Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 085 (Christ predicts Peter's denial; God is present in Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
B - LELAKON-LELAKON KANG MELU BUJANANE GUSTI (Yokanan 13:1-38)

4. Sang Kristus meca bab anggone Petrus selak (Yokanan 13:36-38)


YOKANAN 13:36-38
36 Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.” 37 Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saget ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka”. 38 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temne pituturKu marang kowe: Sadurunge jago klulruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”

Petrus kisruh atine, lan ora ngrungokake nalika gusti Yesus ngandikan gegayutan katresnan. Kang dieling Petrus nalika iku yaiku yen gusti Yesus bakal ninggalake para murid ing sajroning kangelan lan nampani panganiaya uga tindak khianat. Petrus sumendhe marang awake dhewe, marang anggone tulus lan putusane dhewe. Petrus matur marang gusti Yesus yan dheweke bakal tansah ndherek Panjenengane sinadyana apa wae kang bakal dilakoni. Petrus ora ngrumangsani bab karingkihan lan winatese awake, lan yakin yen dheweke bisa nglakoni anggone umuk. Dheweka kobong dening semgnat kang gedhe saka Sang Kristus, nyawisake awake kanggo perang lan mati kanggo Panjenengane.


C - TEMBUNG-TEMBUNG PISAHAN ING KAMAR NDUWUR (YOKANAN 14:1-31)

1. Allah ana ing sajroning pribadi Sang Kristus (Yokanan 14:1-11)


YOKANAN 14:1-3
1 “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga. 2 Ing daleme RamaKu akah panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe. 3 Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi padununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.

Para murid gusti Yesus rumangsa ora njenjem krungu pangandikan yen gusti Yesus bakal ninggalake dheweke, lan para murid ora bakal bisa melu Panjenengane ana ing papan kang bakal dituju Panjenengane. Gusti Yesus uga ngandika sesambungan anggone Petrus nyelaki, sawetara Petrus terus kanthi tegas matur yen dheweke bakal tansah ndherek gusti Yesus lan umuk bab imane kang kuwat. Sawetara murid liyane bisa uga wis ana kang wiwit mikir yen ndherek gusti Yesus sawijining putusan kang luput, awit Panjenengane bakal enggal ninggalake malah seda. Mirsani kaprihatinan lan sureming ati para murid Gusti Yesus maringi pitutur kanthi tegas. Sumendhea sawutuhe marang Allah, Panjenengane iku dhasar kang teguh saklawas-lawase, Panjenengane ora bakal doyong nalika kabeh kang liyane padha doyong. Panjenengane nundung kabeh rasa kuatir kita. Rasa wedi ateges ora pracaya. Ramamu kang ana ing Suwarga ora tau goroh lan ora tau ninggalake kowe. Ya iki kamenangan kang ngalahake jagat-imanmu.

Gusti Yesus nuntut ukuran kang padha saka iman pandherek-pandherek Panjenengane, kanthi keyakinan lan pandonga, dikaya kang dikersakake dening Sang Rama. Panjenengane lan Sang Rama iku siji. Dikaya Sang Rama njamin mangsa tembe kita, mengkono uga Sang Putra nawakake jaminan Panjenengane. Ing sajroning Sang Putra sang Rama ana ing sajroning jagat. Katresnan Panjenengane pantes kita endel. Kayekten Panjenengane kuwat kaya gunung karang.

Sebanjure Panjenengane nyethakake sawijining prekara marang para murid Panjenengane gegayutan apa kang bakal dumadi sakwise seda lan anggone wungu. Bebarengan Gusti Allah ana omah kang gedhe kang luwih gedhe lan luwih endah tinimbang kang dadi duweke wong-wong sugih utawa kang ana ing kutha-kutha gedhe utawa ing papan liyane. Kraton kang saka Allah luwih memper sawijining kutha kang gedhe banget, kang cukup gedhe kanggo dadi omah kabeh wong –wong suci saka ngendi-endi papan lan ing kabeh jaman. Malah sinadyana nalika iki panjenengan urip ing sajroning tenda utawa gubuk, aja susah. Ing sajroning omah Sang Rama akeh kamar lan papan kang jembar. Panjenengane wis nyawisake omah kanggo panjenengan yaiku omah kang resik, anget lan duwe sumber padhang kang apik. Panjenengan dipesthekake manggon ing cedhake sang Rama ing salawas-lawase.

Gusti Allah piyambak, nresnani wong-wong kang pracaya ing sajroning Sang Kristus lan wis nyawisake sawijining papan kanggo wong-wong kang pracaya mau. Nalika gusti Yesus bali menyang Suwarga Panjenengane mirsani kraton iku lan nambahake anggone cecawis. Nanging Panjenengane uga netepake bakal rawuh maneh marang kita; Panjenengan ora ngersakake adoh saka kita. Panjenengane rawuh maneh supaya ngangkat para pandherek Panjenengane marang Panjenengane. Panjenengane nresnani wong-wong mau dikaya penganten lanang nresnani penganten wadon, ing ngarsane sang Rama Panjenengane, ora mung kanggo nepungake Sang Rama Panjenengane, nanging didadekake kaya Panjenengane ing sajroning keluarga kasuwargan. Kita bakal saklawas-lawase bebarengan karo Panjenengane, dijaga dening pangayoman Panjenengane, diangkat ing sajroning kasaenan Panjenengane.

YOKANAN 14:4-6
4 Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya padha sumurup dalane mrana.” 5 Tomas tumuli munjuk: “Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Paduka, dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?” 6 Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong sij-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.

Gusti Yesus ngandika mara para murid Panjenengane, “Kowe ngerti menyang ngendi aku Lunga, lan kowe ngreti dalan Allah.” Tomas atur wangsulan, “Kadospundi kawula saget mangertos margi menika, menawi kawula mboten mangertos dhateng pundi Paduka badhe tindak ing wekdal ingkang caket menika?” Ing sajroning kaprihatinane Tomas bisa ndeleng tujuwan kang adoh kana. Rasa wedi wis nggonjingake dheweke; dheweke wis kelangan nalare ing sajroning netepake arahe.

Gusti Yesus ngyakinake Tomas kanthi alus, “Aku iki dalan marang Allah, katresnan lan kayekten-Ku iku pagueran kang bener kang bakal nuntun menyang kasuwargan. Aku iki patokan kanggo kabeh manungsa, kang bakal diagem gusti Allah mbobot kowe. Aja mbobot awakmu alandhesan patokan manugnsa kang dilandhesi dening anggong ora ngerti. Tetepa ing dalan kang bakal nuntun kowe marang Gusti Allah. Sowane marang Aku, lan timbangen awakmu karo Aku, kowe bakal nemokake yen awakmu iku ora beda karo wong-wong dosa kang cemer”.

Sang Kristus ora nuntun panjenengan saka rasa wedi marang rasa wedi kang liya, saka rasa ngklokro marang rasa nglokro liyane. Nalika panjenengan tekan titik kang ngisor dhewe ing sajroning panguripan panjenengan Panjenengane bakal mulungake astane supaya nyalmetake panjenengan, lan ngandika, “Saiki Aku maringi marang kowe kayekten kang anyar, kayekten kang lawas ana ing mburimu. Aku seda kanggo kowe, lan nggawa Prejanjian kang anyar awit sih rahmat. Dosa-dosamu bakal diapura imanmu wis nylametake kowe. Tetapa ana ing sajroning Aku manggon ing sajroning kasunyatan anggonmu diangkat dadi putra. Ing sajroning Aku kowe bakal nampani kayekten kanthi sowan marang Allah. Tanpa Aku mula kowe bakal nampani karusakan langgeng.”

Bisa uga panjenengan matur, “Kula sampun mireng sadaya menika, nanging kula kirang iman, panguwaos, donga lan kasucen.” Gusti Yesus paring wangsulan, “Aku maringi kowe urip langgeng; Aku iki Sumbere panguripan. Sumendhea marang Aku ing sajroning iman lan kowe bakal nampani Sang Roh Suci. Ing sajroning Sang Roh Suci iki kowe bakal nemokake panguripan kang luber-luber.” Sing sapa pracaya marang Sang Kristus bakal urip ing selawase. Aja ngedoh saka Panjenengane; Panjenengane iku panguripan panjenengan. Panjenengan bakal ana ing sajroning pati awit dosa utawa panjenengan bakal ana ing sajroning urip bebarengan karo Sang Kristus. Ora ana dalan tengah ing sajroning prekara iki. Sang Kristus iku panguripan wong-wong kang pracaya.

Kabeh wong kang manunggal karo Sang Krsitus, ngadeg ing ngarsane Allah lan ndeleng Panjenengane minangka Sang Rama kang kebak welas asih. Ora ana agama, falsafah, pranatan utawa kawruh kang bisa nuntun panjenengan cerak karo gusti Allah. Mung Sang Kristus Sang putra Allah kang bisa nindakake; ing sajroning Panjenengane Sang rama ana ing sacedake panjenengan. Ora ana wong siji wae kenal sang Rama kajaba lumantar Panjenengane. Kita duwe hak istimewa kanggo tepung gusti Allah; kita cerak Panjenengane, awit Sang Kristus iku katresnan, lan wus andadekake kita dadi para putrane Allah.

YOKANAN 14:7
7 Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwit saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane.“

Anak-anak jagat iki adoh saka Gusti Allah manawa dideleng saka dosa-dosane. Ora ana wong siji wae kang bisa tepung gusti Allah lumantar awake dhewe. Ora ana wong siji wae kan tahu ndeleng gusti Allah, kajaba mung Putra Panjenengane, kang ana ing Pangkone Sang Rama. Panjenengane ngandika marang kita: Sakirane kowe wanuh Aku, mesti kowe uga wanuh Rama-Ku. Nanging Anak-anak jagat orang ngerti prekara iku. Anggone wanuh iku ora mung ateges ngerti saka babagan akal budi wae, nanging owah-owahan lan anggone kaanyarake. Anggone wanuh gusti allah sebanjure dadi manungsa ing sajroning urip kita, lan dipratelakake ing sajroning lakune urip. Aja kablithuk, wulangan agama wae ora padha tegese karo anggone wanuh marang Gusti Allah. Kang andadekake wanuh Gusti Allah iku anggone mbangun turut marang padhang kang madhangi Injil iku. Panjenengan bakal dirubah lan uga dadi padhang.

Nalika dumadinya tindak khianat marang Panjenengane, gusti Yesus ngandikane marang para murid ngagetake: “Wiwit wektu iki kowe wanuh Aku. Aku ora mung dadi wong kang menang kang Maha Kuwasa, wicaksana lan luhur, nanging Aku uga cempening Allah kang nanggung dosane manungsa. Ing sajronging pati-Ku Allah bakal mratelakake sarirane minangka jejering Sang Rama kang ngrukunake, awit Panjenengane ora ngersakake ngukum dosamu ing sajroning bebendu, utawa nyilakakake, nanging Panjenengane bakal ngukum Aku, Putra Panjenengane, supaya kowe bisa kamardikaake lan dirubah ing sajroning kasucen, mlebu ing sajroning patunggalan minangka jejeripun para putra Panjenengane.

Ing Kayu Salib, gusti Allah mratelakake sarirane minangka jejere Sang Rama. Kang maha luhur iku ora adoh, nanging kebak katresnan, sih rahmat lan dadi jejere panebus. Gusti Allah iku Rama pribadimu. Kowe iku wong-wong kang wis pracaya marang Aku, lan iya kowe wae wong-wong kang wanuh kayekten bab Allah. Anggonmu wanuh iki bakal ngrubah kowe supaya andadekake kowe ing sajroning kawruh ing saben ndinane bak kan bisa mbok tindakake pinuji ing sajroning tata laku lan pamboboting uripmu.

YOKANAN 14:8-9
8 Unjuke Filipus: “Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sadaya sami marem.” 9 Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula muga sami Paduka tedahi sang Rama?

Nalika gusti Yesus ngandika, “Kowe wis ndeleng Sang Rama lan wanuh Panjenengane,” Filipus kaget banget lan meh matur, “Mboten, kawula dereng naten ningali Panjenenganipun,” nanging dheweke rumangsa isin awit kaagungan Gusti. Malah, dheweke matur kanthi tembung iki, “Gusti paduka tedahaken sang Rama menika dhumateng kawula, menika sampun cekap kanggenipun kawula.” Jawaban iki nuduhake yen dheweke wis nyakep wadi bab gusti Yesus lan panguwasa Panjenengane. Wadi iki gumantung ing sajroning patunggalan Panjenengane karo Sang Rama. Manawa gusti Yesus pancen ninggalake para murid, wis cukup manawa para murid sida ndeleng Sang Rama sinadyana mung sedhela wae, kanthi mengkono para murid bisa dicawisake kaya Panjenengane lan dijangkung ing sajroning panguwasa saka kang Mahakuwasa. Sebanjure para murid bakal wanuh lan ndeleng GustiAllah, lan nampani panguwasa atas manungsa, panguwasa nyarasake lan nundhung roh-roh ala.

Nanging kanthi panyuwun iku, Filipus ngakoni yen dheweke durung wanuh Sang Rama lan Sang Putra. Dheweke ora bisa wanuh sipat kealahan lan keyekten iku. Gusti Yesus ora melehake dheweke, nanging kebak sih rahmat, lan ing bengi pungkasan iku Panjenegane mratelakaken sawijining kayekten kang gedhe banget, “Sing sapa ndeleng Aku mula wong iku wis ndeleng Sang Rama.” Kanthi tembung-tembung kang tegas iki gusti Yesus mbukak geber kang kajereng nutupi mripate para murid Panjenengane. Ora ana dedelengan utawa ngimpi kang bisa mbuka kayekten gegayutan Allah; mung lumantar pribadi gusti Yesus Kristus wae. Panjenengane ora mung dadi jejere priyayi kang penting banget, nanging ing sajroning Panjenengane kita ndeleng Gusti Allah piyambak. Dina iki panjenengan bisa duwe dedelengan gegayutan gusti Allah menawa panjenengan ndeleng gusti Yesus lan ngerti Panjenengane. Thomas uga krungu pangandikan iku lan ora bisa nyakep makna ing sajroning pangandikan iku. Nanging sakwise wungune gusti Yesus dheweke ngasorake awake ing ngarsane Sang Guru lan banjur nguwuh, “Gustiku lan Allahku”

YOKANAN 14:10-11
10 Apa kowe ora ngandel yen Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturake marang kowe iku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengane iku kang nindakake pandamele. 11 Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku.

Sajake bisa benget minangka jejering murid ngapalake Injil kabeh lan samar-samar ndeleng gusti Yesus, nanging ora bisa ngrasakake karawuhan Panjenengane, manawa murid iku ora ngalami owah-owahan ing sajroning ati lumantar sang Roh Suci. Gusti Yesus nggeret Filipus kanthi pitakonan kanggo nuntun marang iman kang luwih jero ing babagan sipat keallahan Panjenenganea, “Apa kowe ora pracaya yen Aku ing sajroning sang Rama lan Sang Rama ing sajroning Aku? Semboyan uripKu yaiku kanggo ngluhurake Sang Rama. Aku ing sajroning Sang Rama, Rama ing sajroning Aku secara kajasmanen. Kapenuhan kaalahan nyata ing sajroning sariraKu. Aku dilahirake awit Sang Roh suci, lan urip ing antaramu tanpa dosa. Aku wanuh Panjenengane wiwit kelanggengan, lan anggonku wanuh iku wis nyawiji ing sajroning Aku. Ing sajroning Aku Panjenengane mratelakake kaanane Panjenengane minangka jejere Allah sang Rama lan mratelakake sih rahmat Panjenengane kang gedhe”.

“Aku duwe bukti gegayutan paseksenKu iki: “PangandikanKu kang ngandhut panguwasa lan pakaryan kang asipat kealahan ana ing sajroning Aku. Manawa kowe kangelan duwe iman marang rawuhe Sang Kristus ing sajroning Aku, rungokna pituturKu, kang lumantar pituturKu Sang Rama ngandika lumantar Aku. Pangandikan iku menehi panguripan, panguwasa lan kekendelan marang kowe. Manawa kowe ora wanuh pangandikanKu, delengan panggaweKu: Gusti Allah, piyambak, makarya ing antara kowe kanthi tandha-tandha kasuwargan. Panjenengane nylametake kowe lumantar Aku, kowe kang ndisik ilang. Saiki kowe bakal ndeleng wektune anggonKu disalib pakaryan Allah kang ngedap-edapi dhewe, ngrukunake manungsa karo sarirane lumantar pati-Ku. Elekno mripatmu, aja mbok tutup kupingmu. Kowe bakal wanuh gusti Allah ing sajroning Panjenengane kang kasalib. Yaiki gusti Allah sejati kang ora bakal ngukum kowe, nanging nyelametake kowe”

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, lumantar nugraha kawula matur, “Dhuh Gusti kula lan Allah kula!”. Paduka apunten anggen kawula mboten pitados lan kirangipun katresnan kawula. Paduka bikak mripat manah kawula dhumateng sang Roh Suci Paduka, kanthi makataen kula sager ningali Sang Rama ing salebetipun Paduka, lan diribah ing salebetipun katresnan Paduka, kanthi makaten anggen kawula wanuh paduka badhe tambah gesang lan mboten dados pejah. Paduka nyatakaken hakikat saking kaluhuran Paduka dhumateng tiyang-tiyagn ingkang mboten pitados kanthi makaten tiyang-tiyang saget nampeni gesang ingkang engal awit saking kumandel

PITAKONAN:

  1. Apa sesambungane antarane sang Kristus karo Allah Sang Rama?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)