Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 060 (The devil, murderer and liar)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

f) Iblis, tukang gawe raja pati, lan tukang apus-apus (Yokanan 8:37-47)


YOKANAN 8:44
44 Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.

Gusti Yesus ngandika marang wong kang ora gelem nresnani Panjenengane yen Iblis kang sabenere dadi Bapake wong-wong mau. Kanthi mengkono Panjenengane nuduhake marang wong-wong Yahudi kayekten bab wong-wong mau, sinadyana wong-wong mau ngakoni yen tepung gusti Allah. Wong-wong kang manembah paugeran iku adoh saka gusti Allah. Si pangawak dursila kang dadi Bapake wong-wong mau.

Iblis andadekake goro-goro gawe kekisruhan ana ngendi wae. Tujuane yaiku bisa dakab tibane kang dititahake Allah. Dheweke nggoleki karingkihane kabeh wong, lan menehi coban kanthi kajuligan supaya wong iku dikuwasani, lan nyurung wong iku supaya nindakake dosa. Sebanjure Iblis mau mlayu saka ngarsa dhamparing Allah, supaya ndakwa wong kang tiba mau, supaya dadi landesan wong iku nampa paukuman saka hakim kang adil yaiku minangka wong kang kesasar iku, mengkono kajuligane Iblis iku.

Gusti Yesus mratelakaken yen Iblis iku kang nindakake kabeh piala awit hardaning hawa nepsu, kang wis ngedohake awake saka kabeh kabecikan. Iblis iku dadi bature awake dhewe, lan sengit marang manungsa. Ing sajroning semangate Iblis andadekake wong satrue Sang Kristus, ngrusak wong liya lan ngrusak awake dhewe, ya awit saka panyurung hawa nepsune dhewe. Kabeh wong kang urip adoh saka Gusti Allah luwih milih nindakaake piala awit pancen iblis kang ngatonake saka jeroning uripe wong-wong iku.

Apa ta hawa nepsune iblis iku? Gusti Yesus nyethakake marang kita yen iblis iku tukang mateni wiwit mula; iku katindakake awit saka gethinge marang gambar Allah kang ana ing sajroning manungsa. Iblis uga misahake awake saka Gusti Allah, kang paring panguripan. Ing sajroning iblis ana pati langgeng. Iblis iku papan mapane pati. Tujuan uga supaya nyirnakake kabeh titah kang urip.

Kang dadi sebab kabeh tindak kejem iki yaiku awit saka sakwernane apus. Iblis nindakaken sakwernane apus marang manungsa kawitan sakloron yaiku marang Adam lan Kawa supaya wong loro mau ora pracaya lan sebanjure nerak parintahe Allah. Iblis uga ngapusi awake dhewe, nalika dheweke mimpin kabeh malaikat, dheweke mbayangake nek awake iku luwih gedhe, luwih endah, lan luwih kuwat dibanding karo Gusti Allah.

Patrap ngapusi awake dhewe kaya iki ya mangkene iki hakekate Iblis, kang ora eling watesan pepenginane kang ngesrong saka awake dhewe, lan sebanjure tibane ngeda-edapi. Sang Kristus kosok balinya saka kabeh iku. Panjenengane alus bebudene lan andhap asor. Kang mrihatinake, manungsa luwih milih sakwernane apus-apus lan gumunggung pribadi dibanding karo andap asaro kang ana Sang Kristus, lan anggone Panjenengane nyingkur sarirane dhewe. Awit saka iku malah kang tukang apus-apus nglumpukake sak-akeh-akehe wong-wong kang uga tukang apus-apus, kang dadi cangkeme metu apus-apus, kaya ula kang nyemburake wisa. Ora ana kapercayan kang bida dituduhake antarane siji marang liyane.

Ana wanita kanda karo ibunye, “Kabeh wong iku apus-apus; wong-wong padha apus ingapusan dikantheni mesem. Kabeh wong ngunggulake awake dhewe, para murid nurun kancane nalika ujian, para wong bakulan padha ora jujur. Malah ing keluarga sakwernane apus-apus dumadi antara sing lanang karo sing wadon. Ora ana sing bisa dipracaya, nanging nganggep nek awake dhewe iku dadi wong kang bener dhewe”

Ngojok-ojoki kang diketokake dening iblis iku mung apus-apus! Kala-kala sakwernane apus katon kaya bener nanging mung setengahe. Iblis gawe sakwernane apus ketoke pancen kaya kang bener. Iblis iku dadi juru apus lan dheweke iku Bapake saka kabeh sakwernane apus-apus.

YOKANAN 8:45-47
45 Nanging sarehne Aku iki mituturake kayekten, mulane ora kokandel. 46 Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku? 47 wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.

Mung gusti Yesus kang ngandikaake kayekten, lan kang mratelakake kayekten Allah. Rahayu wong-wong kang pracaya marang pangandikan Panjenengane. Panjenengane pirsa kayekten saka jagat raya, nanging dadi andap asor lan setyo ing sajrone apa kang dingandikaake.

Akeh wong kang ora nampa pawarta becik iki minangka kayekten, awit gusti Yesus kang ngandikaake. Manawa ana pimpinan politik utawa kang ngedegake sawijining agama kandha apa kang dingandikaake gusti Yesus, manungsa bakal pracaya. Nanging nalika gusti Yesus ngandika minangka jejere manungsa lumrah, manungsa umume nampik, awit manungsa duwe pepinginan keagungan lan panguwasa, lan dudu anggone nyingkur awake dhewe.

Gusti Yesus kanthi blak-blakan ndangu marang wong-wong Yahudi iku, “Kenapa kowe ora pracaya? Apa kowe nemokake ing sajroning awak-Ku watek gumunggung utawa tata laku ala? Ora, Aku tansah ngandika kayekten lan nindakake kayekten iku. Aku iki Kayekten kang ngejawantah, ora duwe kaluputan, bener, tanpa ana sakwernane kadurakan utawa apus-apus”.

Pungkasane, gusti Yesus ngandika marang wong-wong kang mbalelo iku, “Panjenengane kang asale saka Allah mirengake Sabda Panjenengane lan kenal Suwara Allah Sang Rama. Dikaya bocah cilik kenal suwara wong tuwane saka antarane suwara-suwara liya. Ana sawijining ibu uga, nalika dheweke krungu suwarane anake nangis, mlayu marani anake mau. Mengkono uga wong-wong kang ditimbali Allah bisa krungu suwara saka Rama kasuwargan, nanging wong-wong kang ora bisa ngerti Injil, asale ora saka Allah. Wong bisa wae mursid ana ing sajroning agamane, sregep ndedonga, lan sregep pasa, nanging Bapak kang sabenere yaiku Iblis. Kamursidan agama kita ora bakal nylametake kita, nanging mung kelahiran anyar dening getihe Sang Kristus, kanthi mengkono Sang Roh suci bisa nekani kita lan manunggal ing sajrone kita. Sapa Bapak panjenengan, Gusti Allah utawa Iblis? Aja kesusu njawab, nanging timbangen tujuan uripmu karo tujuan Si pangawak dursila iku lan sebanjure lagi ditimbang karo pakaryane Sang Kristus banjur mratobata”

PANDONGA: Dhuh rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dumateng paduka, awit paduka mucalaken kawula kayektosan bab dosa-dosa kawula lan katresnan Paduka. Paduka apunten sadaya dosa kawula, lan merdikaaken kawula saking sadaya raos sengit lan raos gumunggung. Paduka uwalake kawula saking panguwaosipun Iblis, kanthi makaten kula saget nyingkur badan kawula piyambak lan mboten tetep wonten ing salebetipun kahannan ngapusi badan piyambak. Paduka bika talingan lan manah kula dhumateng Injil Paduka, lan paduka yasa kawula dados tiyang ingkang andhap asor lan setyo.

PITAKONAN:

  1. Apa tanda-tanda kang ana ing Iblis kang dicethakake dening gusti Yesus marang kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)