Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 084 (Peter’s Mother-in-law)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

3. Ibu Maratuwané Petrus Disarasaké (Matéus 8:14-17)


MATÉUS 8:14-17
14 Sakwisé iku Gusti Yésus banjur tindak menyang omahé Peturs. Gusti mirsa embokné maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis. 15 tumuli didemek tangané temahan waras, banjur ngladeni tamunte. 16 Sorené akéh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha disowanaké menyang ngarsané Gusti Yésus, dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupané wong kang nandhang lelara padha diwarasake. 17 Bab iki kalakoné supaya kayekténana kang kapangandikaaké déning Nabi Yésaya: Panjenengané wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.
(Yésaya 53:4-6; Markus 1:29-34; Lukas 4:38-41)

Sakwisé Matéus nuduhaké yén Sang Kristus ngasihi wong-wong kang dhéwékan, kasebrataké ing tengah-tengahing masyarakat, lan karemehaké uga ora nampik wong-wong dudu Yahudi kang dianggep najis iku, Matéus uga nuduhaké uga yén Gusti Yésus kagungan sih kawelasan marang wanita kang ringkih kang ana sesambungané karo salah siji murid Panjenengané. Petrus, murid kang kendel dhéwé, wis ningkah, lan nalika dhéwéké dherek gusti Yésus, Petrus ora mbatalaké anggoné ningkah, awit ningkah pancen ora dosa, nanging sih rahmat saka kang nitahaké lan pancen wis dadi prenatan alam iki. Sang Kristus kepareng anggoné manawa murid ningkah.

Kangelan nekani ing sajroné keluwarga Petrus nalika ibu mara tuwané nandhang lara. Iblis mbudidaya mambengi murid iki saka anggoné leladi, nanging gusti Yésus rawuh marang ibu iku tanpa ulemi. Gusti Yésus ndemek tangané lan marasaké tanpa ngandikan apa-apa. Panguwasa Panjenengané mrambat ing tangan wanita iku lan lelaré ninggale ibu ning wektu iku uga. Mengkono uga, Sang Kristus nggatekaké sedulur saka pandhérék panjenengané lan nyarasaké tanpa disuwun, lan iku kabéh awit katresnan Panjenengané kang gedhé marang wong-wong iku. Anggoné mulihané Panjenengané iku sempurna, lan ibu mara tuwa Petrus iku sebanjuré tangi lan leladi Gusti Yésus lan para muride ing wektu iku uga. Wong-wong kang waras saka lara adhem lumrahé krasa lemes lan gemeter uga durung kuwat kanggo nyambut gawé nganti sawetara wektu. Kanggo nuduhaké yén anggoné nyarasaké iku ngluwih panguwasa lumrah waé, mara tuwané Petrus sakwisé waras banjur bisa nindakaké pagawéan omah.

Rahmat iku disucékaké, lan rahmat kang mengkono pancen rahmat kang sempurna. Sinadana mara tuwané Petrus iku nampani kawigaten kang luwih-luwih, nanging dhéwéké ora rumangsa dadi wong penting, ibu mara tuwané Petrus banjur ngladeni Gusti Yésus, awit ibu mara tuwané Petrus dibutuhaké ana kono, kaya para abdi umume. Para abdi kang diparing pikurmatan déning Sang Kristus kudu andhap asor. Awit wis dimerdikaaké, wong-wong kang disarasaké déning Sang Kristus bakal bisa leladi Panjenengané minangka abdi Panjenengané kang andhap asor, ing salawasé uripe.

Wong-wong kang ana ing kana ngrasakaké panguwasané Gusti Yésus, sebanjuré wong-wong mau nggawa wong-wong lara marang Panjenengané lan ngabaraké marang keluwarga, sedulur lan para tetanggané bab Sang Juru selamet kang agung kang ana ing tengah-tengahé wong-wong mau. Lan Panjenengané marasaké wong-wong kabéh! Panjenengané ora nampik wong siji waé malah wong-wong kang duwé iman kang cilik lan durung mateng. Nanging, kaya ngapa waé ciliké imané cukup kanggo Gusti Yésus kanggo ngalahaké tujuan lan tindak ala ing sajroné lan ing sakiwa tengené kita.

Matéus, kang nulis Injil iki, nyebutaké kanthi mligi gegayutan anggoné wong akéh padha teka kang kapanjingan roh ala lan Gusti Yésus bisa nguwalaké wong-wong mau saka panguwasan roh ala iku. Gusti Yésus uga Gusti atas kabéh roh lan roh-roh mau mbangun turut marang apa kang dadi pangandikan Panjenengané. Kita urip saiki ing jaman si pangawak dursila iku, lan kita mbutuhaké panguwasané Gusti Yésus kango nundhung roh cemer iku saka jiwa lan pikiran sedulur lan wong-wong kang cerak kita. Kita bisa nggawa wong-wong mau marang Panjenengané lumantar anggon kita tegen ndedonga, pracaya marang kabisan Panjenengané kanggo merdekaaké wong-wong mau.

Matéus nemokaké tafsiran babagan pakaryan Sang Kristus ing sajroné pameca agung saka Yésaya 53, ana kono kita masa babagan abdi Gusti kang nyangga lelara kita, lan nyucékaké kita saka kabéh dosa kita. “mangka sanyatané lelara kita kang disanggi ....Mangka Panjenengané iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengané karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakaké karahayon tumrap kita iku kadhawahaké ing Panjenengané sarta marga saka bilur-biluré kita banjur padha dadi waras” (Yésaya 53:4-5).

Wadi saka apa kang ditindakaké lan mujijat Gusti Yésus ditemokaké ing sajroné katresnan Panjenengané lan anggoné cemawis kanggo nyangga kabéh lelara lan dosa-dosa kita. Nanging sapa kang ngaturaké panuwun marang Panjenengané ngurmati Panjenengané lan pracaya marang Panjenengané kanthi setyo?

PANDONGA: Rama kawula ingkang wonten ing Suwarga, kawula sakit ing salebetipun jiwa kawula. Kawula sowan dhumateng Paduka, ngakeni karingkihan kawula lan pikiran cemer kawula. Paduka apunten kalepatan kawula, sucékaken kawula saking kalepatan kawula lan ampun dipun tegakaké roh awon manjing ing salebetipun kawula. Paduka paring jawaban donga kawula lan uga donga mitra lan sedhérék kawula. Paduka tundhung roh ingkang lumawan Roh Suci Paduka saking gesangipun lan Paduka penuhi kanthi katresnan Paduka ingkang murni. Paduka sucékaken kawula supaya ngluhuraken asma Paduka lan Paduka pitulungi kawula ing salebertipun maneka werni prekawis kawula. Tulung kawula ing salebetipun asma Gusti Yésus Kristus. Tampi katresnan awit Paduka paring jawaban donga kawula. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa maknané kang kakandhut ing sajroné warasé ibu mara tuwané Petrus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)