Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 046 (God’s Plan of Salvation)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
E - Iman Kita Tansah Wonten Ngantos Selaminipun (Rum 8:28-39)

1. Rancanganipun Gusti Allah kanggé kaslametan ngentosi kita dumugi ing kamulyan kita ing sakmangké (Rum 8:28-30)


RUM 8:28-29
28 Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong sing padha tresna marang Panjenengané. 29 Wong sing wis dipilih déning Gusti Allah, kuwi uga wis disengker, supaya dadia padha kaya Putrané, yakuwi Gusti Yésus Kristus, supaya Sang Putra mau dadia pembarep ing antarané sedulur akèh.

Sok sinten kang tepang kaliyan Allah bade ngraosaken bilih Pnjenenganipun punika maha kawasa. Boten wonten kang dumadi ing alam donya punika kang boten kawuningan lan kakersakaken dening Pjnennganipun. Allah punika prakosa. Nanging kita boten pitados wontenipun nasib kodrat/ takdir, kados kang dipun yakini dening sawatawis agami, karana kita sumerep bilih Allah kita punika Rama kang kebak sih kawelasan, kang tansah nggatosaken gesang kita, kang boten nate nyakiti kita, boten nate negakaken kita. Pramila saking punika, kita nyuwun supados Pjnenganipun nyantosakaken kayakinan kita dhumateng sih kawelasanipun, temah iman kita boten bade ical ing tengahing pakewed lan panganiaya. Kangge nyantosakaken kayakinan kita dhumateng sih kawelasanipun Allah dhumateng gesang kita, Paulus nyerat pamantep tumrap kawilujengan pribadi kita, pramila kita boten prelu mangu-mangu utawi bingung.

Allah milih panjenengan saderengipun panjenengan kalairaken, karana panjenengan saestu aji ing manahipun Allah. Pjnenganipun tepung dhumateng panjenengan saderengipun tetalesing bumi kapapanaken. Dados, Pjenngganipun pirsa kawontenan panjenengan ngantos lebet, jati diri panjenengan, lan sedyaningmanah panjenengan. Sesambetan panjenengan kaliyan Allah langkung lebet tinimbang kados kang panjenengan galih. Panjenengan sanes tiyang manca, nanging rumaket lan dipun tepangi dening Allah. Pjnenganipun ngantos-antos panjenengan kados dene bapak kang ngantos-antos anakipun kang ical. Allah kapang/ kangen sanget dhumateng panjenengan, langkung tinimbang raos kangen panjenengan dumateng Allah.

Allah kang langgeng tepung dhumateng panjenengan wiwit saderenging wiwitaning jaman. Ing tembe/ mangsa ngajeng, Pjenganipun kagungan rancangan mulya ing ngajeng panjenengan, awit Pjenganipun namtokaken panjenengan kalayan karsanipun supados panjenengan dados putranipun lumantar Gusti Yesus Kristus, kang sampun mikul dosa-dosa panjenengan ing kajeng salib. Namung wonten ing Kristus, pepijian panjenengan kateguhaken. Sinten kang gondhelan bakuh dhumateng pirukunipun Kang Putra boten bade ewah, awit Pjenganipun kang suci punika setya. Pramila saking punika, sami mangertosa bilih Allah sampun maringaken satunggaling sedya wonten gesang panjenengan, lan namtokaken panjenengan saderengipun supados dados mulya kados gegambaranipun Kristus, kang lenggah ing sisih tengenipun kang Rama. Allah boten ngersakaken wontening tataranipun anak kang benten, nanging Pjennganipun nuntun sadayanipun dhumateng kasampurnan wonten ing raos andap asor lan alusing budi, temah panjenengan saged nyingkur diri lan gesang kados dene anggenipun Kristus gesang wonten ing alam donya punika.

RUM 8:30
30 Mulané wong sing wis padha disengker kuwi uga sing padha ditimbali, lan sing padha ditimbali kuwi sing ditunggilaké, karo sarirané. Lan wong sing padha ditunggilaké kuwi sing padha diparingi panduman kamulyané Sang Rama.

Allah sampun ndadosaken penggalihan bab sih katresnanipun dados prekawis kang pribadi sanget, lan sampun ngandika dhumateng panjenengan sacara pribadi.

Punapa panjenengan sampun mirengaken swantenipun ing lebeting manah panjenengan? Punapa timbalanipun sampun tembus dhumateng telenging manah panjenengan kang atos? Sami engeta bilih Allah sampun miji panjenengan nalika panjenengan taksih dosa, lan Pjennganipun netepaken panjenengan dados putranipun. Pjnenganipun nedya ngenggalaken kawontenan panjenengan kang sampun tiwas wonten ing hawa nepsu supados panjenengan saged sumunar wonten ing kasucen, kendhalining diri, kayekten lan watak tulus. Boten wonten daya ing gesang panjenengan kangge nglampahi pigesangan kang suci kajawi sabdanipun Allah, kang makarya wonten ing pigesangan panjenengan. Awit saking punika, kula aturi tansah maos Kitab Suci, awit lumantar seratan-seratanipun, Allah ngandika dhumateng panjenengan.

Allah mapanaken –wonten ing pitedah kang sae sanget- dasar saking yektosing kawilujengan panjenengan, kang boten saged sirna karana pandakwaning sang piawon. Allah kita kang yektos ngleresaken panjenengan srana sedaning Putranipun nggentosi kita, lan ngresiki dosa-dosa kita sepisan kangge salaminipun. Samangke panjenengan dados tiyang leres wonten ing kayektenipun Kristus, lan kaanggep suci lumantara panebusanipun. Dados, kapan panjenengan kersa saos sokur dumateng Gusti tumrap sih katresnan kang katumrahaken dhumateng panjenengan? Kapan panjenengan kersa pitados dhumateng tuntunanipun lan memuji kanugrahanipun kang setya?

Wonten ing pangwasanipun, Allah netepaken prekawis kang langkung ageng kangge kita. Panjenenganipun maringaken dhumateng panjenengan Roh Suci minangka jaminan saking gesangipun kang kebak kamulyan wonten ing gesang panjenengan. Pramila, kamulyan jatining Allah sinimpen wonten ing gesang panjenengan samangke. Kados dene Kristus katingal namung kagem mripating tiyang-tiyang kang pitados dhumateng Pnjenganipun, mekaten ugi sih katresnan, kayekten lan kasabaranipun makarya wonten ing pigesangan panjenengan. Roh Allah pyambak kang bade ngasilaken who-wohan wonten ing pigesangan panjenengan mawi tatananipun, menawi panjenengan gesang wonten ing Sang Juruwilujeng. Paulus boten ngendika bilih Allah bade mulyakaken panjenengan ing mangsa kang bade dhumateng, nanging kanthi iman Paulus ngakeni bilih Allah sampun mulyakaken panjenengan ing mangsa kepengker ugi, karana Paulus yakin sanget bilih Gusti Yesus kang miwiti lan nyampurnakaken iman kita. Pjenganipun kang miwiti kawilujengan wonten ing gesang panjenengan punika setya. Panjenenganipun memulang, nyantosaken lan nyampurnakaken panjenengan namung karana kasaenanipun pyambak.

Punapa panjenengan kagungan pakewed/ masalah wonten ing pigesangan panjenengan? Punapa panjenengan luwe, sakit? Punapa sampean ngupadi padamelan? Punapa sampean gagal ing piwulanging sekolah? Sadaya punika boten patos penting, awit Allah nunggil kaliyan panjenengan. Pjnenganipun nresnani panjenengan, nggatosaken panjenengan, lan ngrimati panjenengan kados paningalipun pyambak. Pjenganipun boten kesupen dhumateng panjenengan, nanging Pjnenganipun mesthi bade netepi rancanganipun kagem panjenengan. kang maha suci kang ngangkat panjenengan dados putranipun. Dados, kula aturi wiwit nyingkur dhiri, manggul salib lan ndherek Putranipun Allah saking kajeng salib dhumateng pekuburan lajeng dhumateng kamulyan, karana sadaya prekawis makarya sesarengan murih kasaenaning tiyang-tiyang kang nresnani Allah. Punapa panjenengan nresnani Panjenenganipun kang sampun langkung rumiyin nresnani panjenengan?

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Mahasuci, Tritunggal ingkang esa, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun milih kawula, sampun tepang kawula wiwit saking kelanggengan, lan netepaken supados kawula nampi kamulyaning sih katresnan Paduka lumantar sang Kristus. Sinten ta kawula punika ngantos Paduka milih kawula? Mugi Gusti maringaken pangapunten dhumateng sedaya dosa-dosa kawula, lan mbikak kuping kawula supados saged mirengaken timbalan Paduka wonten ing Kitab Suci, nampi bebener kawula lumantar rahipun Putra Paduka, lan panuwun kawula amargi saking kasetyan Paduka. Kawula pitados dhumateng tuntunan Paduka, lan nyuwun supados Paduka neguhaken kawula wonten saklebetipun jaminan kanggé ngadhepi dinten-dinten kawula supados kawula boten ngantos ajrih, nanging tansah ngraosaken manggenipun Roh Suci wonten ing gesang kawula. Minangka jaminan wontenipun kamulyan ingkang badhé Paduka paringaken.

PITAKON:

  1. Menapa sebabipun sedaya prekawis makarya murih becikipun sedaya tiyang ingkang nresnani Gusti Allah?

Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong sing padha tresna marang Panjenengané
(Rum 8:28)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:59 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)