Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 029 (Call to Repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

1. Timbalan Marang Pamratobat (Matéus 3:1-12)


MATÉUS 3:7-9
7 Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akéh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkéné: “ Heh, tetesaning ula behdudhak, sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka? 8 yén mangkono padhametokna woh kang sembada marang pamratobat. 9 Lan aja padha duwé pikiran mangkéné: Aku rak trahé RamaAbraham. Awit aku pitutur marang kowé, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilaké anak kanggo trahé Rama Abraham.
(Yokanan 8:33-39; Roma 2:28-29; Roma 4:12)

Ing jamané Yokanan Pembaptis, golongan wong Farisi wargané ana 6000 uwong. Wong-wong Farisi iki duwé panemu awaké beda karo wong-wong liya lan ngibadah marang Gusti Allah kanti rasa yén dhéwéké kabéh ora cemer kaya wong liya sebangsa, lan kanthi teliti lan tlesih mbangun turut kabéh prenatan ing sajroné Prejanjian Lawas, lan kanthi kaku nindakaké kabéh pakulinan saka para leluhur. Wong-wong Farisi iki kepéngin ngatur urip kabawah prenatan kang banget déning teliti. Prenatan kang katetepaké wong Farisi ing jamané gusti Yésus wis tumpuk undhung nganti gunggungé 248 kewajiban lan 365 larangan. Wong-wong Farisi kanthi teliti njaga supaya awaké ora nerak siji waé saka prenatan iku supaya Kratoné sang Mesih énggal teka. Wong Farisi mau yakin yén manungsa bisa nylametaké awaké dhéwé kanthi mbangun turut karo prenatan. Wong-wong farisi ora paham yén Paugeran utawa prenatan ora ménéhi panguwasa katresnan marang manungsa. Paugeran malah nibakaken pangipat-ipat utawa laknat marang patrape kang mentingaké awak dhéwé lan mbukak dosa kaya dené pangilon.

Wong-wong Saduki uga nganggep awaké dadi wong –wong bener lan mursid. Wong Saduki iku golongan imam kang dadi pengarep bangsa lan wong-wong kang tinarbuka marang urip kang moderen lan marang pikiran-pikiran Yunani uga Romawi lan mbudidaya ndadekaké siji pikiran iku karo kitab suci. Wong-wong Saduki nyelaki anané malaikat. Wong Saduki ora gelem pracaya marang kelanggengan, nyawa-nyawa, lan marang tanginé wong mati, lan nganggep pengadilan pungkasan iku mung crita ngayawara waé. Wong Saduki ora pracaya anané cawe-cawening Gusti Allah ing sajroné sejarah manungsa, kang agawé manungsa nindakaken urip kanthi semboyan, “Ayo kita mangan lan ngombe awit mbesuk kita bakal mati”. Ing pérangan liyané pedaleman Allah lan korban terus ditindakaké, ing panemuné iku dadi hakikat saka anggoné rukun karo gusti Allah. Wong Saduki iki sing dadi balané akéh lan kabéh imam uga wong-wong Lewi teluk marang wong saduki ing sajroné kalungguhané. Wong Saduki akéh adhepan karo wong-wong Romawi kanggo njaga kalungguhané wong-wong Yahudi ing sakiwa tengené Pedalamen Allah.

Yokanan Pembaptis, kendel banget ngarani para pemimpin agama iku “tetesing ula bludhak”. Saben wong Yahudi ngerti yén kitab suci nyebutaké Iblis iku “si ula”. Yokanan ngarani para pemimpin agama iku minongka tedhak turuné ula beludhak” awit patrape sing ala uga piwulané kang mawa wisa lan pambudidayané kanggo ngapusi, mlayu saka bebendu kanthi cara nampa baptisan tanpa pamratobat.Yokanan takon marang wong-wong mau bab sapa kang wis ngelingaké supaya mlayu saka bebendu kang bakal teka- bebendu kang padha, kaya kang wong-wong mau ngérténi saka Kitab suci, kang bakal teka atas wong-wong ala nalika Kristus dipratélakake. Kanthi kendel Yokanan ngipati-ipati patrap para pemimpin agama mau kang mbeneraké awaké dhéwé kang dituduhaken bebarengan kekarepané kang kanthi teliti mbangun turut karo paugeran. Yokanan mada urip kang merdika awit mbangun turut paugeran lan malah kandha yén Paugeran iku ana kanggo mratélakaké dosa. Yokanan uga nyethakaké bab bebenduné Allah gegayutan karo lelamisan lan patrap ngapusé awaké dhéwé ing sajroné kabéh upacara agama lan ménéhi paseksen bab paukuman marang wong-wong kang uripe tanpa gusti Allah, awit ora ana wong kang bener ing ngarsané Gusti Allah. “Kabéh wong padha nyleweng, kabéh tanpa guna, ora ana kang gawé becik, siji bae ora ana” (Rum 3:12)

Marang wong-wong liya Yokanan rumangsa cukup mung kanthi kandha, “Mratobata, Kratoné Suwarga wis cedhak.” Nanging nalika Yokanan ndeleng wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki kang rumangsa bener iku teka, Yokanan tahu yén dhéwéké kudu melehaké wong-wong iku lan nyethakaké bab rancangan gusti Allah kanthi cara luwih jlentreh. Seru anggoné melehaké wong Farisi lan Wong Saduki, ora nyeluk wong-wong mau “rabbi” utawa ménéhi pangalembana kaya kang lumrahé wong-wong mau tampa, Yokanan malah nyebut wong-wong mau “Turunané ula wedhudhak”. Sang Kristus nyebut wong-wong mau kanthi jeneng kang padha (Matéus 12:34; 23:33). Senajana wong-wong mau katoné bener lan tulus, wong-wong sabeneer ula kang banget déning mawa wisa lan mbebayani kebak rasa sengit lan sesatron marang kabéh kang becik.

Saiki, apa woh pamratobat iku? Manungsa cemer, malah ing sajroné kekarepané manungsa, dhéwéké ora bisa nindakaké kang becik. Awit saka iku woh kang dibutuhaken yaiku:

  • Kawitan: Pangertén kang bener bab pialané kita.
  • Kapindho: Ajuré gumunggung kita lumantar pangakon dosa ing ngarsané Gusti Allah.
  • Katelu: Donga kang terus terusan supaya pangwasané Allah bisa manunggal sajroné kita lan nuntun kita marang urip kang suci.
  • Kapapat: Niat lan mantep urip manunggal Gusti Allah ing sadhengah kahanan.

Wong-wong kang kandha yén dhéwéké banget déning nggetuni dosa-dosané nanging isih urip ana ing sajroné dosa ora pantes nampani hak kang ditampani ing pamratobat kang bener. Wong-wong kang ngaku mratobat lan dibaptis kudu temen-teman nggetuni dosa lan tumindaké, mbudidaya supaya ora bakal nindakaké sawijining prakara kang dadi jalaran nggetuni dosané manéh. Ati kang getun marang dosa kang wis ditindakaké bakal dadi jalaran wong iku andhap asor, duwé rasa panuwun atas nugraha kang ora misra pisan, sabar ing sajroning panandang kang abot dhéwé, mbudidaya ngedohi kabéh jinis dosa, tigen ing sajroné tumindak kang becik, lan kebak katresnan ing sajroning mbobot wong-wong liya.

Wong-wong Yahudi pracaya yén awit Rama Abraham iku Ramané Rama Abraham dadi jaminan bab prejanjian lan sumpah gusti Allah yén Gusti Allah ora bakal njabel prasetya Panjenengané. Yokanan ngelikaké keyakinan iki lan nyebut anak-anak Rama Abraham iku dadi Anak-anak Iblis. Yokanan nuding marang watu-watu kang ana ing ara-ara samun ing sakiwa tengené lan kandha yén atiné wong-wong mau kang atos kaya watu ora dijur lan wong-wong mau ora nyuwun pitulungan gusti Allah duwé ati kang anyar, kang kebak Nugraha, “Gusti Allah kagungan kuwasa ndadekaké anak-anak Rama Abraham saka watu-watu iku”

Pratéla “Gusti Allah kagungan kuwasa ndadekaké anak-anak Rama Abraham saka watu-watu iku” yaiku kang perlu kita gatekaké ing jagat kita saiki. Atiné wong akéh wis dadi atos lan wong-wong ora ngrungokaké suwarané Gusti Allah ing sajroné atiné awit atusan tahun wulangan anti Sang Kristus. Nanging kita pracaya, lan ngakoni kanthi kebak kabungahan karo Yokanan Pambaptis, yén Gusti Allah kagungan kuwasa nganakaké anak-anak Rama Abraham saka antarané wong-wong kang atiné atos kaya watu.

Penemu kang nglaha tanpa guna duwé pikiran kang duwé sesambungan kang apik karo wong-wong ing sakiwa tengen kita bakal nylametaké kita. Sindyana kita bisa uga tedhak turuné wong-wong kang mursid, diberkahi karo pendidikan agama kang becik, duwé keluwarga kang ngutamakaké wedi marang Gusti Allah, utawa duwé mitra kang ménéhi pitutur lan ndedonga kanggo kita, apa gunané kabéh iku manawa kita ora mraatobat lan nglakoni urip ing sajroné pamratobat? Lan kepiyé karo panjenengan, sedulur kang kinasih -- apa panjenengan pracaya beberengan karo aku sakanca lan ngakoni panguwasa kaselametan saka Gusti?

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang Suci, Paduka paring bebendhu atas sadaya panindhes lan piawon; lan Paduka nampik samukawis lelamisan lan patrap apus-apus dhumateng badan piyambak. Paduka paringi pitulungan kula supados ampun dados kados tiyang-tiyang Farisi utawi tiyang-tiyang Saduki, nanging kersanipun kula dados ajur ing ngarsa Paduka lan mratobat atas dosa-dosa kula. Kula tansah nyuwun nugraha Paduka, supados panguwaos Paduos saget nyipta ing salebeting karingkihan kula woh-woh Roh Paduka ingkang murni. Paduka menika Hakim lan Juru wilujeng kula, ampun ngantos nilaraken kula.

PITAKONAN

  1. Sapa ta wong-wong Farisi iku, lan sapa ta wong-wong Saduki iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 07:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)