Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 073 (How those who are Strong in Faith ought to Behave)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

10. Kados pundi tiyang-tiyang ingkang kiyat imanipun ngadhepi masalah ingkang boten dipun kajengaken? (Rum 15:1-5)


RUM 15:1-5
1 Kita sing padha kuwat precayané, kudu nyabari para sedulur sing precayané ringkih. Kita aja padha mburu marang kesenengan kita dhéwé waé. 2 Malah kita dhéwé-dhéwé kudu padha ngarah gawé senengé atiné sedulur-sedulur kita, amrih beciké sedulur-sedulur mau, supaya precayané dadia sentosa. 3 Sebab Sang Kristus uga ora ngupaya kasenengané piyambak, nanging kaya kang dingandikakaké ing Kitab Suci: "Awit sedaya tembung penacadipun tiyang dhateng Paduka, dhawahipun wonten ing kawula." 4 Awit samubarang sing katulis ana ing Kitab Suci, kuwi minangka piwulang tumrap kita, supaya kita duwé pengarep-arep, mung marang Gusti Allah srana kesabaran lan pangatag-atag, sing kawulanga déning Kitab Suci mau. 5 Muga-muga Gusti Allah, etuking sabar mantep sarta panglipur, ndadèkaké kowé bisa tunggal panemu karo padha sedulur, srana enggonmu nulad marang Sang Kristus Yésus.

Paulus pirsa tata cara lan padatan ngengingi tetedhan lan omben ingkang sampun dados pakulinan. Pyambakipun ngadhepi tiyang-tiyang ingkang teguh ingkang sampun kaluwaran saking angger-anggering Toret, nanging nganggep dirinipun minangka salah satunggalipun. Nanging pyambakipun matesi kamardikanipun pyambak, kanthi ngendika bilih tiyang-tiyang kiyat lan diwasa kedah nanggel kasekenganipun tiyang-tiyang ingkang nembe pitados, lan salamining anggenipun pitados dhumateng Sang Kristus. kita boten pareng gesang sapikajeng kita pyambak, nanging gesang kangge nyenengaken para tiyang ingkang nembe mratobat punika, ingkang dereng rumaos mantep ing sadengah prekawis. Patrap punika katindakaken kangge mbangun gesangipun, awit mbangun tiyang-tiyang sanes punika langkung wigatos tinimbang mburu kasenengan lan pikajenging pribadi.

Wewaton punika ngremuk wawasan ingkang ciyut krn mentingaken diri pribadi wnten ing greja. kita boten ngrancang pigesangan, pakaryan lan wewengan kita selaras kaliyan pikajeng kita, nanging ngladosi Yesus lan tiyang-tiyang ingkang sekeng imanipun, karana enering pamikir sanes dhumateng “ego” kita, nanging dhumateng Yesus lan greja. Yesus boten gesang kagem diri pribadinipun, nanging malah ngrucat kamulyanipun lan dados manusa. Panjenenganipun nanggel sadaya pandakwa, pangina, lan kasangsaran kagem milujengaken donya punika, lan pungkasanipun seda kagem sadaya tiyang, ugi tiyang awon lan mbangun pigesangan ingkang sae.

Yesus gesang selaras kaliyan Kitab Suci, pigesangan ingkang andap asor, alus ing budi lan sabar drana. Panjenenenganipun ngagem kitab-kitab ing Prajanjian Lami dados tuntunan lan pangwasaning paladosanipun. Sinten ingkang purun lelados ing greja lan ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang nampik Yesus kedah nggadhahi oyot ingkang bakuh ing sabdanipun Allah, awit menawi boten mekaten pyambakipun bade kecalan wibawa lan kabingahaning paladosan.

Paulus ngringkes panalatinipun ingkang panjang ngengingi prekawis punika kanthi nedahaken bilih Allah dados sumbering kasregepan lan pangajeng-ajengipun (Rm 15:5). Panjenganipun ingkang akarya jagad pribadi sabar sanget sesambetan kaliyan manusa ingkang mentingaken diri pribadi lan wangkot. Paulus ningali kasabaranipun Allah punika wonten ing ingkang Putra, Gusti Yesus. Srana pitembungan punika, Paulus ndongakaken tiyang-tiyang Rum supados nggadhahi kasregepan lan pangajeng0ajeng supados greja saged nedahaken patunggilan, sanes kanthi kakiyatanipun tiyang-tiyang pitados, nanging saking Sang Kristus kemawon, namung wonten ing Panjenenganipun sadaya pamawas ing pasamuwan katunggilaken. Boten wonten kasuksesan utawi patunggilan ing greja kajawi namung saking Sang Kristus. Lajeng sadayanipun saged nderek ing pepujian, lan mangertos kanthi temen bilih ingkang maha kawasa, Hakim lan ingkang akarya jagad punika Rama saking Gusti Yesus Kristus.

Namung Yesus ingkang kemawon ingkang ngrukunaken kita kaliyan ingkang maha suci srana kasangsaran lan sedanipun. Lumantar wungunipun saking pepejah lan mekradipun dhumateng swarga, Panjenenganipun ngangkat kita dados anak lan nglairaken kita malih sacara rohani, temah kita saged mlebet dhumateng kabingahan lan memuji Rama Gusti Yesus minangka Rama kita ingkang kebak sih rahmat. Kados dene Panjenenganipun lan Putranipun punika sampurna, ingkang tunggal sampurna, mekaten ugi sadaya warga greja kedah ngesuhi diri dhumateng Yesus wonten ing patunggilan ingkang datan pinisah.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula mulyakaken Paduka amargi Gusti Yesus sampun nedahaken menawa Paduka punika Rama kawula sedaya, nyirnakaken sesatronan kawula klayan Paduka, lan nunggilaken kawula wonten ing Roh Suci Paduka lumantar patunggilan katresnan Paduka. Mugi sih katresnan wau saged netepi patunggilan rohani kang sampurna senajan wonten kathah pambéda ing antawisipun tiyang-tiyang pitados.

PITAKON:

  1. Apa tegesé ayat saka Rum 15:5-6?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 09:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)