Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 012 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:12-16
12 Sakwisé jaman pambuwangan menyang Babil, Yekhonya peputra Sealtiél, Sealtiél peputra Zerubabél; 13 Zerubabél peputra Abihud, Abihud peputra Ělyakim, Ělyakim, peputra Azor; 14 Azor peputra Zadhok, Zadhok peputra Akhiém, Akhim peputra Ěliud; 15 Ěliud peputra Ěleazar, Ěleazar peputran Matan, Matan peputra Yakub; 16 Yakub peputra Yusuf bojoné Maryam, kang mbabar Gusti Yésus, kang jejuluk Sang Kristus.

Wong-wong Yahudi kang dibuwang ing Babil banget kasinungan rasa wedi. Wong-wong mau duwé pikiran yén gusti Allah njangkung dhéwéké awit prajanjian Panjenengané karo wong-wong mau lan anggoné Gusti Allah tansah ana ing Pedaleman Allah dadi jaminan bab kang ana sambung rapete karo anggoné menang terus marang satru-satruné. Nanging sakwisé iku, wong-wong Yahudi iki ngrasakaké tuntutan Gusti Allah bab kasucén lan anggoné mbangun turut marang prenatan Panjenengané kanthi landhesan katresnan. Panjenengané ora kepareng ngibadah kanthi patrap kang kabolan-baléni, urutan pangibadah kang ora ana maknané upacara-upacara, donga-donga awit tujuan Panjenengané ora kanggo mbangun sawijining negara Teokrasi (panguasa ing astané gusti). Panjenengané ngersakaké wong-wong iku supaya ngrubah ati lan agawé manungsa ajur atiné lan ngasoraké awaké ana ing ngarsané Panjenengané. Panjenengané uga ngersakaké supaya wong Yahudi iku nganyaraké pikirané lan andadekaké awaké titah kang anyar.

Gusti Allah ora salawasé paring bebendu. Panjenengané nawakaké wewengan kang kaping pindho marang kabéh manungsa lan kabéh bangsa supaya mratobat. Mengkono ing tahun 538 sM, wong loro bali menyang Yerusalém kanthi ati kang ajur. Jenengé wong loro mau yaiku Zerubabel saka tedhak turuné Dawud, lan Yesua tedak turuné Imam Agung. Wong loro mau kaya dené bangsané diijinaké bali menyang omahe, awit wong-wong Persia dikalahaké déning Babil lan Koresh, Sang Raja, ngidinaké wong-wong Yahudi bali. Kang nyekel panguwasa mau ngidinake. Dadi sapérangan cilik saka bangsa iku bali kanthi kebak sukarena, nanging wong-wong mau nemokaké Yerusalém lan sakiwa tengené ing kahanan kang ajur lan mlarat banget. Sinadayana kahanané kaya mengkono, wong-wong mau netepaké arep mbangun pedaleman suci, kanthi pangerten rusaké bangsané kuwi awit kurangé iman lan tindak tanduké kang luput. Wong-wong Yahudi iku ngreti manawa gusti Allah ora nganggep penting sawijining krajan kang asipat politik. Panjenengané nuntut leladi kasukman, manembah kang setiyo lan urip kan murni.

Kita ora mangerti sepira akéhé wong-wong kang disebutaké ing sajroné telu pungkasan saka sarasilahé gusti Yésus. Nanging, kanthi nyawang marang kasunyatan kang sebeneré panguwasa pindah saka wong-wong Persia marang wong-wong Yunani, sebanjuré marang wong-wong Makabe, lan sebanjuré wong-wong Romawi. Wong-wong Yahudi iku tansah urip kabawah panguwasané wong-wong manca. Awit saka iku laladan Yahudi tetap dadi laladan kang kapencil ing sajroning sejarah kang asipat politik.

Kita kamitenggengen nalika ndeleng sarasilahé Gusti Yésus dipungkasi karoYusuf kang sejatiné dudu bapaké Yésus manut daging. Nanging pangertené wong-wong Yahudi bab Sarasilah nalilka iku banget gumantung marang hak kang sah lan kacancang, ora atas gegayutan taler utawa gegayutan rah. Dadi Gusti Yésus dipasangaké dadi putra Dawud lumantar Yusuf kang ngangkat Panjenengané. Minangka tambahan, awit sensus Romawi, Panjenengané dilahiraké ing kutha Dawud lan ora Nazaret, awit Yusuf pancen kudu bali ing tanah leluluhuré selaras karo paugerané bangsa Rum.

Matéus nyesekaké bab pentingé sesebutan Gusti Yésus, putra Maryam. Panjenengané iku Sang Kristus kang diprasetyakake. Matéus dudu siji-sijiné wong kang ndeleng Gusti Yésus iku Sang Mesih. Akéh wong-wong ing Prejanjian Lawas lan yutan bangsa saiki iki kanthi bungah ndeleng yén Kratoné Allah tambah cerak karo rawuhé Gusti Yésus Kristus. Katresnan Panjenengané Panguwasa Kasukman lan anggoné andhap asor Panjenengané iku tanda kaélokan bab kalenggahan Panjenengané minangka jejeré Raja. Jagat kita kang lagi mudhun iki ora mbutuhaké anané kraton lan panguwasa kang anyar awit gaman lan révolusi ora bisa ngrubah ati; mung lumantar manungsa karukunaké karo Gusti Allah lumantar Sang Kristus lan tentrem keAllahan Panjenengané kang bisa nganyaraké kabéh manungsa lan saben kahanan. Awit saka iku kita ndedonga kanthi golong gilik ati kita, “Énggal rawuha kraton Paduka”, ing pungkasan jaman iki.

PANDONGA: Oh Gusti Yésus, Paduka menika Ratu kula. Paduka mboten nuntut kula mbayar pajek utawi nindakaken tugas, nanging Paduka maringi gesang Paduka kanggé kula, lan merdekaaken kula saking pangajeng-ajeng bab pikurmatan kang asipat politik, amané babagan ekonomi lan kekajengan kanggé mbales. Paduka terus ngribah kula dadi pribadi ingkang kebak katresnan, maringi gesang langgeng dhumateng kula kanthi makaten kula mboten badhé pejah malah ing wekdal kula tilar donya (Yohanes 11:25-26), nanging melebet ing salebetipun gesang langgeng.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé sarasilahé gusti Yésus dipungkasi karo Yusuf kang sebeneré dudu bapak kanthi cara daging tumrap gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)