Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 028 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:3-6
3 Dené satemené iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikaaké déning Nabi Yésaya mangkéné: “Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangéran, lurung-lurungé padha lencengna.” 4 Nabi Yokanan iku pangageme kang kagawé wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan mudu alas. 5 Banjur diparani déning wong-wong saka ing kutha Yerusalém , saska ing tanah Yudea kabéh lan saka ing wewengkon sakiwatengené bengawan Yardén. 6 wong-wong mau tumuli padha dibaptisi déning nabi Yokanan ana ing begnawan Yardén kalawan ngkoni dosané.
(Yésaya 40:3; Yokanan 1:23)

Yokanan iku kaya utusan kang mlayu saka kuthané kang mlayu menyang kuthané kang adoh lan nguwun marang kabéh uwong. “Sang Raja bakal rawuh ing desa kita. Dalané resikana, rengganen omah-omah, lan nganggoa sandhangan kang apik dhéwé”. Lan nalika para pinituwa kutha ketemu, para pinituwa kandha yén dalan umum kang bakal dienggo déning sang Raja banget déning kasar, lan ora bisa dilewati. Awit saka iku para pinituwa mau kandha marang utusan iku supaya bali marang Raja kang bakal rawuh nyuwun supaya ora ngutus wong kang nyambut gawé kanggo ndandani dalan, kang ngelih watu-watu lan pepalang kang bakal mambengi lakuné Sang Raja kang kanggo nyawisaken dalan kanggo Sang Raja iku. Para pinituwa kudu nyuwun marang Sang prabu dhéwé supaya nyawisaké kanggo pinituwa mau awit para pinituwa ora bisa nindakake.

Yokanan pembaptis iku “Swarané wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan” (Yokanan 1:23), nanging gusti Allah piyambak ingkang maringi sabdanipun. Kitab suci kudu ditampa apa anane- minangka pangandikané Gusti Allah (I Tesalonika 2:13). Yokanan yaiku “swara” iku, swara kang nguwuh kanthi sora, kang ngagetaké lan kang nangekake. Sang Kristus diwastani minangka “Sabda” kang bisa dadi cethané lan kemantepané andadekaké luwih duwé bobot wulangan. Yokanan minangka “swara” nangekaké manungsa, lan sebanjuré Sang Kristus minangka “sabda” mulangaké wong-wong iku.

Ing sajroné cerita Prajanjian lawas gegayutan Simson, ibuné Simson meh nglahiraké lan malaikat Gusti nglarang dhéwéké ngombe “omben-omben kang mendemi”, awit anaké, Simson bakal dadi “wong kang kuwat”. Ing sajroné prenatan kang padha bapak Yokanan Pembatis dadi wong bisu lan ora bisa kandha sawetara suwé, nanging anaké bajur dipilih dadi “suwara wong kang nguwuh-uwuh”. Nalika suwara kang nguwuh-uwuh iku dilahiraké saka bapak kang ora bisa omong apa-apa, iki nuduhaké, “anggoné ngedap-edapi panguwasa yaiku kagungané Gusti Allah, lan dudu duwéké manungsa”.

Panguwuhé Yokanan iku timbalan kasukman marang kabéh manungsa- supaya ora kacancang déning kabéh rasa kuwatir lan repoting urip, nanging mikir bab gusti Allah lan mratobat saka dosa, nglencengaké dalan saka masyarakat kanthi mengkoni kaluhuran Gusti Allah bisa nggayuh wong-wong mau.

Kotbahé ora mung tembung-tembung lan loro atau luwih tembung kang dibolan-baléni. Dhéwéké urip selaras karo apa kang dikandhakaké lan dikotbahake. Dhéwéké nganggo sandangan kaya para nabi kang liya lan urip ing ara-ara, pisah saka wong akéh, nyesekaké yén wong kabéh mbutuhaken gusti Allah lan wong-wong nampa timbalan supaya mratobat. Dhéwéké mangan walang, kang cemawis ing pasamunan lan kang dadi kalal selaras karo paugerané Musa (Kaimaman 11:22). Deweké ora ngganggo sandhangan kang alus kaya para priyayi, nanging kaya wong ngumbara, deweké nganggo sandhangan wulu unta kang kasar kaya amplas. Yokanan pembaptis tarak tanpa mangan panganan kang sarwa becik kan nuduhaké marang kita yén panganan, omben-omben lan kepenaké urip dudu kang penting dhéwé, nanging dhéwéké mratélakaké bab apa kang penting banget-sesambungan kita karo gusti Allah. Dadi kepiyé sesambungan panjenengan karo gusti? Apa dosa-dosa panjenengan kang malangi tanggapan Panjenengané marang panjenengan? Apa panjenengan eling gorohé panjenengan, pangigit-igit panjenengan marang satru panjenengan lan piala panjenengan? Dosa-dosa panjenengan wis misahaké panjenengan karo gusti Allah. Tingkat pendidikan panjenengan lan laporan kang becik bab panjenengan ora bakal nylametaké panjenengan saka pengadilan Panjenengané. Kepiyé telengé ati panjenengan? Rukuna panjenengan karo gusti Allah lumantar sédané sang Putra.

Tembung-tembung saka Sang Pembaptis nggegeraké wong-wong ing tlatah Yudea. Wong-wong mau padha mara sakprelu ketemu karo Yokanan Pembatis lan ngrungokaké nalika Yokanan Pembaptis kotbah. Ana papan iku wong-wong kang mratobat sujud, ndhungklukaké sirahé lan nampani baptisan ing kali Yardén. Wong - wong mau rumangsa isin atas dosa-dosané lan ngakoni kabéh pialané ing ngarpe wong akéh, golék kasucén, lan anggoné kamurnekaké saka gusti Allah. Senajana wong-wong mau mratobat saka pialané wong-wong mau ora mikir yén dhéwéké apik lan mursid, nanging ngrumangsani awaké dadi wong-wong dosa, kang pantes nampani paukumané Gusti Allah kang Suci. Wong-wong mau nguwuh nyuwun nugraha lan sih rahmat gusti Allah awit ngerti yén Paugeran ora nyucékaké, awit telenging atiné ndakwa marang awake.

Panganan Yokanan iku madu alas lan walang. Iki nuduhaké marang wulangan kang dikotbahaké bab “pamratobat” lan “woh-woh pamratobat”. Tumrape wong-wong kang gawéyané nyeluk wong-wong liya supaya ngreruntoh babagan dosané lan dadi sengit marang dosa, kudu nglakoni urip kang temenan, urip kang kinanthenan nyingkur awaké dhéwé lan ora nresnani jagat. Yokanan ninggalaken papan panggonané lan njajah laladan-laladan ing sakiwa tengen Yerusalém. Wong-wong kang kepéngin nampani berkah saka anggoné leladi Yokanan kudu “metu” nemoni dhéwéké ing ara-ara, melu cawe-cawe ing sajroné apa kang ditindakake.

Wong-wong kang temen-teman duwé pepinginan urip kaya pawata saka gusti Allah, manawa prekara iku ora dibawa marang dhéwéké, wong-wong mau kang bakal nggoléki lan wong-wong mau kang bakal sinau ajaran pamratobat ya kudu “metu” saka karepotan jagat iki, lan lungguh ngeningake.

Pamiarsa kang kinasih, penjenengan dadar telenging ati panjenengan sawutuhe, panjenengan buka pikiran panjenengan, tumindak panjenengan. Panjenengan sowan marang gusti lan panjenengan ngakoni ing ngarsané Panjenengané kabéh kaluputan kang tau panjenengan tindakake. Panjenengan eling yén panjenengan dudu wong bener, nanging wong dosa lan najis ing ngarsané kasucéné lan murniné gusti Allah iku. Panjenengan singkur badan panjenengan, panjenengan singkur patrap mentingaken awak dhéwé lan panjenengan nggoléki gusti uga karsané Panjenengané. Panjenengan ora bakal bisa dadi keparengé Panjenengané manawa panjenengan ora ngakoni dosa-dosa panjenengan. Pikiran panjenengan ora bakal nemokaké katentreman lan kahanan ingkang tenang saksuwéné panjenengan ora ngakoni kaluputan panjenengan. Panjenenegan buka ati panjenengan kunjuk Gusti Allah. Panjenengané iku setia lan adil lan wis nyawisaké pangapura kabéh kaluputan panjenengan. Aja mangu-mangu, énggal-énggal lan nyemplunga ing sajroné kali katresnané Gusti Allah kanthi mengkono Sang Kristus bisa nylametaké panjenengan lan panjenegnan bisa dadi manungsa anyar ing sajroné iman, ditampa déning gusti Allah lan manungsa.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kula, Gusti kula, Paduka ingkang mangertos piyambak mangsa kepengker kula, bilih kula menika tiyang dosa lan pantes nampeni paukuman Paduka. Paduka apunten dosa kula, selaras kaliyan kaluberan sih rahmat Paduka; ampun ngantos mbucal kula saking ngarsa Paduka, lan ampun mundhut Sang Roh suci saking kula.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi watonan wulangané lan uripe Yokanan Pembaptis iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 07:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)