Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 033 (Baptism of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

2. Baptisané sang Kristus (Matéus 3:13-15)


MATÉUS 3:13-15
13 Nalika samana Gusti Yésus saka ing tanah Galilea rawuh ing bengawan Yardén murugi Nabi Yokanan, karsané supaya dibaptisa. 14 Nanging nabi Yokanan menggak, ujuke: “Kawula ingkang perlu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.” 15 Nanging Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowé padha netepi sakéhé kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.
(pirsani Markus 1:9-11; Lukas 3:21-23; Yokanan 1:21-23)

Yokanan Pembaptis nglumpukaké wong-wong kang mratobat, kang disanepakaké tegalan wis cemawis kanggo ditanduri Injil kang bakal teka, in Ngaré Yardén. Ati kang remuk dipilih déning Gusti Allah dadi wiwitan kanggo gereja Panjenengané. Sejarah masyarakat Allah ora diwiwiti ing sajroné gedung kang mewah, nanging ing ara-ara kang sepi.

Ujug-ujug, Gusti Yésus rawuh saka Nazaret sawusé rong dina anggoné tindak, banjur ngumpul dadi siji karo Yokanan uga masyarakat pamratobat anyar iku. Cetha banget wiwit patemon kawitané wong-wong yakin manawa Yokanan pancen nabi kang sabeneré, awit Yokanan wanuh gusti Yésus ing sajroné hakikat Panjenengané. Akéh-akéh wong ora wanuh gusti Yésus putra Maryam, nanging wong-wong kang mripate kajebatan déning sang Roh Suci wanuh Gusti Yésus lan panguwasa Sang Roh Panjenengané.

Gusti Yésus rawuh supaya dibaptis, nanging Kang mbaptis, kang nimbali kabéh wong dosa kango baptisan lan pawangunan, nampik mbaptisaken priyayi Nazaret iku, awit dhéwéké ndeleng kasucén Panjenengané. Yokanan ngakoni kanthi sora: Gusti Yésus iku siji-sijiné kang ora perlu nyuceni badan Panjenengané lan ora perlu ngrubah pikiran Panjenengané awit Panjenengané ora prelu miwiti sawijining urip kang anyar awit Panjenengané tanpa dosa. Gusti Yésus iku Kang Maha Suci, lan Kang Maha Maha Suci iku Gusti Allah piyambak. Yokanan ngakoni sipat keallahané Gusti Yésus wiwit kawitan dhéwéké ketemu karo gusti Yésus.

Ing ngarsané Sang Kristus, Yokanan ngakoni derajati kang asor, lan dhéwéké iku kang perlu dibaptis Panjenengané kanthi mangkono Yokanan nyuwun marang Gusti Yésus supaya mbaptis dhéwéke. Dadi Yokanan Pembaptis wis dijur ing ngarsané Gusti lan masrahaké awaké marang Panjenengané. Kanthi andhap asor, dhéwéké uga masrahaken para pandhéréké marang Sang Kristus.

Sang Kristus nampik pikiran Yokanan Pembaptis lan nyethakaké marang dhéwéké yén Panjenengané rawuh ora kanggo ngadhili nanging supaya diadili nggenteni kabéh manungsa. Awit saka iku Sang Kristus ora katon ing wiwitan anggoné leladi minangka jejeré Ratu kang gagah prakosa utawa nabi kang paring sabda, nanging minangka cempe Allah kang semanak kang nyangga kabéh dosa jagat, cemawis nyangga paukuman gusti Allah nggenteni kita.

Gusti Yésus ora tetap mapan ing Kasuwargan kang luhur lan agung, pinisah lan ora bisa diranggeh déning wong – wong dosa. Panjenengané mandhap ing tingkat pamratobata lan nyangga kabéh dosa kita. Gusti Yésus jumangkah kawitan ing kayu salib wiwit dina kawitan anggoné Panjenengané leladi, kanthi pangertén manawa ora ana dalan liya kanggo mbeneraké kita lan nylametaké jagat iki. Lumantar pangorbanan Gusti Yésus kang ngedap-edapi, gusti Allah nyethakaké kayektén lan kaadilan Panjenengané. Senajana Panjenengané mbeneraké wong-wong dosa kanthi ora usah mbayar, Panjenengané nindakaké paukuman kita ing kayu salib lumantar putra Panjenengané kang ontang-anting. Mung ing sajroné Sang Kristus kabéh tuntutan kayekténé Allah kelakoné.

Yokanan mbangun turut marang gustiné lan nuduhaké pamratobat kanthi anggoné mbangun turut. Yokanan mandap ing banyu karo gusti Yésus lan ngelepaké Panjenengané. Sang Kristus dhawuh marang Yokanan supaya melu njegur ing sajroné karsané Gusti Allah, mula ngandikané marang Yokanan, ““Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowé padha netepi sakéhé kabeneran”. Sang Kristus banget ngajeni kang mbaptis awit kasetyané lan melu nindakaké dadi salah sijining paraga kanggo kelakoné karsané gusti Allah.

Lan panjenengan uga, para maos kang kinasih, kadangu déning gusti supaya melu njegur ing sajroné nyebaraké kaselametan peparingi gusti Allah lumantar iman panjenengan lan lumantar paseksen panjenengan, ngabaraké kayektén Panjenengané marang wong-wong kang ngelak kayekton ing sakiwa tengan panjenengan.

Baptisan Sang Kristus ing kali Yardén nemokaké kelakoné makna ing kayu salib – nalika Kang kasalib iku mlebu ing sajroné kali Yardén, numpangaké marang Panjenengané piyambak dosa-dosa jagat lan séda ing sajroné bebenduné gusti Allah kang kaesokake. Kanthi kamimpangan Panjenengané metu saka banyu nggambaraké anggoné wungu saka séda.

Dadi makna saka baptisan Yokanan wis rubah. Iku dudu mung pengadilan nanging yaiku dalan kang ditetapaké déning gusti Allah kanggo urip langgeng. Sang Kristus ngersakaké maringaké gesang Panjenengané kanggo kita.

PANDONGA: Kula manembah Paduka, cempening Allah, awit Paduka nyangga sadaya dosa jagat. Paduka nyangga paukuman saking Gusti Allah ingkang kedahipun kula sangga. Paduka bikak mripat kula babagan kawilujengan lan katresnan Paduka ingkang ageng, kanthi makaten kula saget dipun beneraké lan saéstu-estu ndhérék cawe-cawe ing salebetipun kayektosan Paduka. Tulung kawula supados ngakeni asma Paduka kanthi makaten kathah para mitra kula saget dipun beneraken, awit kula mboten mangertos wonten kayektosan ingkang sanés kajawi ingkang woten ing Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé gusti Yésus dibaptis ana ing kali Yardén sinadya Panjenengané ora duwé kaluputan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 12:34 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)