengan nyuwun supaya badan panjenengan lan kanggo kabéh wong pracaya, nganyaraké pamratobat lan ngedoh saka panggodha uga ngedoh saka anggoné nindakaké dosa, panjenengan bakal ngluru wong kang nganyaraké lan wong kang nyucékaké ati. Rasul Paulus, nalika nafsiraké watonan bab anggoné kabeneraké kanthi njléntréh ing sajroné layang Rum, nyethakaké bab anggoné kabeneraké lan anggoné kaanyaraké pikiran wong-wong pracaya, kanggo misusungaké awaké minangka pisusung kang urip, kang dadi keparengé gusti Allah (Roma 12:1,2). Sebanjuré panjenengan uga kudu didandani, awit yaiki karsané Gusti Allah, anggoné nyucékaké kita. Sang Roh Suci terus nyurung panjenengan supaya nyingkur awak panjenengan lan kapenuhan karo katresnan Allah kang andhap asor.

Pancoban ing sakiwa tengen panjenengan akéh banget, saka film, iklan, buku, sandhangan lan kabéh panguripan wis dadi siji nguwuh lumawan kasucéné Gusti Allah. Pikiran ala lelawanan karo dhawuh Allah metu saka ati kita. Kita kabéh mbutuhaké donga kanggo adoh saka panggodha. Awit iku ayo kita nyebutaké kanthi eling lan yakin marang apa kang kita aturaken ing sajroné pandonga. Tujuan pungkasan saka kabéh panggoda iku lumawan karsané Allah lan kita ngedoh saka prejanjian Panjenengané urip adoh saka Panjenengané.

Wong-wong Kristen kaancam karo bebaya tiba ing sajroné akéh panggodha saka Anti Kristus. Sing sapa ngrungokaké Injil, pracaya lan nglakoni panguwasané nanging ora urip kabawah tangung jawab saka katresnan Allah lan kabawah tuntunan Roh Suci, bakal mangkotaké atiné. Ya iki sebabé panjenengan nemokaké, ing negara-negara kang tau nampani sih rahmat saka Prejanjian Lawas lan Prejanjian Anyar, luwih akéh wong ora pracaya anané Gusti Allah (ateis) tinimbang karo ing negara-negara kang durung krungu sih rahmat Allah ing kayu Salib. Ngati-ati supaya ora mangkotaké ati panjenengan marang suwara Allah kang suci. Aja nampik tuntunan sang Roh Suci tumuju marang pangapura, kasucén lan kayektén.

Aja duwé pikiran yén panjenengan kuwat, pinter, lan becik, awit kita kabéh bodho, ala lan ringkih ing sajroné prekara kasukman. Akoni anggon panjenengan ora kuwagang ana ing ngarsané Sang Rama kasuwargan lan pracaya marang panguwasané lan pitulungan Sang Kristus waé. Yaiki carané Putra Allah ngalahaké Iblis karo ngandika, “Sang Putra ora nindakaké apa waé saka sarirané Dhéwé”. Wong-wong kang gumunggung tiba dadi korban si pangawak dursila, nanging wong-wong kang andhap asor lan kang dibeneraké ing sajroné asma Sang Kristus, lumaku ing sajroné panguwasané Sang Roh Suci. Panjenengané bakal manunggal ing sajroné katresnan kang dadi keparengé gusti selawasé lan kaayoman saka geniné pancoban lan petengé panguwasa pati, awit urip kang saka Gusti Allah bakal jejeg ing sajroné Panjenengané.

Aja ngangen yén panjenengan bisa ngalahaké Iblis, awit kita ringkih lan ora duwé daya ing ngarepané malaikat padhang kang tiba iku. Si pangawak dursila iku “luwih tuwa” saka panjenengan lan wanuh kabéh jinis cara, apus-apus lan godha. Nyuwuna marang Sang Kristus, kang nelukaké pati, kamenangan atas si pangawak dursila,supaya andadekaké panjenengan mitra ing sajroné kamenangan Panjenengané. Sing sapa pracaya marang panguwasané Gusti Yésus bakal dadi pihak kang menang bebarengan karo Panjenengané. Sing sapa pracaya marang panguwasané Gusti Yésus bakal ana pihak kang menang. Panjenengan iku kang ngayomi kita, ing sajroné Panjenengané kita kaayoman. Sang Kristus nyebut Iblis “si pangawak dursila” awit dhéwéké iku sumber kabéh piala. Ora ana kang asumber saka dhéwéké kajaba kacilakan lan cemer. Jagat ana ing sajroné pepérangan antarané Sang Rama Kasuwargan karo si pengawak dursila iku, antarané kang apik karo kang ala. Dikaya panyuwun kawitan ing sajroné donga Gusti iku “Rama” lan kang pungkasan yaiku “Piala” panguripan panjenengan obah musik panjenengan ana ing antarané loro pratéla kang nuduhaké watek wantuné Allah lan watek wantuné satru Panjenengané , Iblis. Mapan panjenengan ana ngendi?

Aja luru keselametan saka panguwasané Iblis kang nyasaraké awak panjenengan dhéwé, nanging ndedongaa supaya kabéh manungsa diuwalaké saka panguwasa pepeteng lan mlebu ing sajroné kraton keluarga Allah. Sang Kristus iku Juru nguwalaké kang maha kuwasa. Panjenengané nebus gereja Panjenengané kang nyuwun supaya uwal saka panguwasa pepeteng kang arep nguntal. Lurunen rawuhé sang Roh suci atas para mitra panjenengan supaya para mitra panjenengan uga bisa kapenuhan katresnan sejati, awit tanpa Sang Roh Suci para mitra panjenengan ora bakal bisa nindakaké kabecikan apa waé.

Nalika Sang Kristus rawuh ing sajroné kamulyan, kita kudu engggal-énggal methukaké Panjenengané kanthi panguwuh, awit ing ngarsané Panjenengané panguwasa Iblis pungkasané sirna. Sebanjuré ora ana prekara kang misahaké kita saka katresnané Allah, becik iku pati, dosa, utawa panggodha. Ing sajroné panyuwun kang pungkasan iki kita nyuwun supaya Sang Kristus énggala rawuh, mratélakaké kraton Rama Panjenengané ing ngarepe umum kanthi panguwasa kaluhuran Panjenengané. Awit saka iku tujuwan saka dongané Gusti iki yaiku kanggo wanuh kraton Sang Rama kasuwargan kita, kang wis ngalahaké kabéh panguwasané satru.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula manembah Paduka awit katresnan Paduka, atas kawilujengan lan Putra Paduka ingkang Paduka sihi saking panguwaosipun Sang Roh Suci. Paduka kawonaken anggen kawula mboten mbangun turut lan Paduka sucékaken kawula sawetahipun. Kapenuhana kawula kaliyan kayektosan Paduka kanthi makaten kawula mboten dados korban saking Iblis menika. Kawula sadaya gagal lan nglaha tanpa gina ing salebetipun pepérangan suci menika, nanging panguwaos Paduka nguwalaken kawula, nguwalaké ugi kathah tiyang sanés saking pangurungipun si pengawak dursila saka nuntun kawula ing salebetipun kraton sih Paduka kanthi makaten kawula saget ndhérék ing salebetipun kamimpangan Paduka atas si pengawak dursila menika.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita kauwalaké saka si pengawak dursia saka panguripan kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:19 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)