Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 066 (We must Learn Brotherly Love)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

3. Kita kedah sinau anggénipun nresnani sesami kita lan latihan nindakaken sih katresnan punika (Rum 12:9-16)


RUM 12:9-16
9 Tresnaa klawan éklas. Padha sengita marang piala; sing becik padha antepana. 10 Padha tresna-tinresnanana klawan ati kang bungah, kaya sedulur marang sedulur ana ing brayaté Sang Kristus. Siji lan sijiné padha ajèn-ingajènan. 11 Padha nyambuta-gawé klawan taberi; aja padha kesèd. Pengabdimu marang Gusti Allah lakonana klawan sumarah lan éklasing ati. 12 Padha bungaha sajroning pengarep-arep, padha disabar sajroning nandhang karubedan, lan tansah padha ndedongaa. 13 Apa saduwèkmu tanjakna kanggo mitulungi para sedulurmu sing padha kesrakat, lan padha dhangana awèh panginepan marang wong neneka. 14 Wong sing padha nguya-uya marang kowé padha suwunna berkah marang Gusti Allah; ya suwunna berkah, aja koksuwunaké laknat. 15 Padha bungah-bungaha karo wong sing bungah, lan nangisa karo wong sing lagi nangis. 16 Sajroning pesrawungan karo wong kabèh, aja nganggo mbédak-mbédakaké. Aja padha gumunggung, padha dhangana nglakoni pegawéan sing dianggep asor. Aja kuminter!

Wonten sawatawis tembung tresna ingkang benten wonten ing basa Yunani. Tembung “fileoo” tegesipun raos remen manusa kanthi perasaan ingkang kiyat. Lajeng wonten tembung “eros” kangge raos brai saking perasaan lan nepsuning tetiyang; dene tembung “agape” katresnan ingkang tulus lan sampurna. Sih katresnan punika katresnan ilahi ingkang cumadhang ngurbanaken diri kangge tiyang-tiyang miskin, lan malah ugi kangge mengsah, nedahaken tekat, lan gegayutan kaliyan karsanipun Allah.

Sang Kristus maringaken gesangipun minangka kurban panebusan kagem tiyang-tiyang dosa wonten sih katresnan ilahi punika. Nanging Paulus ngendikakaken katresnan punika wonten ing pigesangan ingkang nyata ing tumindakipun para penderekipun Sang Kristus, kados ingkang sampun kaserat ing Rum 5:5 “sih katresnane Allah wus katumrahake ing ati kita dening Roh Suci kang wus kaparingake marang kita.”

Katresnan ilahi boten goroh, awit katresnan punika tulus. Katresnan ingkang mekaten punika ngucapaken kayekten kanthi cara ingkang ebak kawicaksanan lan kamirahan. Lamis boten sae, kados ingkang kaserat ing Kitab Suci. kita kedah ngakeni dosa-dosa kita ing ngajenganipun tiyang sanes, temah raos kumenthus sirna saking gesang kita. kita kedah ngakeni sadayanipun dhumateng Gusti Yesus, awit namung Panjenenganipun ingkang nucekaken kita srana pakaryan panebusanipun.

Katresnan ilahi sengit dhumateng piawon ingkang wonten ing ati nurani nyenyamah kita, ingkang nganggep sabdanipun Allah minangka kanisthan, goroh, nyasar lan boten adil. Katresnan boten sarujuk kaliyan tindak-tanduk ingkang mekaten punika, nanging sih katresnan punika sarujuk kaliyan sadaya raos tulus, kayekten, watak jujur lan suci.

Katresnan ilah mulang kita nresnani sedhérék-sedhérék wonten ing Gusti, sabar lan tanpa sambat, saha gemati. Sdaya paladosan lan pitembungan kita kedah tulus lan semanak, supados tiyang-tiyang sanes saged ngraosaken sih katresnan kita ingkang satuhu. Patrap ajen-ingajenan sesemahan ugi kalebet ing katresnan punika.

Menawi wonten ingkang ngladosi Injil, sacara lesan utawi tulisan, paladosanipun kedah katindakaken kanthi gregeting rohani, lan kedah teguh gondhelan dhumateng tuntunanipun Gusti.

Sinten ingkang ngalami kegagalan, sampun kecalan pangajeng-ajeng bilih Sang Kristus punika ingkang mimpang. Lan sinten ingkang ngadhepi kasangsaran lan pakewed kedah terus maju klayan keyakinan lan kasabaran, taberi ing pandonga kalayan iman, tanpa mangu-mangu babar pisan. Gusti mangsuli panguwuh kita kangge tiyang-tiyang sanes lan kangge diri kita. Menawi panjenengan nyumurupi sedhérék-sedhérék tunggil pitados nandang sangsara, panjenengan kedah gemati lan ngupayakaken pitulungan. Mekaten ugi menawi tiyang-tiyang punika ndatengi panjenengan kangge mulyakaken Rama panjenengan, kawengakna kori kanthi bingah lan Gusti bade nikelaken rejeki panjenengan menawi panjenengan maregaken tiyang-tiyang luwe kagem asmanipun Gusti. Panjenenganipun rawuh sesarengan kaliyan tiyang ingkang nresnani Panjenenganipun.

Menawi tetiyang nganiaya panjenengan, kaberkahana tiyang punika. Sampun nyupatani tiyang ingkang nyupatani panjenengan, nanging nyuwuna dhumateng Gusti supados ngluwari tiyang punika, kados ingkang dipun tindakaken dening tiyang-tiyang pitados ing Damsyik nalika Saulus ndatengi saperlu bade nyiksa tiyang-tiyang punika lan ngglandhang tiyang-tiyang punika dados budak ing Yerusalem. Gusti lajeng ngalang-alangi marginipun Saulus lan ngremuk kasombonganipun.

Menawi berkah saking ingkang sinalib lan wungu sampun dipun tepangi, tiyang-tiyang pitados sanesipun bade rumaos bingah lan kateguhaken imanipun, awit sami ningali kamenanganipun Sang Kristus. Nanging menawi tetyang muwun karana tetangginipun ingkang kesasar, kita kedah nderek ing kasangsaranipun. Sampun isin ngedalaken luh.

Sami mbudidayaa manunggal wonten ing greja minangka kulawarganipun Allah. Sampun langkung menggalih arta, kaurmatan, pangreh lan bathi, nanging sami gesanga kaliyan tiyang-tiyang miskin lan nglokro, kados dene Gusti Yesus gesang kaliyan kathah tiyang sakit, kesurupan lan pejah.

Sampun ngantos nganggep dhiri panjenengan langkung inggil anggénipun ngélmu, nanging nyenyuwuna dhumateng Gusti ingkang anggadhahi panénan supados makarya ing antawisipun jemaat wonten ing gréja, nyarasaken, nglipur, nylametaken dalah maringi dalan ingkang sampurna.

Sami ngatos-atosa supados boten cecongkrahan. Tampi-tinampia kanthi sabar, awit Gusti punika tunggal, panebusanipun ugi tunggal, lan boten wonten sesulihipun Roh Suci. Sampun rumaos sok nitahaken karahayon ingkang langkung sae. kita sadaya gesang wonten ing kanugrahanipun Rama, Sang Putra lan Roh Suci dedasar sih katresnanipun.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngucapaken panuwun amargi saking mujizat pasamuwan wonten ing gréja kawula. Paduka maringaken sih katresnan, kesabaran, tuwin sukarena Paduka dhumateng kawula lumantar manggénipun Roh Suci wonten ing gesang kawula, nalika kawula mratobat lan nerasaken gesang iman kawula wonten ing sang Kristus. Gusti tulungana kawula supados saged nindakaken kewajiban kawula lan katresnan kawula, lan boten namung lamis kémawon. Mugi Gusti manggén wonten ing gesang kawula, lan njaga kawula wonten saklebeting pangajeng-ajeng ingkang mulya.

PITAKON:

  1. Patraping sih katresnan Gusti Allah kang kaya apa kang miturut panjenengan paling wigati lan paling diperlokaké ana ing pasamuwan panjenengan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 06:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)