Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 065 (Do not be Proud)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

2. Aja kemlungkung, nanging layanana Gustimu ana ing antarané wong-wong kang pracaya nganggo ganjaran kang wis kaparingaké marang kowé (Rum 12:3-8)


RUM 12:3-8
3 Iya merga saka sih-rahmaté Gusti Allah sing diparingaké marang aku, kowé kabèh padha dakkandhani: Aja padha gumedhé, nanging pikiran lan atimu sing presaja. Lan saben wong padha mawasa awaké dhéwé miturut takeraning precaya sing kaparingaké déning Gusti Allah. 4 Ing badan kita ana gegelitané pirang-pirang, sing padha duwé tugas dhéwé-dhéwé. 5 Semono uga senajan kita iki akèh, nanging kita mung siji ana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus, sing siji lan sijiné padha katunggilaké dadi gegelitan-gegelitan ing badan siji. 6 Mulané kita kudu migunakaké ganjaran-ganjaran sing béda-béda mau miturut sih-rahmat sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kita. 7 Yèn kaparingan ganjaran medharaké pangandikané Gusti Allah, kudu nindakaké manut takeraning precayané. 8 Yèn kaparingan ganjaran ngladèni (utawa tetulung), iya kudu ngladèni. Yèn ganjaran memulang iya padha memulanga. Yèn ganjaran kanggo ngatag-atag, iya padha ngatag-ataga. Sapa sing ngedum-edumaké barangé marang wong liya, nindakna klawan éklasing ati; sing dadi panuntun, nindakna klawan taberi; sing olah kawelasan, nindakna kanthi bungahing ati.

Paulus boten ngendika minangka pangon ingkang maringi pitutur ingkang umum dhumateng para mendanipun, nanging pyambakipun maringi prentah ingkang teges lan cetha dhumateng sadaya warga greja ing salumahing donya.

Sampun menggalih bilih panjenengan langkung inggil saking kawontenan panjenengan ingkang sanyatanipun, nanging engeta bilih saking lebeting diri panjenengan pyambak panjenengan boten kagungan menapa-menapa, lan bilih panjenengan malah saged mbebayani tiyang-tiyang sanes. Katitika kanugrahan rohani panjenengan, lan kapirengna timbalanipun Sang Kristus kagem satunggaling paladosan ingkang mirunggan. Sampun namung nindakaken menapa ingkang panjenengan remeni kemawon, nanging manuta dhumateng tuntunanipun Sang Kristus, kanthi kesadaran, kanthi nggatosaken pitutur saking tiyang-tiyang ingkang sampun diwasa sacara rohani.

Ukuran saking paladosan panjenengan sanes kanugrahan panjenengan, nanging panggayuhing iman panjenengan dhumateng Sang Kristus, awit Panjenenganipun kwaos netepi karsanipun wonten ing paladosan panjenengan. Pangawasanipun dados punjering pambudidaya panjenengan. Pramila, kagaliha, kaucapna lan katindakna sadayanipun kaliyan Sang Kristus lan wnten ing Panjenenganipun, lan panjenengan bade ningali woh-wohing sih katresnanipun wonten ing pigesangan panjenengan.

Punjering kasilipun tiyang-tiyang Kristen inggih punika patunggilan rohaninipun. Patunggilan punika sanes patunggilan kadonyan, nanging patunggilan wonten ing Sang Kristus. Patunggilan punika kados badan rohani saking Sang Panebus, inggih punika Sang Kristus nindakaken pakaryanipun lumantar tiyang-tiyang Kristen. Boten wonten satunggal kemawon saking ingkang nindakaken pakaryan punika ingkang pantes kaalembana, nanging sadaya dados satunggal wonten ing patunggilanipun tiyang-tiyang ingkang sampun kasucekaken. Sang Kristus punika kakiyatan panjenengan, lan panjenengan dados sampurn wonten ing Panjenenganipun. Boten wonten tiyang ingkang nggadhahi sadaya kanugrahan. Wonten ing sariranipun Sang Kristus, suku mbetahaken jantung, tangan mbetahaken sirah, mripat mbetahaken pikajeng, lan driji obah atas prentah saking pikiran. Pramila saking punika, greja minangka badan namung saged makarya kanthi sae menawi sadaya gegelitaning badan sami mirengaken satunggal lan satunggalipun, lan sadaya sesarengan lelados dhumateng Gusti.

Saiba bodhonipun menawi tangan nindakaken satunggaling prekawis ingkang cengkalih kaliyan pikiran panjenengan, utawi suku mlangkah mlebet juglangan nadyan mripat sampung ningali juglangan punika saderengipun? Sinten ingkang boten blajar makarya sesarengan kaliyan sadaya gegelitaning badan bade dados mentingaken diri, miskin, alit lan bodho.

Paulus nyebataken kanugrahan rohani wonten ing satunggaling greja. Pyambakipun ingkang nangekaken tiyang-tiyang ingkang sami tilem, boten pareng ngendika namung kanthi dedasar raos welasing manungsa kemawon, lan nilaraken Kitab Suci. Pyambakipun kedah tetep dedasar sabdanipun Allah, lan nyowanaken tiyang-tiyang sanes kagem Gusti Yesus kanthi rancangan ingkang sae.

Menawi tetiyang nggadhahi kasagedan, wegdal lan arta, pyambakipun kedah ngladosi tiyang-tiyang ingkang mbetahaken wonten ing greja. Pyambakipun boten prelu kathah wicanten, nanging makarya lan lelados kanthi sesidheman, tanpa ngajeng-ajeng tiyang sanes ngladosi pyambakipun utawi ngaturaken panuwun dhumateng pyambakipun, nanging ajeg ngladosi wonten ing kawicaksananipun Sang Kristus. Pamulang rohani kedah ngrancang wawasan-wawasan ingkang kaparingaken dening Rohipun Allah lan Injil, mulangaken baka sekedhik dhumateng para pamiyarsanipun, lan mitulungi boten namung supados mangertos, nanging supados nindakaken sabdanipun Allah. Sanes sepinten kathaipun prekawis ingkang kawulangaken ingkang wigatos, nanging kawulangna sadayanipun baka sekedhik supados sadayanipun saged dipun mangertosi kanthi yektos.

Menawi tetiyang nggadhahi kanugrahan lelados lan mituturi, pyambakipun kedah sinau meneng, mendel, lan mirengaken prekawisipun tiyang-tiyang sanes, temah pyambakipun saged mangertos prekawisipun sacara rohani. Pyambakipun sampun miwiti pirembagan saking penggalihipun pyambak, nanging kedah ndedonga supados Gusti maringaken dhumateng pyambakipun pitembungan ingkang gumathok. Saestu wigatos pyambakipun nuweni tiyang-tiyang ingkang kapencut dhumateng karahayon wonten ing Sang Kristus, ndongakaken lan mitaya tiyang-tiyang punika ngantos dados tunggil kapitadosan wonten ing Sang Kristus.

Paulus ngandika bilih sinten ingkang dedana kedah nindakaken kanthi wicaksana lan sesideman, tanpa mawartosaken bab punika dhumateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken bab jati dirinipun lan pitulungan ingkang dipun tindakaken. Gusti Yesus ngandika, “Tangan kiwa ora prelu weruh apa ingkang ditindakake tangan tengen.” Pramila saking punika, katindakna paladosan sanes kangge pikantuk pakurmatan diri pribadi, nanging kagem kamulyanipun Gusti Yesus kemawon.

Menawi tetiyang tanggel jawab kangge mimpin wonten ing satunggaling greja, utawi dados salah satunggaling pengurusipun, pyambakipun sampun ngantos gampil rumaos kecenthok lan kuciwa karana tiyang sanes, nanging katedahna bilih paladosanipun dhumateng Sang Kristus kinanthenan kakiyatan lan taberi. Menapa kemawon ingkang boten dipun tindakaken dedasar katrenan punika palsu.

Minangka kerampunganing sadaya kanugrahan lan paladosan, Gusti Yesus pribadi paring dawuh, “Mulané kowé padha duwéa ati welasan kaya déné Ramamu sing sipat Mahawelas.” (Luk. 6:36).

Paulus kepengin nepangaken dhumateng kita bab wawasan ilahi punika kanthi ngendika, “Samubarang kang koklakoni, lakonana kalawan sawutuhing ati, kaya dene kagem Gusti, lan dudu kanggo manusa.” Katresnan iku wewaton lan pratandhaning kekristenan.

PANDONGA: Gusti Yesus ingkang kinasih, kawula taksih sinau babagan sih katresnan, lan kawula ngajengaken ugi katresnan saking tiyang-tiyang sanés. Gusti mugi owahaken pikiran kawula supados saged ngladosi nganggé ganjaran ingkang dipun paringaken dhumateng kawula, kanthi katresnan, kesabaran, tekun, iman, semangat dalah raos mongkog, lan boten namung lelandhesan kajeng kula piyambak, ananging nurut dhumateng kersa Paduka wonten ing sedaya tumindak kawula. Mugi Gusti jagi kawula saking sifat kemlungkung saéngga kawula boten dhawah wonten ing pacobanipun si jahat.

PITAKON:

  1. Ing antawisipun sedaya peladosan ingkan dipun tedahaken, ingkang pundi miturut panjenengan ingkang paling wigatos wonten ing jaman sakpnunika?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 06:05 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)