Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 013 (The Sanhedrin questions the Baptist)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

1. Utusan saka golongan sahedrin nakokake Yokanan pembaptis (Yokanan 1:19-28)


YOKANAN 1:25-28
25 Ikut banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengankok mawi mbaptis?” 26 Nabi Yokanan mangsuli, pangandikane: “Aku iki anggonku mbaptis nganggo banyu, nanging wus ana kang jumeneng ing tengahmu, kowe padha ora weruh, 27 iya iku kang rawuhe nungka aku, Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.” 28 Mungguh kelakone iku mau ana ing Betania, ing sabrange bengawan Yarden, panggonane Nabi Yokanan mbaptis.

Saka Torat wong Yahudi wis sinau gegayutan kasucekake, kawisuhan, lan dikaya baptisan. Kawisuhan yiku diresiki saka regeting moral utawa wewatekan, sawetara Baptisan yaiku mligi kanggo panyucene wong-wong kang dudu Yahudi, awit wong-wong yahudi mau nganggep bangsa-bangsa liya iku bangsa kang najis. Kanthi mengkono, nampani baptisan dadi tanda patrap andhap asor lan nyawiji karo umat Allah.

Iki nyethakake kena apa kongkongan saka Yerusalem iku dadi bingung. “Kenging menapa panjenengan nimbali tiyang-tiyang ingkang sampun pitados supados mretobat, kamangka tiyang-tiyang menika sampun dipun sunat lan dipun teguhaken sawetahipun ing salebetipun prejanjian? Menapa panjenengan nganggep kawula sami kirang suci lan gadhah penggalih bilih kawula sami kesasar ing salebetipun bebendhunipun Allah, kawula ingkang dados jejeripun pimpinan ingkang gadah tanggel jawab atas bangsa kita?”

Baptisan Yokanan yaiku watu sandhungan kanggo wong-wong “Mursid’. Prekara iku ndadekake kapilahi wong-wong mau dadi rong golongan. Golongan kang kawitan yiku kang disucekake dening baptisan pamratobat. Wong-wong iki yaiku wong-wong kang nampane sang Kristus minangka golonga kang kapilih kang cemawis kangge ketemu Gustine. Golongan kaping pindho yaiktu kang nampik baptisan pamratobat, rumanga manawa wong-wong mau wis pantes kangge nampeni Sang Kristus. Wong-wong mau nganggep manawa rawuhe Panjenengane iku kanggu tujuan kang asifat politik lan asifat cocok karo paugeran (legalistis)

Bisa uga penginjil Yokanan dhewe uga ana ing pandadaran resmi iki. Pirembugan iki banget ndudut atine, mligine pitakonan-pitakonan saka kongkonan iku marang Yokanan Pembaptis, awit kanthi kabeh mau wong-wong kongkonan mau entuk pangakon manawa Yokanan Pembaptis dudu Sang Kristus, dudu Nabi elia utawi salah siji nabi kang dijanjekake. Kanthi jawaban iki wong-wong mau rumangsa diwirangake, mratelakake Yokanan pembaptis dudu sapa-sapa.

Yokanan pembaptis, ngerti apa kang kudu ditindakake, ngasorake awake lan kandha kanthi mesem: “Kowe bener banget, aku babar pisan dudu wong penting. Aku mbaptis mung nganggo banyu, tanpa kekuatan gaib utawi panguwasa. Kang aku tindakake mung pralambang, kang tumuju marang Panjenengane Kang Bakal Rawuh”

Sebanjure Yokanan Pembaptis kang nganggo sandhangan wulu unto ngadeg lan nguwuh kanthi suwara kang seru marang para pemimpin kongkonan mau lan uga marang wong akeh sing ana kono. “Kowe kabeh wuta. Kowe ora bisa nyemak lelakon sejarah kang dumadi ing sakiwa tengenmu. Kowe ndadar aku, kang mung pengarep kang ora ana tegese. Nanging delengen, sang Kristus wis rawuh. Panjenengane ana ing kene ing antarane wong-wong kang nggetuni dosane iki. Aku, Yokanan Pembaptis, babar pindah ora duwe panguwasa kanggo nindakake apa wae. Aku mung duwe pelayanan siji kang kudu ndak rampungake. Aku mung sawijining suwara, lan Roh suci menehi mangerti aku bab Gusti kang rawuh ing wektu iki. Panjenengane ana ing kene. Dina iki dino keselametanmu. Enggal-enggala mratobat, awit wektu-wektu pungkasan lagi lumaku”.

Krungu katarangan mengkene iki wong akeh kaget lan gumun. Wong-wong mau wis kumpul kanthi tujuwan ing pikirane methuk Sang Kristus. Nanging Panjenengane wis rawuh, lan wong-wong mau babar pisan ora ngerti rawuhe Panjenengane lan uga ora ndeleng Panjenengane. Wong-wong mau bingung banget, lan pandeng-pandengan kanthi gumun.

Sebanjure Yokanan Pembatis menehi katarangan kang misuwur banget gegayutan Sang Kristus ing sajroning paseksene kang luwih blak-blakan dibandingake karo apa kang secara ora langsung ana ing ayat 15, “..kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurenge aku”. Kanthi mengkene iki Yokanan Pembaptis mratelakaken kelanggengane Sang Kristus lan ing wektu iku uga mratelakaken rawuhe Panjenengane ing antarane manungsa. Yokanan menehi keterangan manawa pratelane Sang Kristus dadi manungsa kaya wong lumrah, rawuh ing antarane manungsa, ora ditepung, tanpa ana tanda kamulyan suci bunder ana ing nduwur mestakane, ora ngagem rasukan kang mawa cahyo. Panjenengane padha wae karo kabeh uwong liyane, ora katon beda ing bab apa wae. Nanging hakekate kang sabenere Panjenengane babar pisan beda karo wong-wong liya; Panjenengane wis ana sadurunge ana jaman, asifat kasuwargan lan asiwat ilahi, ana ing antarane wong-wong kanthi kebak kaprasajan.

Yokanan Pembaptis ngakoni anggone ora pantes dadi abdine Sang Kristus. Pakulinan ing jaman semana yen ana tamu, abdi kang duwe omah kang ditamoni mau bakal misuhi sikile tamu nganggo banyu. Nalika ngerti yen Gusti Yesus ing antarane wong akeh, Yokanan Pembaptis ngakoni yen dheweke ora pantes sinadyano mung nguculi tali trumpahi gusti Yesus supaya bisa misuhi sukune Panjenengane.

Tembung-tembung iku nggegerake wong akeh. Wong-wong mau takon tinakon antarane siji lan sijine. “Sapa wong kang disebutake Yokanan iku? Kepiye nalare Gusti bisa dadi manungsa lumrah? Lan kenapa Yokanan Pembaptis iki kandha manawa dheweke ora pantes nguculi tali trumpahe?”. Kongkongan saka Yerusalen iku bisa uga ngenyek nalika krungu tembunge Yokanan Pembaptis, kaya-kaya arep kanda, “Pembaptis jembel iki mesti apus-apus?”. Awit saka iku wong-wong mau lunga. Bisa uga sawetara pandhereke Yokanan Pembaptis melu lunga kaya patrape kongkonan mau, awit pikirane yeng Sang Kristus bakal mratelakaken sarirane ana ing Ibukota yaiku ing Yerusalem kanti kamulyan lan kaagungan, ora dadi pribadi kang wong ora di tepung, kang prasaja ing ara-ara Samun. Sebanjure wong-wong mau kelangan wewengan kang luwih-luwih, ora bisa ketemu karo Sang Kristus kang saka Allah.

Lelakon-lelakon iku dumadi ing sisih wetah kali Yarden, kang kabawah panguwasane Sanhedrin, ing laladan pemerintahan Herodes antipas. Kongkonan mau pungkasane ora bisa nggawa Yokanan Pembaptis supaya di tahan ing Yerusalem kanggo diadhili ana kana.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, matur nuwun sampun rawuh dhumateng kawula, manungsa sejati lan Allah sejati. Kawula manembah Paduka lan ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun nyaket dhumateng kawula sami. Paduka ngasoraken sariro Paduka ing salebetipun badan manungsa kanthi makaten mboten satunggal tiyang kemawon kajawi Yokanan Pembaptis ingkang saget nepang Paduka. Paduka asipat andap asor lan alusing bebuden. Wucal kawula supados gadhah watek alusing budi kados dene Paduka lan supados ndherek Paduka kanthi tuntungan saking sang Roh suci paduka.

PITAKONAN:

  1. Menapa puncaking paseksi Yokanan Pempatis ing bab gusti Yesus ing ngajengipun kengkenan saking tiyang Sanhedrin?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)