Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 019 (Worship of the Magi)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

3. Tekané Lan Anggoné Manembah Wong Majus (Matéus 2:1-11)


MATÉUS 2:1-2
1 Nalika Gusti Yésus wus miyos ana ing kutha Bétlehém ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenengé Sang Prabu Hérodhés, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wétan padha teka ing kutha Yerusalém 2 lan takon-takon: “Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wétan, dené anggen kula mriki punika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun.
(Pirsani Wilangan 24:17)

Sawijining tanda anggoné andhap asor ing gesangé gusti Yésus yaiku, senajana Panjenengané banget “dipengini kabéh bangsa”, rawuhé Panjenengané ing jagat iki ora ndudut ati lan ora katon. Panjenengané nyuwungaké sarirané lan andadekaké sarirané ora ana regané. Manawa Putra Allah kudu tumurun ing jagat, sepantesé manawa manungsa ngebayangaké Panjenengané kudu ditampa kanthi sawutuwe iya kaagungané kaluhurané lan uga pikurmatané. Makutha lan teken krajan kudu banjur diselehaké ing suku Panjenengané lan para raja uga kang duwé kalenggahan ing jagat iki kudu dadi abdi Panjenengané kang asor. Wong-wong Yahudi ngenténi Sang Mesih kang mengkono nanging kita mung ndeleng sethithik prekara iku. Panjenengané “rawuh ing jagat, nanging jagat ora wanuh parang Panjenengane” lan “Panjenengané rawuh marang kagungané nanging para kagungané ora gelem nampani” (Yohanes 1:9-11)

Kawiwitan wiwit wong – wong Yahudi kabanda lan dibuwang ana ing Mesopotamia ing tahun 587 sM, anggoné wanuh babagan gusti Allah lan pameca bab bakal kautusé Putra Dawud ing jagat iki nggawa katentreman bakal nelahi uga bangsa-bangsa ing sisih wétan. Bangsa-bangsa iku ora lali karo pribadi Daniel, nabi kang dijebati iku, kang leladi kabawah pemerintahan Nebukadnezar lan wong kang nerusaké, lan kang wis ménéhi daya pengaruh kang gedhé banget marang nasip bangsa iku.

Sawetara wong Yahudi bisa uga wis sinau babagan wadi jagat raya ing sekolah astrologi ing cerak Babil minangka jejeré wong Kasdim. Wong-wong mau ndeleng kepeye Saturnus nyerak marang Yupiter. Ing tanggal 29 Mei tahun 7 sM, planit loro katon dadi siji kaya lintang kang gedhé ing sawijing konstelasi Pisces; lan sawetara sawetara Astrologi yakin yén konstelasi iki nuduhaké ing Timur tengah, Saturnus nuduhaké marang pangayoman kanggo wong-wong Yahudi, lan Yupiter ing lintang para raja. Awit saka iku nalika wong-wong mau ndeleng dumadiné planit-planit iku, wong-wong kang ndeleng ngerti yén iku wektuné Sang Kristus, ratu wong Yahudi lan gusti jagat raya dilahiraké ing jagat.

Para astrolog iku teka saka tlatah wétan menyang Yerusalém, lagi nggoléki ratu wong Yahudi kang lahir. Wong-wong mau mlaku menyang Yerusalém awit kutha iku ibu kotané krajan. Wong-wong mau bisa uga kanda: “Manawa ana ratu kang dilahiraké, kita bakal krungu bab panjenengané ing papan kita dhéwé, lan bakal cukup wektu kanggo kita nuduhaké pikurmatan kita marang panjenengane”. Nanging wong-wong mau banget ora sabar kanggo langsung ketemu karo ratu iku, kanthi mengkono wong-wong netepaké mlaku adoh nggolék pawarta bab penjenengané. Kita bisa sinau saka wong-wong majus iku. Wong-wong mau temen-teman kepéngin wanuh Sang Kristus, ora wedi lara utawi kangelan anggoné nggoléki Panjenengané. Nalika kita mbudidaya wanuh gusti, kita temtu bakal nemokaké Panjenengan lan wanuh Panjenengané.

Para astrolog (ahli nujum) saka antarané wong-wong Yahudi bisa ngetung sadurunge, yén sambungé loro planit iku, loro planit kang gede dhéwé ing sajroné tata surya kita, bakal dumadi ping pindho ing tahun iku lan bakal katon kaya lintang gedhé kang sumunar. Wong-wong mau kang asring rerembugan gegayutan lelakon kang ora ana bandhingané iki lan wong-wong mau netepaké supaya ngutus sawetara wong saka golongan ahli nujume utawa kang ngreti palintangan menyang Yerusalém supaya bisa ana ing kana nalika dumadiné sesambungan loro planit iku ing tanggal 3 Oktober, lan uga kanggo tetap manggon ing kana ing nyambungé telu planit kang bakal dumadi ing tanggal 3 Desember tahun 7 sM. Utusan iku bakal naliti lan nggatekaké ing ngendi lan kepiyé ratu wong Yahudi kang bakal dilahiraké iku. Wong-wong ahli palintangan utawa ahli nujum iku kang lelungan kuwi ora wedi anané mangsa panas kang panasé srengengé sumelet. Wong-wong ahli palintangan iku mangkat saka Efrat menyang Syiria nurut kali Orontes lan Litany menyang kidul nganti ketemu karo kali Yardén. Sebanjuré wong ahli palintangan mau mlaku nurut ara-ara samun wong Yahudi, lan munggah terus nganto tekan Yerusalém kang ana ing nduwur gumuk. Tujuané ndeleng Ratu kang bakal ngrubah jagat iki.

Wong-wong majus iku ora takon apa pancen ana ratu kang dilahiraké awit wong-wong ahli nujum mau wis yakin gegayutan prekara iku, lan kanthi kebak keyakinan wong-wong mau nyuwun pirsa, “wonten pundi ratu ingkang nembé lahir menika?

Wong-wong mau duwé panemu yén kabéh wong mesthi ngreti jawaban atas pitakonané lan ngebayangaké yén kabéh wong ing Yerusalém lagi atur pikurmatan ing ngarsané sang Ratu kang lagi lahir iku. Wong-wong ahli palintangan mau nekani saka omah siji lan omah liyané kanthi pitakonan kang padha, nanging ora ana wong siji waé kang duwé jawabané. Bisa uga luwih saka kang kita ngreteni, akéh wong kang orang ngerti padha kaya kang dumadi ing jaman saiki, malah ing sawetara gereja pisan. Wong-wong kang kita rasa bakal nuntun kita marang Sang Kristus malah ora temen-temen wanuh karo Panjenengané.

Kang ménéhi ngreti bab miyosé Sang Kristus diwartakaké marang para pangon Yahudi lumantar malaikat lan marang para ahli nujum dudu Yahudi iku kanthi nggunakaké lintang. Gusti Allah ngandika marang para pangon kanthi bahasané lan marang wong-wong dudu Yahudi kanthi cara kang apik dhéwé kang dingreteni wong-wong mau. Cara gusti Allah ing sajroné maringi pangerten carané pancen ora winates.

PANDONGA: Dhuh gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula ngaturaken panuwun awit Paduka inggih menika gusti atas lintang lan srengenge. Paduka nitahaken jagat menika lan jagat menika kagungan Paduka. Paduka ngandikan dhumateng tiyang-tiyang ingkang mboten wanuh Paduka lumantar supena lan tetingalan lan Paduka maringi Sabda Paduka kang ngejawanthah dados manungsa menika supados kawula saget mangertos karsa Paduka. Paduka bangun ing salebeting gesang kula raos kapang ingkang sami kanggé mirsani putra Paduka kados ingkang dipanggihaken ing salebetipun tiga tiyang majus menika ingkang mboten metang kesel wonten ing pambudiyanipun kepanggih Paduka.

PITAKONAN

  1. Kapan nyambungé Saturnus lan Yupiter iku dumadi kawitan nalika iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)