Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 012 (The Sanhedrin questions the Baptist)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

1. Utusan saka golongan sahedrin nakokake Yokanan pembaptis (Yokanan 1:19-28)


YOKANAN 1:22-24
22 Ing kono ature kongkonan: “Panjenengan pnika sinten, supados kula sami saged mratelakake dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?” 23 Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengno margi ambahan-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikaake dening nabi Yesaya.” 24Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara.

Kongkonan iku sebanjure menehi pitakonan sing ibarate kaya panah kang dilepasake marang Yokanan Pembaptis. Pitakonan-pitakonan iku gegayutan karo pangipat-ipat kang wong-wong mau ngerteni kang bakal timbul nalika Sang Mesih bakal rawuh yaiku Sang Mesih kang satemene. Nanging sakwise Yokanan nampik manawa dheweke iku sang Mesih utawa Nabi Elia utawa salah siji nabi kang diweca dening nabi Musa, ing sajroning penemune wong-wong iku Yokanan wis kelangan kepentingan lan ora maneh mbebayani. Nanging wong-wong kongkonan mau tetep takon sapa sabenere dheweke kang mitaya pawarta iku marang dheweke. Tujuane wong-wong mau supaya yen bali karo sing ngongkon yaiku Sanhendrin ora bali tanpa mangeti tenanan kahanan kang sabenere.

Pitakonan-pitakonan iku ora ana sesambungane karo pameca Nabi Yesaya (Yesaya 40:3), nanging Sang Roh suci sebanjure nuntun Yokanan Pembaptis marang ayat iki. Dheweke nyethakaken awake dhewe minangka suwara kang nguwuh-uwuh ing ara-ara samun, nyawisake dalam kanggo gusti. Manawa dheweke ora menehi sawetara pituduh saka ing kitab suci, wong-owng mau bakal ndakwa dheweke minangka wong kang ngaku duwe panguwasa lan sebanjure dianggep ngarang wahyu dhewe.Sebanjure wong-wong mau bakal ngipat-ipati dheweke kanthi dhasar pandakwa nyenyamah Gusti Allah. Awit saka iku Yokanan ngasorake awak lan mapanake awake ana ing kalungguhan kang paling asor ing sajroning Prejanjian Lawas, lan kandha manawa manawa dheweke iku dudu sapa-sapa kajaba sawijining suwara kang nguwuh ing ara-ara samun.

Kita kabeh urip ing ara-ara samun jagat iki. Ing sakiwa tengen kita ana rerusuh lan gegeran. Nanging Gusti Allah ora nilarake jagat kita kang cilaka lan wong-wong cemer iku tanpa ana kang nulung. Panjenengane rawuh narang manungsa kanggo nylametake dheweke. Apa kang katindakaken saka kasuwargan marang bumi iki sawijing sih rahmat kang gedhe. Kang suci iku ora nyirnakake kita kaya kang kudune mengkono, nanging nggoleki kita lan mbudidaya nemokake kita, yaiku wong-wong kang ilang. Katresnane Panjenengane luwih gedhe dibandingake karo kabisan nalar budi kita supaya bisa mangerti. Keslametan kang wutuh ngrubah ora-ara samun dadi taman kang ijo.

Yokanan Pembaptis paham lumantar Sang Roh suci manawa Allah ing sajroning Kristus lagi rawuh ing jagat. Awit saka iku dheweke wiwit ngajak manungsa supaya eling maneh lan nyawisake dalam kanggo nampani Panjenengane Kang Bakal Rawuh. Semangate kang gedhe ing sajrone nyawisake dalan kunjuk Sang Kristus andadekake dheweke dadi suwara ing ara-ara samun kanggo jagat kita. Panjenengane ora nyebut awake dhewe minangka nabi utawa utusan, nanging mung sawijining suwara. Nanging suwara iki yaiku suara atas panguwasane Allah, ora ngejarake telenging ati keturon, rumangsa ayem awit dosa-dosane.

Apa kang dikandhakake dening suwara iku? Sari pati pawartane yaiku: Tangia, elinga manawa Kraton iku wis rawuh marang kowe! Tatanen uripmu sing apik! Gusti Allah iku suci lan Panjenengane bakal ngadhili kowe. Saben patrap goroh, nyolong, ala lan patrap kang ora adil kang mbok tindakake, Gusti Allah bakal njaluk panjawabmu lan paring paukuman nganggo geni neraka. Gusti Allah ora nyepelekake dosa-dosamu. Wong kang ala bakal katon dadi wong ala ana ing ngarsane Panjenengane awit kabeh tumindake kang ala. Lan wong kang katone apik ora luwih apik tinimbang kang ala. Awit ora ana wong siji wae kang ora luput ana ing ngarsane Panjenengane.

Abote tuntutan kang dilantaraken dening Yokanan Pambaptis agawe manungsa kudu ndadar awake, ngerti kahanane dhewe kang cemer, nyirnakake gumunggung lan ngrubah pikiran. Sedulur, apa panjenengan nganggep awake panjenengan apik lan pantes ditampa? Jujura lan akonana kaluputan panjenengan! Menawa panjenengan tau ngapusi wong liya malah sinadyana mung sithik pisan mula enggal balekno hake. Tumpesen rasa gumendhe lan pasrahna urip panjenengan kunjuk ing Allah. Lencengna apa kang bengkong ing sajroning tindak laku panjenengan. Panjenengan sujud nganti tekan lemah awit panjenengan wis nindakake patrap ala.

Akeh saka kongkonan resmi iku yaiku wong-wong Farisi. Wong-wong mau nesu banget awit kekendelane Yokanan Pembaptis, wong-wong kang nganggep awake wong kang bener, mursid lan apik, kanthi teliti mbangun turut kabeh paugeran kanthi semangat. Nanging wong-wong mau ngapusi awake dhewe. Wong-wong mau lelamisan mursid, sawetara ing kasunyatane wong-wong mau batine rusak, kanthi katon cemer kang lumantar mripat batine, pikirane kebak pangigit-igit, kaya susuhe ulo bedhudhak.

Praupane wong-wong mau kasar ora agawe Yokanan mandheg ngelingake wong-wong mau, lan ngelikake wong-wong mau manawa kita kabeh perlu banget bali marang Allah, kanggo nyawisake dalan kanggo Rawuhe Gusti kang bakal enggal dumadi marang kita.

PANDONGA: Gusti, Paduka pirsa manah kawula, mangsa kepengker kawula lan dosa-dosa kawula. Kula rumaos isin ing ngarsa Paduka awit panerak kawula, sae ingkang tinarbuka utawi ingkang siningitan. Kula ngakeni sadaya piawon kula ing ngarsa Paduka lan nyuwun pangpunten Paduka. Ampun ngantos mbucal kula saking ngarsa Paduka. Paduka paring pituugan dhumateng kula supados wangsul lang mbangsulakeen manapa ingkag kula culikani saking tiyang sanes lan nyuwun pangapunten dhumateng tiyang sadaya ingkang sampun kawula tatoni. Paduka lebur gumunggung pribadi kawula sucekaken kula saking samudaya dosa kula awit dening rahmat paduka, Oh Ingkang maha Rahmat ing antawisipun sadaya ingkang kebak rahmat!

PITAKONAN:

  1. Kepiye Yokanan Pembaptis nyeluk wong-wong kanggo nyawisake dalane Gusti?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)