Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 008 (The Righteousness of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

c) Bebeneré Gusti Allah kang dicethakaké ana ing urip kita lumantar iman kang tatag (Rum 1:16-17)


RUM 1:16
16 Sabab aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang njalarikaslametanesaben wong kang pracaya, wiwitane wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.

Paulus sadhar bilih tembung “Injil” sampun dipun mangertosi lan mengku raos ingkang mbingahaken ing Rum, karana ing ngrika wonten kathah Injil, inggih menika kabar sae tumrap para nara praja lan para kawula (rakyat) ing Ibukota kepengin sanget mirengaken kabar menika.

Piyambakipun nginggahaken pawartos rahayu menika sajajar kaliyan pawartos ing antawisipun para nara praja. Kados-kados Paulus matur: “Kula boten isin tumrap layang kula, ingkang saking Palestina, nagari jajahan ingkang alit. Nanging kula mbekta pawartos menika dhateng tengahing ibukota, amargi kula mbekta pawartos rahayu bilih Allah ingkang tunggil kagungan Putra ingkang sampurna, ingkang wiwit mulanipun, lan sampun manjalma manusa cecaketan kaliyan manusa, lan arsa nebus sadaya manusa srana seda lan wungunipun. Layang kula boten isi pawartos bab putra ingkang boten langgeng ingkang kalairaken kagem Kaisar ingkang boten langgeng, nanging isi pawartos rahayu bab wiyosipun satunggaling Putra ingkang langgeng kagem Rama ingkang langgeng. Menawi injil kraton mbekta pawartos kamenanganing prajurit Rum dhateng panjenengan, utawi mawartosaken bab tetandhingan ing kraton utawi tetedhan ingkang maregaken tiyang kathah, kula mbekta dateng panjenengan kabar sae bilih sadaya manusa sawetahipun katebus saking dosa, pepejah lan Iblis, saking bebndu lan paukumanipun Allah. Injil kula langkung ageng saking sadaya injil Rum, awit injil kula ngrengkuh jagad, luhur, langgeng, sekti, agung, lan mulya. Injil menika boten kawontenaken saking filsafat utawi piwulanging para winasis, saking buku-buku utawi pangajeng-ajeng ingkang muspra, nanging ngarah dhateng satunggal Pribadi.”

Bangsa Rum boten mangertos maknaning tembung “Kristus” kados dene tiyang Yahudi. Pangertosanipun bangsa Rum tembung Kristus menika ateges “ingkang jinebadan”, satunggaling drajat utawi pangkat kagem Kaisar, ingkang srana jejibahanipun ugi kaanggep minangka Imam Agung. Ing jejering Kaisar katunggilaken sadaya ayahan sacara politik, kaprajuritan lan pranatan ing salebeting paladosan katentreman tumrap sadaya tiyang kaliyan para dewanipun, kados-kados piyambakipun dados lantaran lumunturing berkah lan katentreman.

Nanging Sang Kristus menika Gustining para gusti, ingkang mengku sagung pangwasa ing bumi lan ing swarga, awit Panjenenganipun menika Imam Agung ingkang sejati, Pantara tunggal kita kaliyan Allah.

Srana pawartos menika ing wiwitaning injilipun, Paulus boten namung nerangaken bab jejering Sang Kristus minangka Putranipun Allah lan anggenipun jumeneng Allah, nanging piyambakipun ugi nerangaken bab lelabuhanipun Sang Kristus minangka Gusti, Jegsa lan Juru Pirukun, ingkang pantes nampi drajat “Juru Wilujenging jagad”, ingkang nalika samanten kaparingaken namung dhateng Kaisar.

Pawartos rahayu saking Putranipun Allah lan paladosanipun menika boten namung pamanggih kemawon. Menika bentenipun. Menika minangka pangwasa agung ingkang langkung ageng saking sadaya pangwasa ingkang wonten ing donya, awit Injil menika ngemu pangwasanipun Allah. Gusti pribadi kasunyatakaken ing Injil. Panjenenganipun ngandika kanthi cetha sanget, nitahaken gesang enggal wonten ing para pamiyarsanipun sarta nglairaken enggal tiyang-tiyang ingkang dipun timbali. Pramila, sampun nyalap Kitab Suci menika sajajar kaliyan buku-buku sanesipun ing rak panjenengan, nanging kainggilna lan kasalapa ing papan ingkang pantes. Injil menika sampurna, kados dene Allah inggih sampurna lan kebak pangwasa mbangun donya ingkang enggal.

Pangwasanipun Allah tumedhak ing jagad lumantar Injilipun Sang Kristus menika sanes kangge numpes donya ingkang kebak piawon, nanging kangge milujengaken, karana Allah ngersakaken supados sadaya manusa kawilujengaken lan manjing dhateng kayekten. Rama kita ingkang wonten ing swarga boten sawenang-wenang. Panjenenganipun boten meksa sintena kemawon supados nampeni Injiling Putranipun, nanging namung nawakaken kayekten kanthi lelahanan (gratis) dhateng sadaya tiyang. Sok sintena ingkang mbikak manahipun dhateng pangandikanipun Sang Kristus lan pitados dhumateng Panjenenganipun, mesthi ngalami pangwasanipun Allah. Boten wonten kawilujengan tanpa iman kapitadosan. Sok sintena ingkang pitados, badhe nyatunggil ing patunggilan kaliyan Putranipun Allah, ingkang mapanaken ka-Allahipun ing gesangipun para pitados, murnekaken, nucekaken lan nangekaken.

Iman wonten ing Sang Kristus ngukuhaken karahayon langgeng tumrap saben tiyang ingkang mbikak manahipun dhateng Sang Kristus; lan pitados dhumateng Putranipun Allah minangka margi tunggal tumuju dhateng kawilujengan. Lumantar iman, tiyang-tiyang pitados nampi pangapunten lan katangekaken saking pepejah. Pramila, iman menika satunggaling laku ingkang namptokaken ing serat Rum, karana tanpa iman tiyang boten saged tepang kaliyan Allah, utawi ngraosaken pangwasanipun. Sok sintena ingkang pitados, salajengipun nampeni kayekten lan pigesangan ing sayektosipun.

Tiyang-tiyang Yahudi ngalami kayekten ingkang mbingahaken sanget menika, nadyan kathah ingkang sami nampik Sang Kristus, sengit lan nyalibaken Panjenenganiun. Nanging, tiyang-tiyang ingkang andhap asor, pilih tepang lan pitados dhumateng Panjenenganipun. Tiyang-tiyang makaten menika lajeng katedhakakn Roh Suci, lan tansah gesang ing sihipun Allah. Pangwasanipun Allah Tritunggal, ngantos samangke, dedalem wonten ing manusa lumantar paseksinipun para rasul ingkang wiwitan.

Nadyan namung saperangan alit saking tiyang-tiyang Yahudi ingkang nampi karahayon saking Sang Kristus, kathah tiyang Yunani lan bangsa-bangsa sanes ingkang mbikak manahipun tumrap Injl karahayon. Tiyang-tiyang ingkang ngalami bilih pawartos menika boten namung pitembungan muspra, nanging kebak pangwasanipun Allah, ingkang nyaketaken sesambetanipun tiyang-tiyang pitados kaliyan Sang Kristus ingkang gesang ing prajanjian ingkang langgeng.

Para pamiyarsa, menawi panjenengan kanthi taliti maos Injilipun Sang kristus, mbikak manah panjenengan manah tumrap sabdanipun Allah, pitados dhateng Sang Kristus minangka Allah, sarta wawan pangandika kaliyan Panjenenganipun ing salebeting pandonga, panajenengan badhe ngalami bilih Sang Kristus ingkang sinalib lan wungu menika Juruwilujeng lan Imam Agung ingkang sejati, Ratu ingkang maha awasa, Juru panebusing donya. Pramila saking menika, kula aturi wantun mbangun pigesangan panjenengan sawetahipun wonten ing Injil, temah pangwasanipun Allah saged maujud ing salebeting kasekengan kita.

PANDONGA: Kawula mulyakaken asma Paduka, Dhuh Gusti Allah, Putra lam Roh Suci, amargi Paduka sampun nyethakaken Pribadi Paduka wonten ing Injilipun sang Kristus, dalah Paduka sampun nyucékaken kawula lumantar iman, sarta manggén wonten ing gesang kawula. Kawula ugi mulyakaken asma Paduka amargi kwasa Paduka sampun makarya kanthi sampurna lumantar serat kanggé jemaat ing Rum punika, dalah ugi sedaya kitab sanésipun wonten ing Prajanjian Enggal. Mugi Gusti bukakaken mripat kawula supados saged mirsani kersa Paduka, pitados dalah masrahaken gesang kawula dhumateng panuntun Paduka.

PITAKON:

  1. Piwulang menapa ingkang paling wigati wonten ing ayat 16? Menapa sebabipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 10:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)