Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 018 (Jesus' birth)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

2. Wiyosan Lan Njenengi Asma Sang Gusti Yésus (Matéus 1:18-25)


MATÉUS 1:24-25
24 Yusuf satanginé turu banjur ngestokaké kaya kang didhawuhaké déning malaekating Pangéran, Maryam dipék bojo, 25 nanging ora diwori turu, nganti tumekané wis mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus.
(Pirsani Lukas 2:1-20)

Yusuf pracaya marang apa kang dingandikaaké déning Malaikat iku lan tanpa nungka Maryam dipék bojo, ngilangi kabéh rasa jubriya saka ing pikirané lan pracaya sawutuhé marang apa kang diweruhi ing pangimpen saka gusti Allah. Kanthi jumangkah alandhesan pracaya iki, dhéwéké dadi pantes kanggo mlebu ing sajroné golongan pahlawan iman kang kaya diangen. Yusuf mbangun turut marang dhawuhé malaikat iku, senajana lelawanan karo pambobot lan kang dikarepaké sakawit. Dhéwéké ngepek bojo Maryam dadi sisihan tanpa mbantah manéh, awit anggoné mbangun turut marang pandelengan kang asipat kasuwargan iku. Dudu sawijining pranatan kanggo nampa pituduh kanthi cara mangkono, nanging gusti Allah isi nyethakaké rancangan Panjenengané lumantar Sang Roh Suci. Lumantar pandonga lan pangandikan Panjenengané kanthi pitutuduh awujud panjangkung, rerembugané ing telenging ati, lan lumantar pitutur saka para pandhéréké Gusti Yésus kang mursid. Ing kabéh prekara kang kaya mengkono, prenatan kang umum yaiku pangandikan kang tinulis kang kudu kita utamakake. Ing kabéh jangkah urip kita, mliginé ing sajroné alam pikiran kang ana sing mrana, ana sing mrené kaya kang dilakoni Yusuf iki, kita perlu golék pituduh saka gusti Allah.

Maryam ora ngandhakaké bab pratelané gusti Allah lan kahanané kang anéh banget. Dhéwéké ndedonga lan pracaya uga yakin marang gusti Allah kang bakal tanggung jawab atas awake. Gusti ngrungokaké pasambat saka keyakinan iku lan maringi tanggapan kang banget luhur marang ati kang kamomotan iku. Yusuf nampa tanggung jawab sawutuhé lan ora ngumpuli dhéwéké nganti Maryam nglahiraké putra Allah, kang banget diluhuraké iku.

Matéus nulis ringkes bab kelahirané gusti Yésus. Panemu umum ora nganggep lelakon kang gedhé dhéwé ing sajroning sejarah manungsa minangka babagan kang sepele, senajana prekara iku dumadi tanpa ramé-ramé lan tanpa diumum-umumake. Panjenengané miyos ing papan pakan wedhus. Kabéh panguwasa lan ala beciké Gusti Allah kasimpen ing sejrané lelakon kang banget déning agung iki. Malaikat abungah-bungah awit Kang Nitahaké lan kang dititahaké manunggal. Kabéh Roh-roh ala untuké kerot-kerot awit Kang Menang wis rawuh ngrampas jarahan saka cakaré lan paring paukuman marang roh-roh mau.

Yusuf ndeleng ing sajroné lahiré anak pembarepe iku dadi kelakoné prasetya saka malaikat, lan dhéwéké ménéhi jeneng bocah kang lagi lahir kuwi, “Yésus”. Yusuf mbangun turut marang dhawuh pimpinan gusti Allah, kang lelawanan karo adat kang diiloni déning keluargané.

Kanthi lahiré Gusti Yésus, sawijning jaman kang anyar diwiwiti. Awit jagat ora kasilep ana ing pangimpén utawa prenatan, yaiku menawa bebendu pengadilan Gusti Allah kang ora bisa disingkiri. Jaman sih rahmat kawiwitan lan Gusti Allah rawuh marang manungsa supaya nylametaké manungsa lan nyucékaké manungsa saka pakaryan prenatan lan pambudidaya manungsa. Kita nampani sihé Gusti Allah kang luber-lueber. Apa panjenengan pirsa yén wiwit rawuhé gusti Yésus, kabéh patrap beciké agama jagat kalebu syarat manungsa, tata pangibadah, lan paugeran iku wis diilangi lan ora kanggo awit Gusti Allah paring pitulugané marang manungsa kanthi ora mbayar.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka lan memuji Paduka Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, gusti Allah ingkang tunggal awit panebusan ageng ingkang Paduka tindakaken. Kula manembah Paduka lan Putra Paduka ing salebetipun roh Katresnan Paduka. Kula abingah-bingah awit Paduka rawuh ing salebetipun kula cemer. Paduka bika mripa kula gegayutan kaliyan tiyang-tiyang ing sakiwa tengan kawula kanthi makaten tiyang-tiyang saget ningali sih rahmat Paduka, kasaénan Paduka, sih kawelasan Paduka, lan karawuhan Padula ing salebetipun gusti kawula, pribadi Yésus Kristus.

PITAKONAN

  1. Kepiyé Yusuf, bapak angkate gusti Yésus, dadi salah sijinéng pahlawan iman?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)