Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 027 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:1-2
1 Ing Nalika Samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelaraké piwulang, pangandikane: 2 “Padha mratobata, amarga Karatoning Swarga wus cedhak!”
(Matéus 4:17; Markus 1:1-8; Lukas 3:1-18)

Yokanan Pembaptis, Putra Zakaria, nggunakaké wektuné nyepi ing ara-ara samun ana kana gusti Allah mratélakaké marang dhéwéké rancangan kang banget déning ndudut ati kanggo Kratoné Allah. Gusti Allah ngutus dhéwéké marang wong-wong Yahudi supaya nyawisaké atiné ngrubah pikirané lan nyawisaké dalan kanggo rawuhé Sang Kristus kang bakal énggal dumadi.

Kolah dibutuhaké kanggo saben wong-wong dudu Yahudi kang kepéngin dadi wong Yahudi, selaras karo Paugeran Yahudi. Kasilepaké ing kali lan metu saka banyu iku patrap kang nggambaraké pati lan sebanjuré urip anyar ing sajroné kamursidan kang dirukungaké karo gusti Allah.

Prekara kang ndudut ati bab baptisan Yokanan iku dhéwéké ora nindakaké baptisan marang wong-wong dudu Yahudi kang dianggep najis, nanging baptisan katujokaké marang wong-wong Yahudi kang mursid. Yokanan Pembaptis kotbah ing ara-ara samun ing kana mung ana wedhus kang nyangga dosa diculaké (Kaimaman 16:22). Kang diakoni dadi papan mapané Iblis. Wong-wong Yahudi kang mursid kudu prayitna supaya ora ngapusi awaké dhéwé, awit manungsa iku ala wiwit cilikané (Purwaning Dumadi 8:21) lan mbutuhaké pamratobat kang tulus. Gusti Allah isih makarya lumantar pangandikané lan Sang Roh Suci kagungané kewajiban nuntun manungsa marang pamratobat lan nganyaraké pikirané bab karsané gusti Allah. Pakaryan gusti Allah iki ora ngilangi tanggung jawab manungsa sesambungan karo pamratobat. Gusti ora ngersakaké siji waé cilaka nanging ngersakaké kabéh tekan ing pamratobat, nanging kabéh manungsa kudu nanggapi marang timbalan Panjenengané iki.

Timbalan Yokanan marang baptisan nganggo banyu ngandhut makna kang luwih saka mung mbuwang patrap mentingaké awaké dhéwé lan sebanjuré ngasilaké woh-woh kang becik. Pamratobat kang bener luwih saka mung pambudiaya manungsa; iku panguwuh ati marang gusti kang nuntun marang panyucené jiwa, lan nganyaraké pepinginané salah sijiné uwong. Wong kang mikir tumindak kanggo pamratobat iku sawijining sakabéhé rancangan Gusti Allah kanggo manungsa nindakaken kaluputan kanthi mikir yén manungsa bisa nganyaraké patrape dhéwé kanggo ngluhuraké gusti Allah. Yokanan nyawisaké dalan kanggo keselametan saka gusti Allah, kang nganyaraké manungsa iku lan maringi kabisan uga nyurung manungsa supaya nindakaken patrap kang becik kanggo kaluhuran Gusti Allah.

Yokanan nandur ing sajroning manungsa pangerten yén manungsa iku wong-wong dosa. Dhéwéké ngulemi manungsa supaya ngakoni dosa-dosané supaya ninggalaké dosa-dosa iku. Lan supaya sengit marang dosa iku-nampik cara uripe kang lawas, lan nyingkur awaké dhéwé- ora kanggo pracaya marang kabecikan manungsa waé, lan ora pracaya marang pakarya kabenerakené kanggo awaké dhéwé. Yokanan nindakaken luwih saka nyeluk panjenengan supaya ndandani tumindak panjenengan, Yokanan nyeluk panjenengan supaya dibaptisake. Ora ana wong siji waé duwé pengarep-arep manawa wong iku ora mati kanggo dosa. Wong iku tetap dadi wong cemer lan najis nganti wong iku mbuwang awaké menyang kali katresnan lan kasucéné gusti Allah lan ngidinaké Gusti Allah misuhi lan nganyaraké awake.

Sawetara Yokanan nyepi ing ara-ara samun, gusti Allah mratélakaken marang manungsa wadi bab tekané Kratoné Suwarga. Yokanan ngerti yén gusti Allah bakal miwiwiti sawijining jaman anyar, ngalahaké dosa lan kahanan kang cemer. Yokanan uga ndeleng yén Gusti piyambak ngersakaké supaya manungsa sowan marang Sang Kristus, supaya bisa nganyaraken ati kang najis lumantar rawuhé Sang Roh Suci atas dhéwéke. Saka kené Yokanan martakaké yén Krato Suwarga wis cedhak. Ya pengarep-arep bakal rawuhé Kratoné Suwarga iki kang dadi jalaran nyeluk manungsa marang pamratobat.

Sari pati saka pawartané Yokanan iki yaiku timbalan marang pamratobat. Iki pawarta becfik bab rawuhé Gusti Allah lan neguhaké kraton Panjnengané ing jagat iki. kanggo prakar iki Sang Pembaptis njalu kabéh manungsa supaya nyawisaké awaké nampani Gusti.

PANDONGA: Dhuh Gusti, kula mboten pantes nampeni Paduka rawuh wonten ing griya kula, awit pikiran kula najis, tembung-tembung kula kebak apus-apus, lan tumindak kula awon. Sampun mbucal kula saking ngarsa Paduka; ampun mundhut Roh Paduka saking kula. Paduka titahaken ing salebetipun badan kula pamratobat ingkang pantes supados kula saget mratélakaken kaluhuran Paduka, lan mangertos bilih kula lumampah ing salebetipun pepadhang Paduka. Paduka kemawon patokankula lan katimbang kaliyan Paduka, kula cetha nindali badan kula, kula menika tiyang dosa. Ing salebetipun katresnan sih rahmat Paduka kula pitados, lan kanggé sih rahmat Paduka kula gadhah pengajeng-ajeng.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang sinebut pamratobat kang pentes iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 07:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)