Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 062 (Healing on the Sabbath)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
2. Kewarasan wong kang wuta wiwit lahir (Yokanan 9:1-41)

a) Kewarasan ing dina Sabat (Yokanan 9:1-12)


YOKANAN 9:1-5
1 Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula. 2 Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?” 3 paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku. 4 Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isi awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean. 5 Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad”

Gusti Yesus ora kesusu mlayu saka para wong-wong kang dadi satru Panjenengane. Satru mau duwe karep mbenturi Panjenengane nganggo watu, nanging Panjenengane mirsani salah siji sedulur kang lagi nandang sengsara. Panjenengane iku Katresnan, kang paring pangapura kanthi tulus ing sajrone paring berkah. Para murid Panjenengane uga ndeleng wong kang wuta iku nanging para murid babar pisan ora kadudut atine. Malah para murid ngrembug bab kaluputan kang dadi jalaran dumadine panandang iku, dikaya wong-wong ing jaman semono duwe pikiran yen sakit penyakit tansah ana gegayutane karo dosa utawa kaluputan liya, lan sebanjure tekane paukuman kang ditampa saka gusti Allah. Gusti Yesus ora nyebutake kang dadi jalaran cacat iku; Panjenengane ora kanthi blak-blakan ngandika yen wong tuwa saka nom-noman ora duwe kaluputan, nanging mirsani yen panandhang nom-noman iku dadi wewengane Allah makarya. Gusti Yesus ora marengake para murid ngadhili wong kang sangsara iku utawa gawe falsafah geganyutan kang dadi jalaran anggone wong mau wuta. Panjenengane nuntun para murid supaya jumangkah maju kanthi nuduhake marang para murid tujuwan saka karsane Allah; keselamatan lan kewarasan.

“Aku kudu nyambut gawe”, pangandikane Gusti Yesus. Katresnan iku kang andadekake Panjenengan tumindak. Panjenengane ora karsa ngadhili utawa nyilakakna, nanging kagungan karsa nyarasake ing sajrone sih kawelasan. Panjenengane kanthi mengkono nuduhakt katresnan panebusanE, keyakinan lan tujuan Panjenengane. Panjenengane iku Juru selamate jagat iki, kang ngersakake mbangun manungsa ing sajroning urip kaya Allah.

Kita uga krungu Pangandikane gusti Yesus,”Aku ora nyambut gawe ing sajrone Asma-Ku utawa lumantar kekuatan-Ku dhewe; nanging Aku nindakaken pakaryan Rama-Ku ing sajrone Asma Panjenengane, kang selaras karo Panjenengane”. Pakaryan gusti Yesus disebut minangka pakaryane Sang Rama.

Gusti Yesus pirsa yen wektu Panjenengane wis cerak, lan anggone Seda wis cerak. Sinadyana mengkono, Panjenengane nyisihake wektu kanggo marasake wong wuta iku. Panjenengane iku pepadhang jagat iki, kang ngersakaken menehi pepadang marang wong wuta iku, yaiku pepadhange urip. Bakal teka wektune, iya Panjenengane uga wong suci ing ngendi papan ora bakal bisa nindakake apa wae. Sawetara dinta isih awan lan isih ana wewengan kanggo martakake, ayo kita nyekseake Panjenengane. Pepeteng tambah-tambah, jagat kita ora duwe pengarep-arep liya kajaba bakal rawuh-e Sang Kristus. Sapa kang nyawisake dalan kanggo Panjenengane?

YOKANAN 9:6-7
6 Sawuse ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawe luluhan lemah banjur dileletake ingmripate wong kang wuta mau. 7 Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam tegese “Kang diutus” wonge dumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.

Sadurunge lelakon iku gusti Yesus nindakaken mujijat mung nggunake pangandika wae. Nanging kanggone wong wuta iki, Panjenengane idu menyang lemah, banjur digawe luluhan, luluhan mau banjur dileletake mripate kang wuta mau. Gusti Yesus ngersakake yen wong wuta mau diparingi apa kang asale saka badane Sang Kristus dhewe. Gusti Yesus melu ngrasakake apa kang dirasakake dening wong wuta iku, lan Panjenengane nindakake cara kang apik dhewe kang andadekaken wong wuta mau waras. Anehe, mripate wong kang wuta mau ora enggal waras. Wong wuta mau kudu mlaku kang cukup adoh ngant tekan ngisor kang ana banyune ing blumbang Siloam mau, kang tegese, “Kang diutus,” kang dadi pralambang yen kasarawan iku kang dikersakake kanggo dadi utusan Umat kagungane. Wong-wong dhewe uga sabenere dilahirake ing sajroning kahanan kang wuta ing sajroning dosa lan panerak, mbutuhake kewarasan kang diparingake dening gusti Yesus lan uga mbutuhaken keselamaten.

Wong wuta iku nampani prasetyane sang Kristus, lan yakin bab katresnan Panjenengane. Wong wuta mau banjur mbangun turut. Wong wuta mau mlaku isih karo takon-takon gegayutan karo dawuh kang ditampa. Nanging dheweke tetep nindakake, ngraupi mripate lan dheweke bisa ndeleng. Ya ing wektu iku uga, dheweke ndeleng wong, banyu, padhang, tangane dhewe lan uga langit. Dheweke ndeleng kabeh iku kanthi eram. Cangkeme kebak pujian haleluyah lan pujian marang gusti Allah.

YOKANAN 9:8-12
8 Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: “Apa wong iku dudu kang adate papriman?” 9 Ana kang mangsuli: “Bener iya iku wonge.” Ana maneh kang calathu: “Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewe calathu: “Leres, inggih kula punika tiyangipun.” 10 Tumuli ditakoni: “Kapriye mripatmu bisane melek?” 11 Wangsulane: “Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika.” 12 wong-wong mau takon maneh: “Ana ing ngendi dheweke?” Wangsulane kang ditakoni: “Kula boten sumerep.”

Mujijat iku ora bisa disingitake, awit tangga-tanggane ndeleng wong kang diwarasake iku lan kaget banget. Sawetara wong malah ora pracaya yen wong kang bisa mlaku normal iki wong kang padha karo biasane tansang kesandung menawa mlaku, lan malah asring kudu dituntun dening wong kang ada cerake. Wong iku nyesekake dhewe gegayutan sapa ta awake yen dheweke wong kang pada, kang dikenal wong-wong mau sadurunge.

Wong-wong akeh sing takon bab lelakon anane kewarasan iku, nanging ora takon sapa sing nindakake, pitakonane mung gegayutan karo kepiye prekara iku bisa dumadi. Wong wuta kang wis disarasake iku sebanjure nyebutake jeneng kang marasake yaiku gusti Yesus, lan wong wuta iku ora ngerti akeh gegayutan karo panjenengane. Wong wuta mau ora ngerti sifat keallahane Sang Kristus, nanging ndeleng Panjenengan mung manungsa lumrah, kang ngulet lemah nganggo idune lan ngleletake ing mripate. Sebanjure Panjenengane dahwuh supaya raup ana blumbang, lan dumadine dheweke bisa ndeleng.

Ana ing lelakon iki, telik sandi Makamah Agama sebanjure takon: “Ana ngendi Yesus iku?” wong enom iku njawab: “Aku ora ngerti; mbiyen aku wuta nanging saiki aku ndeleng. Panjenengan ora njaluk duwit saka aku utawa njalu aku ngaturake panuwun. Aku lunga menyang mblumbang iku, sebanjure aku ndeleng kaya saiki iki. Aku ora ngerti sapa Panjenengane, lan aku ora ngerti ana ngendi Panjenengane saiki”.

PANDONGA: Kawula ngaturakaaen panuwun dhumateng Paduka, gusti Yesus; Paduka boten negakaken tiyang wuta menika lan Paduka mboten sumiya dhumateng piyambakipun. Paduka mbika mripatipun lan adamel piyambakipun dados tanda kangge sadaya tiyang ingkang dipun lahiraken ing salebetipun dosa. Padua sucekake mripa kawula kanthi Roh Suci Paduka, supados kawula ugi ningali pepadhang Paduka, lan ngakeni asma Paduka kanthi kabingahan.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus marasake wong wuta wiwit saka lahir iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)