Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 059 (Would that the Salvation in the Believers of the Gentiles incite Jealousy in the Children of Jacob)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
5. Pangajeng-ajeng saking putra-putranipun Yakub (Rum 11:1-36)

b) Mugi-mugi kaslametan kanggé tiyang-tiyang pitados saking bangsa sanés saged nuwuhaké pepéngin ing antawasipun putra-putranipun Bapa Yakub (Rum 11:11-15)


RUM 11:11-15
11 Yèn mengkono aku daktakon menèh: Bangsa Yahudi enggoné padha kesandhung kuwi apa supaya padha nemu karusakan? babar-pisan ora! Nanging sarèhné kita padha nglakoni dosa, mulané keslametan nuli diparingaké déning Gusti Allah marang bangsa-bangsa liya, supaya wong-wong Yahudi padha mèri marang bangsa-bangsa sing padha nampa keslametan mau. 12 Yèn dosa lan paneraké wong Yahudi kuwi njalari bangsa-bangsa sajagad kalubèran berkahé Gusti Allah, saiba saya gedhéné berkah mau, saupama wong Yahudi kabèh padha kapitulungan slamet! 13 Saiki aku dakkandha karo wong-wong dudu Yahudi: Salawasé aku dadi rasul sing kautus marang bangsa-bangsa dudu Yahudi, aku nganggep, pegawéanku iki sawijining pegawéan sing mulya. 14 Srana mengkono, bisa uga aku njalari bangsaku padha dadi mèri, banjur ana sawetara sing banjur mratobat, temah kaslametaké. 15 Sebab nalika biyèn wong-wong mau padha ditampik déning Gusti Allah, kuwi njalari jagad karukunaké karo Gusti Allah, lan dadi mitrané Gusti Allah. Banjur saupama wong-wong mau padha mratobat lan ditampa déning Gusti Allah, apa kuwi ora ateges yèn wong-wong mau padha katangèkaké saka ing pati?

Paulus nresnani bangsanipun kados dene Piyambakipun nresnani sasederek brayatipun. Piyambakipun boten menggalih biih bade midana manusa namung dedasar anggenipun boten mbangunturut lan nampik Gusti Yesus, nanging Piyambakipun mangertos bilih panampiking umatipun Allah saking prajanjian ingkang lami njalari pilihan enggal saking bangsa-bangsa sanes ingkang swaunipun kaanggep najis. Panampikipun tiyang-tiyang Yahudi nuwuhaken wewengan ingkang elok dhumateng bangsa-bangsa sanes ingkang boten pitados kangge ngrengkuh kawilujengan, ingkang sampun kacawisaken saderengipun, lan kangge nampeni kawilujengan lumantar imanipun dumateng Sang Kristus.

Sumrambahing kawilujengan dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi nuwuhaken raos sujana utawi meri ing antawisipun para putra Yakub. Paulus ningali prekawis sae saking tumindakipun tiyang-tiyang Yahudi, inggih punika bilih tiyang-tiyang sanes Yahudi sami saged mangertos bilih pigesanganipun ingkang rumiyin najis, ing ngarsanipun Sang Kristus nampi pirukun kaliyan Allah, lajeng kapenuhan kabingahan saking Roh Suci, lan sami nresnani mengsah-mengsahipun. Lajeng para putra Abraham ingkang mursid saged mangertos bilih tiyang-tiyang miskin lan katampik sampun pikantuk warisan, sanes saking kabudayanipun, nanging langsung saking Allah. Paulus ngajeng-ajeng bilih tiyang-tiyang Yahudi ingkang mbalela dados sujana (cemburu) dhumateng tiyang-tiyang boten pitados ingkang kalairaken malih, lan niteni berkahipun Allah ingkang kaparingaken dhumateng Abraham, Iskak lan Yakub ingkang samangke kaparingaken dhumateng tiyang-tiyang saking bangsa sanes. Piyambakipun ngajeng-ajeng bilih bangsanipun ngewahi penggalihipun, lan netepaken andum warisanipun Piyambak, ingkang sampun kasembadan wonten ing tiyang-tiyang manca. Magepokan kaliyan prekawis punika, Sang Kristus dhawuh dhumateng pr muridipun, “Kowe iki pepadhanging jagad... padhangmu sorotna marang wong, supaya padha sumurup marang tindak-tandukmu ingkang becik, temah padha ngluhurake Ramamu ingkang ana ing swarga.” (Mat. 5:14-16).

Paulus njangkepi rancangan pawartosipun dhumateng tiyang-tiyang Yahudi kanthi ngendika: Menawa gagale wong-wong Yahudi dadi sumbere berkah kanggo wong-wong ingkang ketriwal, lan menawa cacahe wong Yahudi kang suda nganti kari kang suci iku njalari kaslametan kanggo akeh wong dudu Yahudi, mendah neya pitobate wong-wong iku bakal nekakake tumrahe berkah ing donya. Menawi sadya tiyang Yahudi pitados dhumateng Sang Kristus, dayaning imanipun lan lebeting perasaanipun bade nuwuhaken daya pawartos ing donya punika, ingkang nuwuhaken sumber toya ingkang gesang, ingkang mili ing ara-ara samuning donya kita, andamel dados taman Pirdus ingkang gesang ing tengah-tengah ombaking dosa.

Kanthi pamawas ingkang premana, Paulus mirangaken tiyang-tiyang Kristen supados sami saged nresnani lan ngapunten para putra Yakub, lan ngawonaken raos sengit lan kasombonganipun kanthi patrap andhap asor lan alusing budi (Mat. 11:28-30). Paulus lajeng tumoleh dhumateng tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi ing pasamuwan Rum kangge nggoyang lan nggorekaken tiyang-tiyang Yahudi. Piyambakipun sampun ngadhepaken tiyang-tiyang Yahudi kaliyan kayektening karohanen, kanthi ngendika: Gusti Yesus ora ngutus aku dadi juru warta ing antarane wong-wong Yahudi, nanging Panjenengane netepake aku dadi rasul kanggo wong-wong dudu Yahudi, ing antarane ilah-ilah liya kang kebak roh kanajisan. Klawan sukarena aku nindakake jejibahan iki, nyinaoni basane wong-wong iku, mikirake adat pakulinane, lan ngecakake kabudayane Gusti Yesus marang para ingkang nyembah brahala iku, lan kabeh laku jinane.

Paulus mrangguli satunggaling wewengan/ kesempatan ing salebeting paladosanipun kangge kotbah dhumateng tiyang-tiyang Yahudi kanthi cara ingkang boten langsung. Piyambakipun kepengin ngaturaken gegambaran endah dhumateng para putra Abraham kanthi laku suci saking tiyang-tiyang Kristen lan lelabuhanipun ingkang cetha sanget ing Asia lan Eropa. Piyambakipun nindakake prekawis punika kangge nuwuhaken greget karohanen ingkang makantar-kantar dhumateng tiyang-tiyang punika, temah sawatawis mbokmenawi sami wangsul saking lampahipun ingkang lepat, sinau saking imanipun tiyang-tiyang sanes Yahudi, lan nderek Sang Kristus ingkang sampun wungu saking pepejah. Paulus ngajeng-ajeng tiyang-tiyang ingkang sampun katampik saking prajanjian lami punika bade sepisan malih nampi, awit sami wangsul, awit janjinipun Allah dhumateng tiyang-tiyang punika taksih kelampahan.

Menawi panampikipun tiyang-tiyang punika dhumateng Ratunipun, inggih punika. Gusti Yesus, njalari pirukun antawisipun Allah kaliyan jagad, saya malih wangsulipun tiyang ingkang pejah rohaninipun bade njalari sempuluring pigesangan wonten ing Allah? Sang rasul ngalami kamenanganing pangwasanipun Allah tumrap pejahing karohanenipun Paulus, lan kalepatan-kalepatan kepanggih ing gesangipun, nanging Gusti nylametaken Piyambakipun, nadyan Piyambakipun punika tiyang ingkang mejahi awit fanatikipun. Piyambakipun ngajeng-ajeng lelampahan ingkang sami tumrap tiyang-tiyang sabangsanipun, pramila lajeng netepaken tiyang-tiyang dados rowang ing gesang langgeng temah Piyambakipun saged nyebaraken kabar pigesangan dening sih rahmatipun Sang Kristus dhumateng saindenging jagad.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngucapaken panuwun dhumateng sih katresnan Paduka lan manembah dhumateng Paduka amargi sampun ndadosaken wangkot manahipun tiyang-tiyang Yahudi minangka berkat kanggé sedaya bangsa ing jagad punika. Tulungana kawula supados boten sami gesang mentingaken gesang karohanén kawula piyambak, nanging uga purun ngladosi sedaya manungsa lumantar Roh Suci Paduka, kanthi pawartaning Sabda, tumindak, lan pandonga, dalah narik tiyang-tiyang ingkan boten pitados ing antawisipun para putra Bapa Abraham dhumateng iman kang gesang dhumateng Gusti Yesus Kristus.

PITAKON:

  1. Menapa pengaruh saking wangkot manahipun bangsa Yahudi kanggé bangsa-bangsa sanés ingkang sakwaunipun dipun anggep najis?
  2. Kados pundi caranipun tiyang-tiyang pitados sagen narik tiyang-tiyang ingkang boten pitados supados sami nampi iman ingkang leres?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 10:38 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)