Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 098 (Christ predicts the joy of the disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

5. Sang Kristus meca gegayutan kabungahan para rasul ing sajroning bujana patangen (Yokanan 16:16-24)


YOKANAN 16:16-19
16 “Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh.” 17 Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: “Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?” 18 Pangucape: “Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikaake iku.” 19 Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?

Saksore iku wae gusti Yesus ngandika nganti kaping telu bab anggone bakal tindak. Apa kang dibolan-baleni iki banget dening ngagetake para murid; para murid iku ora bisa nampa apa kang dikarsakake gusti Yesus.Nanging panjenengane uga paring janji gegayutan bakal rawuhe, kang nuduhake anggone tangi saka kubur, kang bakal dumadi ing dina paskah kang tekane sedela engkas. Sebanjure Panjenengane ngatingal marang para murid Panjenengane kanthi cara nembus tembok; lan iku dumadi pisah-pisahan, wektune mung sedhela sadurunge Panjenengane mingkrat marang Sang Rama.

Nalika gusti Yesus mratelake pameca iki, Gusti Yesus lan para murid lagi munggah gumuk Zaitun, para murid ora ngerti Panjenengane. Sadurunge Gusti Yesus wis ngandika bab rancangan anggone bakal tindak. Saiki Panjenengane nyethakake anggone bakal pisah karo para muride kang sabenere kang bakal enggal dumadi. Para murid ngakoni yen rancangan-rancangan lan apa kang dikarsakake iku banget dening mbingungake para murid. Para murid dadi was-was lan bingung, lan dadi banget dening prihatin awit anggone gusti Yesus tindak menyang suwarga.

YOKANAN 16:20-23
20 Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan. 21 Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya. 22 Mangkono uga kowe samengko iya padha nandang susah, nangingAku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku. 23 Lan ing dina iku kowe oara bakal padha miterang apa –apa marnag Aku. Satemen-temane pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu.

Gusti Yesus maca pikiran para murid Panjenengane, lan pirsa banget bab apa kang bakal di aturake, sinadyana Panjenengane durung mirengake. Minangka jawaban atas kaluputan para murid, Panjenengane ora paring tenang marang rasa wedine utawa ngenthengake momotan kaprihatinane, nanging Panjenengane negasake yang akeh kelaran, tetesing elun lan pasambat bakal enggal marake ora njenjem urip para murid. Nalika iku kang dumadi yaiku kaya patine ratu kang becik; wong akeh prihatin lan kelangan pangarep-arep. Sawetara para murid Panjenengane ngrasakake prihatin, mula para satrune bakal tambah rumangsa seneng. Kang dikarepake para satru manut gusti Yesus yaiku jagat umume, dudu para pemimpin Yahudi wae. Kabah kang ana ing njaban Gereja Sang Kristus iku dadi duweke jagat kang ilang kang adoh saka gusti Allah, kang mbalela marang Sang roh suci.

Sakteruse maneh, gusti Yesus paring janji marang para murid Panjenengane yen para mure bakal nampani kabungahan gedhe. Mangsa-mangsa tetesing luh lan kaprihatinan akan kelakon cekak, dikaya larane ibu kang nglahirake. Para ibu nganggep yen rasa lara iku bisa ditahan menawa dibandingake karo kabungahan nggendong anake dhewe ing tangane dhewe.

Ing sajroning patangen, kabeh pitakonan-pitakonan saka para murid bakal entek. Pokok gagayutan rasa luput wis dirampungake ing antarane para murid, lan prekara pati wis dikalahake, panguwasane Iblis wis disirnake, lan bebendhune Allah ora maneh menet para murid ing sajroning kacilakan langgeng. Anggone nyingkur awake dhewe para murid, rasa wedi lan anggone ora pracayane ora bakal malangi baline sang Kristus lan pangapura marang para murid. Wong-wong Yahudi ora bisa njiret para murid, awit gusti bakal njangkung para murid. Awit saka iku kabeh pitakonan lan prekara kang ngganggu para murid nemokake jawabane lan dalan uwal ing dina patangen saka Pribadi kang Wungu iku.

YOKANAN 16:24
24 Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.

Ing wiwitan saka anggone gusti Yesus paring pitutur ing sajrone bakal pisah karo para murid, Gusti Yesus nyurung para Murid Panjenengane supaya nyuwun apa kang dikarepake, lan prekara iku bakal dikabulake, supaya Sang Rama bakal diluhurake atas panyuwun iku (Yokanan 14:3). Ing sajrone panyuwun iku kakandhut uga pembangunan Gereja lan penggawe-penggawe martakake Injil, awit gusti Yesus duwe kekarepan supaya akeh wong mlebu ing sajroning patunggalan atas landhesan Tritunggal iku. Awit saka iku Panjenengane mituturi kita, “Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe”. Gusti Yesus paring janji gegayutan jawaban donga kang saka Allah kanggo prekara-prekara kang asipat kasuwargan uga kang ing donya iki, nanging prekara-prekara kang asipat kasuwargan kang luwih dadi utama ketimbng karo prekara-prekara kang ing jagat iki.

Apa kang dadi pitakonan panjenengan lan panyuwun ing sajroning ati panjenengan? Apa panjenengan mbutuhake dhuwit, kewarasan lan kasiling urip? Apa panjenengan nyuwun anane gegayutan antarane panjenengan karo wong-wong liya? Apa anane Gusti Allah lan sih rahmat Panjenengane andadekake panjenengan ora tentrem? Apa panjenengan ngrasakake kothong ing urip awit ora anane Sang Roh suci ing urip panjenengan? Apa panjenengan ngrasakake anane momotan rasa luput lan apa panjenengan nandang sangsara awit pancoban, kacilakan lan kaprihatinan? Apa panjenengan gemeter awit Roh-roh ala? Apa panjenengan ngenti rawuhe Sng Kristus lan mekare Pamarintah tentrem Rahayu? Pitakonan apa kang nggorehake ati, jiwa lan badan panjenengan? Apa panjenengan lelamisan utawa tulus? Apa panjenengan wong kang kebak kuwatir utawa kang tansah gawe anane pangarep-arep? Apa rerasan panjenengan terus dadi tatu? Apa panjenegan nyuwun marang Gusti supaya panjenengan kapenuhan karo Sang Roh Suci?

Dadekna saben prekara panjenengan dadi perangan saka pandonga. Tinarbukaa ati panjenengan marang Rama kasuwargan panjenengan. Nanging aja mbulet ing sajroning pandonga panjenengan, kudu dipikir kanthi jero bab apa kang bakal panjenengan aturake. Panjenengan pikir luwih dhisik gegayutan sih rahmat lan talenta kang wis diparingake gusti Yesus marang panjenengan, lan ngaturna panuwun atas sakabehe iku. Atur panuwun bakal marakake beja kita. Sebanjure akonana dosa-dosa panjenengan, awit kurange iman, katresnan alon-alon dadi adhem lan pengarep-arep nipis bakal gagal ana ing ngarsane Allah. Nyuwuna pangapura atas dosa-dosa kang wis diakoni, lan nyuwana marang Panjenengane supaya nuduhake apa kang dadi karsane kanggo urip panjenengan, kanthi mangkono panjenengan ora bakal nyuwun prekara-prekara kang bakal mbebayani awak panjenengan dhewe. Nyuwuna sih rahmat lan panjenengan kudu yakin yen Panjenengan bakal mirengake Panjenengane. Aja tau lali yen Gusti Allah iku katresnan, lan ngersakake mberkahi wong-wong liya uga. Panjenengan nyenyuwun ing pandonga kanggo para mitra lan para satru panjenengan supaya gusti Allah kirane amberkahi para mitra dan para satru kanthi sih rahmat kang padha. Panjenengan dudu siji-sijine wong kang nandhang sangsara kang mbutuhake pitulungan. Kabeh wong ngrasakake prekara kang kaya mengkono. Aturna pitakonan-pitakonan panjenengan kanthi kebak kekendelan lan sawutuhe langsung marang Sang Kristus, lan tambahna pratela atur panuwun lan pangakon ing prekara-prekara panjenengan lan panyuwun-panyuwun panjenengan gegayutan karo wong-wong liya. Panjenengan sebanjure bakal sinau gegayutan wadi saka donga kang bener ing sajrone asma Gusti Yesus.

Donga kang murni iku wawan rembug karo Gusti Allah ing sajroning panyuwun, atur panuwun lan manembah. Aja kakehan tembung ing sajroning wawan rembug iku, uga aja nggunakake tembung-temung kang ora ana tegese. Aturna apa kang panjenengan pikirake ing sajroning tembung-tembung kang gampang dingerti kaya nalika panjenengan rerembugan karo wong tua panjenengan. Para mupu beya ing pedaleman Allah iku dibenerake, nalika dheweke nyuwun, “Gusti, welasi kula, tiyang dosa menika.” Rama kasuwargan nangekake Lazarus saka pati, nalika Sang Kristus ndedonga kanthi tembung kang bisa dingerti kanggo nangekake Lazarus. Ya iman iku kang nuntun marang keselametan, pitulungan lan kasiling urip. Panjenengan kudu duwe kekendelan lan ndedonga marang gusti Allah ing sajroning sih rahmat, kendel lan ngaturake panuwun. Panjenengan disebut dadi para putrane Panjenengane, matur kanthi kebak kabungahan kaya dene bocah-bocah lan ora nyingidake apa wae ing ngarsane Panjenengane.

Sang Kristus ngersakake ngesokake kabungahan marang panjenengan, kang kawitan pisan ora awujud jawaban pandonga panjenengan, nanging awujud hak luwih-luwih kang panjenengan darbeni supaya sowan Gusti Allah lan Sang Putra Penjenengane. Apa kang luwih penting kanggone panjenengan, apa kang diparingake utawa Kang paring ? Gusti maringake marang panjenengan kapenuhan, nanging eling yen Panjenengane iku piyambak kapenuhan iku. Gusti Yesus ngersakake yen kabungahan kita dadi wutuh. Kabungahan tuwuh ing sajroning kita nalika kita ngrumangsani yen gusti Yesus paring jawaban donga-donga kita, kang kebak kekurangan. Panjenengane wis amberkahi wong-wong liya lan nylametake wong-wong mau lumantar donga-donga kita. Kabungahan kita bakal dadi kaluhuran nalika kita ndeleng gusti Yesus rawuh ing sajroning mega ing awang-awang. Sebanjure kabungahan kita bakal dadi kang ora bisa di rumpaka kanthi tembung. Apa rawuhe sang Kristus kang ngedap-edapi iku dadi irah-irahan kang paling utama saka pandonga-pandonga panjenengan?

PANDONGA: Kanjeng Rama ing Kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun saking telenging manah kawula, awit Paduka sampun nutur Putra Paduka dhumateng kawula minangkia sang Juru selamet. Paduka paring pangapunten atas raos kuwatos kadonyan kawula, lan tulung kawula supados tansah nguramosi bab pentingipun Kajeng Salib menika. Paduka uwalaken kawula supados ndedonga kanthi pas, supados kawula saget matur dhumateng Paduka kados dene lare-lare dhumateng tiyang sepunipun ing salebetipun patrap ingkang prasaja. Paduka tebus satru-stru kawula ugi, ingkang rumaos sayah awit momotan dosa-dosa, ingkang sanget nandang sangsara awit manah ingkang kebak kalian bodo lan sengit. Paduka uwalaken tiyang-tiyang meniak saking cancanganipun, supados tiyang-tiyang menika saget ngeduk kabungahan atas rawuh paduka sesarengan kaliyan kawula.

PITAKONAN:

  1. Kepiye gusti Allah paring jawaban marang donga-donga kita ing sajroning asma Gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)