Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 020 (Worship of the Magi)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

3. Tekané Lan Anggoné Manembah Wong Majus (Matéus 2:1-11)


MATÉUS 2:3-4
3 Bareng Sang Prabu Hérodhés miyarsa kang mangkono iku, banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yerusalém kabéh. 4 Sang Prabu banjur nimbali sakéhé para pangareping imam lan para ahli Torét bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyosé Sang Kristus iku.

Prabu Herodes lan rakyat Yerusalém kabéh kagét banget nalika padha krungu pawarta bab miyosé Sang Kristuse. Gusti Allah wis makarya tanpa wong-wong mau ngreti, lan sebanjuré Gusti Allah paring mangerti wong-wong manca iku kanggo nyambungaké pawarta iku marang Sang Prabu lan rakyat Yerusalém. Sang Prabu nglumpukaké para imam kepala kang isih nglungguhi kalungguhan iku, lan sing wis ora nglungguhi kalungguhan itu, lan para pemimpin saka rong puluh golongan imam (I Babat 24:1-19; II Babad 23:8; banding Lukas 1:8), lan uga para ahli Torat saka bangsa iku. Senajana para imam lan para ahli torat ngreti tembung siji mbaka tembung liyané ing sajroné Kitabe iku. Wong-wong mau banjur ménéhi jawaban marang pitakonan Sang prabu bab papan miyosé Sang Kristus, nanging wong-wong mau ora ngerti sapa kang dilahirkan iku. Wong-wong nuduhaké dalan marang wong-wong liya, nanging wong-wong dhéwé ora lunga. Iki bisa dibandingaké karo manawa kita mulangaké sabda Allah marang wong-wong liya nanging ora nindakaké dhéwé.

Sang Prabu Herodes ora bakal ngreti pameca ing sajroné Prejanjian Lawas, gegayutan Sang Mesih lan Kraton Panjenengané lan wektu kang ditetapaké supaya rawuhé Panjenengané selaras karo pameca Daniel bab “minggu-minggu”. Saksiwe nyekel pemerintahan ing sajroné wektu kang cukup suwé lan kasil, kang mesti sang Prabu Herodes malah duwé pangarep-arep yén prasetya iku bakal bakal nganti selawase, lan krajan kang dicekel malah mapan ing sajroné pameca iku. Ati kang ala kebak hawa nafsu kedagingan ora wedi bab kelakoné pameca ing kitab suci.

Sang Prabu Herodes lan kabéh rakyat Yerusalém kagét banget awit Sang Prabu Herodes lan rakyat Yerusalém duwé pikiran kang luput yén Krajan Sang Mesih iku bakal tabrakan karo panguwasa jagat, sawetara malaikat kang martakaké kabar kabungahan iku kanthi cetha mratélakaké yén Krajan Panjenengané iku krajan kang asipat kasuwargan, lan ora saka ing jagat iki. Para pemimpin jagat kanthi alesan kang padha, akéh kan lumawan krajan Sang Kristus awit para pemimpin iku ora ngerti lan ora duwé kaluputan ing sajroné mangerti prekara iku.

Nalika rombongan wong-wong Majus tekan ing Yerusalém, wong kang nglenggahi panguwasa yaiku ajeneng Herodes Agung, priantun iki dudu wong Yahudi, nyekel pemerintahan ing kutha iku. Dhéwéké iku wong Edom, tedhak turuné Esau, tukang mbebedhak kang kasar iku. Kanthi putulungan Pemerintahan Romawi dhéwéké ngrebut kalungguhan Yerusalém ing tahun 37 sM, lan gawé raja pati akéh banget. Dhéwéké iku akéh akale, tukang laku jino, lan uga tukang gawé raja pati. Herodes Agung uga mateni anak lan bojoné ing sajroné pambudidaya nyingkiraké wong-wong kang mbebayani kanggu kalungguhané.

Marang ratu kang ala iki wong-wong Majus saka tlatah wétan iku, atur pitakonan, “wonten pundi Ratu tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika? Kawula gadhah bukti bilih Panjenenganipun nembé miyos, awit Saturnus lan Yupiter dados satunggal ing Pisces lan kawula sampun ningali tetunggalanipun menika kanthi cetha wonten ing sisih wétan”. Pawarto iku kaya suwara bledhek ing tengah dino ing kraton Raja lan nggegeraké kabéh kang ana ing kutha kono. Rakyat dadi wedi marang anané priksan ing omah-omah lan carané mriksa kang wis dadi pengalamané. Raja kang bakal teka iku bakal bakal ngadhut risiko ngwutahaké getih kang luwih akéh awit raja Herodes tetap kepéngin nglenggahi kalenggahané.

Herodes kang sugih akal iku banjur ngerti yén kasunyatan iku ora liya kajaba Sang Mesih kang dipraseteyakae Gusti Allah. Awit saka iku Herodes nyawisaké awaké kanggo lumawanGusti Allah lan ngundang Makamah Agama Yahudi supaya ketemu ana ing Kratoné.

Makamah Agama Yahudi iku ana 72 anggotané yaikut ana kang saka para imam kepala, para ahli torat lan para pinituwa. Anggota Makamah Agama Yahudi iku ngerti gamblang apa kang diorehaké ing sajroné Prejanjian Lawas, mliginé pameca gegayutan Sang Kristus. Wong-wong mau ngrembuk bab apa kang ditulis ana ing Kitab Nabi Yésaya. Wong-wong mau wiwit maca:”Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadahang gedhé; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha kapletekan pepadhang” (Yésaya 9:2). Para ahli torat lan wong-wong liyané kuwi nerusaké kanthi pameca kang kaping pindho saka Yésaya, “Amarga ana Bayi kang wusmiyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingaké marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangané lan asmané sinebut: Penasehat Élok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman” (Yésaya 9:5). Wong-wong ing Makamah Agama Yahudi mau sebanjuré nyethakaké pangandikané gusti Allah marang wong-wong kang dadi bandan, Yésaya 60: 1 “Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira”. “Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangéran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyané katingal mayungi sira. Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira, tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira” (Yésaya 60:1-3)

Nanging sang prabu Herodes ora gelem wanuh watek wantu, pakaryan, uga katentreman kang diasta déning Sang Kristus kang lagi miyos iku. Awit anggoné sengit lan anggoné nesu, dhéwéké kepénging ngreti papan kelairané supaya dhéwéké bisa nyekel lan nyirnakaké bayi iku tanpa rawa welas asih.

Manawa panjenengan katuntun Sang Roh suci supaya anggegilut Prejanjian Lawas, panjenengan bakal nemokaké 333 prasetya gusti Allah kang nuduhaké marang gusti Yésus Kristus. Sinau bandhingané antarané prasetya karo riwayat uripe Sang Kristus Yésus ing sajroning Prejanjian Anyar, bakal nuduhaké yén kelahiran Sang Kristus, dikaya pakaryan, pati, wunguné lan mingkrate Panjenengané ora dumadi kapinujon, nanging kabéh iku wis tinulis sadurungé kanthi wijang utawa cetha.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka dipun lahiraké lan jagat senget dhumateng Paduka wiwit kelahiran Paduka. Tiyang-tiyang mboten tepang katresnan lan sifat kealahan Paduka. Tiyang-tiyang ajrih dhumateng Paduka. Nanging kula nresnani Paduka lan kula masrahaké badan kawula dhumateng Paduka kanthi atur panuwun awit Paduka rawuh ing jagat kawula lan ngawonaké panampik, raos sengit lan sesatron. Pratelakaken sarira Paduka dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngorong gegayutan Paduka.

PITAKONAN

  1. Sinten ta Hérodhés menika? Lan menapa ta menika Makamah Agama Yahudi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)