Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 057 (Overcoming Revenge)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

d) Alusing Bebuden Ngalahaké Endhem – Endheman (Matéus 5:38-42)


MATÉUS 5:38-39
38 “Kowé wuw padha krungu pangandika mangkéné: Mripat winales mripat, untu winales untu. 39 Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna.
(Pangentasan 21:24; Yokanan 18:22-23; Rum 12:19-21)

Perentah kang lawas iki dadi landhesan para hakim ing negara Yahudi iku malah nganti tumeka saiki. Wong-wong Yahudi kudu nibakaké paukuman kethok gegalitan badan, supaya agawé wedi kabéh uwon kang ngrancang piala, lan kepentingan liyané kanggo nyegah wong nindakaké piala marang wong liya. Wong-wong mau ora kené nuntut luwih gedhé tinimbang karo apa kang sepantese. Ora tinulis ing kana, “Nyawa ganti mata” utawa, “Sikil ganti untu”. Nanging kabéh wong kudu temen-teman ngetung apa mestiné “mata ganti mata” waé. Iku dumunung (wilangan 35:31), yén panerak babagan prekara iki bisa ditebus nganggo dhuwi; awit nalika dittulis “ora ana tebusan kanggo wong kang mateni,” kakandhut makna yén kanggo tatu gegalitané badan ana tebusan kanggo ngganti.

Sang Kristus, hakikat saka kayektén, wis mratélakaké sarira Panjenengané minangka kayektén, awit Panjenengané yaiku kayektosan kang manjalma dadi manungsa. Wong-wong Yahudi lan wong-wong muslim ora bisa nyegah wong kang arep mbales endhem-endhemané awit paugerané mulang wong nindakaké prekara iku. Manawa wong-wong Yahudi ngapura kanthi merdika, wong-wong mau malah nindakaké dosa. Nanging, ing sajroning Prejanjian Anyar dicethakaké yén saben endhem-endeman iku dosa, awit Sang Kristus wis mikul kabéh kaluputan lan malah nyangga paukuman kanggo kabéh wong dosa.Awit saka iku Panjenengané kang mratélakae marang kita paugeran katresnan kang énggal kang kaparingaké marang kita hak kanggo ngapura lan kuwasa alusing bebuden ngrucat kepentingan dhéwé kanthi rila legawa. Rahé Gusti Yésus wis ngendhegaké tuntutan saka Paugeran Prejanjian Lawas kang mratélakaké, tanpa netesaké getih ora bakal ana pangapura (Ibrani 9:22). Awit Putra Allah ingkang ora dosa séda ing kayu Salib kanggo kabéh manungsa, mbales endhem-endeman ora diprélokaké manéh. Gusti Yésus wis paring kamardikan kita saka tuntutan paugeran nabi Musa iki.

Sang Roh suci ora marengaké kita mbudidaya hak lan kepentingan pribadi kita kanthi nggunakaké kekerasan. Panjenengané ora ngidinaké kita nggayuh pepinginan kita kanthi cara kang ora bener. Gusti allah iku katresnan lan Panjenengané ora bisa nampa anggon kita ora mbangun turut. Roh Panjenengané lumawan watonan males endhem-endheman. Panjenengané iku sumber banyu ilahi sumber saka sabar lan tegen. Awis saka iku, kita ngenténi panjangkung Gusti allah lan mbangun turut marang tuntunan Panjenengané kang bener. Panjenengan bisa ugi pitakon, “Apa patrap kang mengkené iki ora nuduhaké karingkihan lan gagale kang ana sambung rapete karo kekarepané manungsa lan nyelaki babagan haké, kang bisa uga bakal mbukak wewengan timbule piala kang tambah samsaya akéh?

Ora! Wong kang alus bebuden yaiku wong kang kuwat manawa wong iku sumarah marang gusti Allah, kang mbales endhem-endhemané iku malah kang ringkih, awit wong iku ngejaraké atiné ditelukaké déning rasa sengit. Wong iku kang mbales piala karo piala yaiku padha alané karo kang nindakaké piala iku, nanging wong-wong kang mbales karingkihan karo katresnan yaiku wong kang menang atas patrap mentingaké awaké dhéwé.Perang lan pasulayan ora tau mbangun tata kasusilan utawa peradapan. Karo-karoné bakal lebur lan ménéhi wisa masyarakat, nanging katrsnan, keyakinan, alusing bebuden, sabar lan tegen bakal ngengakaké lawang kanggo pengarep-arep.

Sang Kristus ora tansah dhawuh marang kita supaya nindakaké kaya kang tinulis ing pangandikané “Sapa waé kang napuk pipimu tengen, wenehna uga marang wong iku pipimu kiwa”. Iki kabukti nalika Panjenengané di tapuk ing pengadilan ing ngarepe Ananias, Imam Agung, Panjenengané ora njaluk marang abdi kuwi supaya ditapuk pipi sisihé manéh (Yokanan 18:22 lan Para Rasul 23:2). Sang Kristus nyethakaké yén rerasan kita pepinginan mbales kudu disirnakaké, manawa kita kepéngin mlebu ing kratoning suwarga. Dadi, buwang hak pribadi panjenengan aja banget-banget mbelani kepentingan badan panjenengan piyambak. Panjenengan pasrahaké badan panjenengan marang Gusti, lan Panjenengané bakal tanggung jawab atas panjenengané. Sang Roh suci bakal ngalahaké hardaning hawa nepsu kang ana ing badan panjenengan. Manawa ana wong kang napuk panjenengan, pikiran panjenengan kudu ngakonono: aku pantes ditapuk awit akéhé dosa kang wis ndak tindakake. Pinuji Gusti Allah sang Rama kita kanthi mengkono Sang Juru selametku kang alus ing bebuden iku kang malah nyangga luwih akéh anggoné ditapuki kang nglarani ing kayu salib kanggo aku.

PANDONGA: Dhuh, Rama kasuwarga, Paduka menika kayektosan ingkang kebak katresnan. Awit kayektosan Paduka, Paduka kedahipun paring paukuman sadaya dosa saha tiyang-tiyang ingkang dosa; nanging Paduka nresnani kawula lan nandang kasangsaran kanggé kawula. Paduka paring kamardikan kawula saking paukuman lan ngapunten dosa-dosa kawula. Putra Paduka mbayar upah dosa lan séda kanggo sadaya manungsa. Kanthi makaten kawula saget ngapunten para satru kawula awit Sang Krisuts sampun nanggung dosa-dosanipun lan nyangga paukuman atas dosa-dosa menika. Paduka pitulungi kawula supados ngapunten sadayanipun supados kula mboten ngendhem raos sengit dhumateng sedhérék-sedhérék menika ingkang nindakaken piawon dhumateng kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Sang Kristus paring kamardikan marang kita saka paugeran mbales kang dadi endhem-endheman kita, lan merdikaaké saka paukuman?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:45 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)