Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 066 (The Lord’s Prayer)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

c) Pandongané Gusti Yésus (Matéus 6:9-13)


MATÉUS 6:11
11 Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

Hakikat kang asipat alam kita yaiku landhesan kanggo kabecikan kasukman jagat iki. Awit saka iku, minangka jejeré para putra Allah kita kaidinan ndedonga marang Sang Rama kita supaya kabutuhan kang diperlokaké lan kasenengan ing sajroné urip kita saiki iku rahmate gusti Allah.

Sang Kristus ora lagi sumpena. Panjenengané gesang minangka jejeré manungsa sejati ing planet iki. Panjenengané kanggungan badan kang bisa ngrasakaké luwe lan duwé kabutuhan, kawigaten lan uga mbutuhaken ngaso. Panjenengané pirsa kaya ngapa angelia kanggo wong-wong kang lara, ngelih lan ringkih kanggo ngluhuraké lan leladi Gusti Allah kanthi kabungahan. Sang Krsitus ora ngréméhaké badan manungsa. Panjenengané andadekaké pedaleman Sang Roh Suci lan paring dhawuh marang kita supaya njaga badan iki lan nggunakaké kanggé leladi kita marang Gusti Allah.

Gusti Yésus ora mulang kita supaya nggoléki wong-wong kang sugih lan kang duwé deduwékan, supaya weteng kita bisa wareg lan mendem. Panjenengané uga ora nuntun kita marang urip kang ana pantangan lan nyiksa awak dhéwé kang agawé kita duwé pikiran yén kita bisa nyucékaké badan kita lumantar nyiksa awaké dhéwé, direwangi ngelih lan ngelak. Panjenengané mulangaké kita supaya ndedonga marang Rama kita, “Paduka paringi kawula tetedhan, unjukan, rasukan, pendamelan, ngaso, griya lan menapa ingkang kawula betahaken ing salebetipun gesang”. Tembung “rejeki” kalebu kabéh kabutuhan kajasmanen, kasukman, lan jiwané uwong. Kita dudu kewan kang lega mung marga panganan lan ngombe. Kita mbutuhaké mitra, buku wacan, seni lan kesehatan. Yaiki sebabé Gusti Yésus mulang wuruk kita supaya nyuwun kanthi andhap asor lan kebak keyakinan babagan kabéh kang kita prélokaké supaya njaga panguripan kita, ora kanggo gumunggung utawa urip kepenak nanging supaya kita bisa urip kunjuk gusti Allah lan leladi Panjenengané kanthi kabungahan lan rasa cukup gegayutan kabéh kabutuhan urip kita.

Gusti Yésus négesaké yén ing sajroné pandonga gusti iku babar pisan ora nganggo tembung “aku”. Panjenengané nggunakaké tembung “kawula” ora mung ijen, awit Sang Roh suci mulang kita supaya nggatekaké lan maélu wong-wong liya uga. Gusti Allah ora mung Ramaku. Panjenengané iku Rama saka kabéh wong kang setya tanpa ana kang ditinggalake. Katresnan Panjenengané ora winates mung kanggo aku. Katresnan Panjenengané ngalimputi kabéh manungsa. Sang Roh suci paring kamardikan kita saka donga kang mentingaké awa dhéwé kanthi mengkono kita ora mung nyuwun rejeki kanggo awak dhéwé saka Sang Rama, nanging nyuwun berkah pedinan kanggo kabéh manungsa. Panjenengané nyawisaké kanggo kita supaya kita bisa ngedum cawisan kita karo wong-wong liya.

Manungsa dudu kang duwé kuwasa marang uripe dhéwé. Dudu kang duwé omah, dudu kang nguwasani wektu lan dudu panguawasa atas kekuwatané dhéwé. Manungsa iku titahé Gusti Allah lan Putra Rama kasuwargan. Ya iki sebabé panjenengan iku dadi kagungané bebarengan karo kabéh sing dadi darbek panjenengan. Rama kasuwargan nitahaké panjenengan kanggo leladi katresnan lan Panjenengané ngersakaké panjenengan ngedum berkah panjenengan bebarengan sedulur kang ana. Panjenengan ora bisa nyuwun marang sang Rama panjenengan, mung mitulungi panjenengan lan nylametaké nyawa panjenengan waé manawa panjenengan ora nyuwun prekara kang pada kanggo wong-wong liyané uga. Wadi kasiling panjenengan yaiku nggoléki luwih dhisik Kratoning Allah lan kayekténé lan sakabéhé bakal ditambahaké marang panjenengan. Awit nyambut gawé kanthi setyo iku syarat kanggo entuk pangané kita, kita nyuwun marang sang Rama, lan Sang Rama maringi marang kita lan maringi wong-wong liya kang panggawéné uga halal.

Rama kasuwargan kita sugihé ora karuwan, nanging awit anggoné rakus lan wangkot atiné para putra Panjenengané berkah Panjenengané iku asring katungka. Sang Roh suci nyurung panjenengan supaya ndedonga kanggo wong-wong kang mlarat lan ndongakaké wong-wong kang mbutuhaké uga. Nyuwuna panjangkung Panjenengané saben dinané lan tinggalen kasusahan kanggo dina sesuk, awit Sang Rama Panjenengan kang kebak katresnan nggatekaké panjenengan.

PANDONGA: Dhuh kanjeng rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, saking telenging manah kawula ingkang paling lebet awit Paduka mboten paring paukuman kawula kanthi kekirangan nedha atas dosa-dosa kawula. Paduka apunten kawula atas sikep mentingaken badan piyambak lan Paduka wucal dhumateng kawula supados mbage tetedhan kawula kaliyan tiyang-tiyang ingkang luwe lan tiyang-tiyang ingkang mbetahaken. Paduka kuwasani kawula kanthi katresnan Paduka, kanthi makaten mboten wonten kekuwatosan ingkang badhé mambengi kawula, nanging tulung kawula supados pitados dhumateng Paduka sawetahipun ing salebetipun panggesangan lan pati kawula. Paduka paringi kawula arta ingkang cekap kanggé ngedalaké buku-buku ingkang isinipun pawarta kabar kabungahan, ingkang badhé dados tetedhan kasukman kanggo kathah tiyang. Kawula ugi ngaturaken panuwun atas sadaya pitulungan Paduka dhumateng kawula. Paduka paringi sadaya tiyang ingkang mbetahaken pendamelan ingkang halal kanthi makaten tiyang menika saget lumados Paduka kanthi temen lan setyo.

PITAKONAN

  1. Apa kang kalebu ing panyuwun “pangan kawula dinten menika?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:23 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)