Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 043 (In Christ, Man is Delivered)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

6. Ing sajroné sang Kristus, manungsa kamardhikakaké saka dosa, pati lan paukuman (Rum 8:1-11)


RUM 8:9-11
9 Nanging kowé wis ora manut pangrèhing daging, awit manut pangrèhing Roh; semono mau yèn Rohé Gusti Allah dedalem ana ing kowé temenan. Sapa sing ora nduwèni Rohé Sang Kristus ana ing uripé, wong kuwi dudu kagungané Sang Kristus. 10 Nanging menawa Sang Kristus gesang ana ing kowé, senajana badanmu mati krana dosa, éwasemono Rohé Gusti Allah wis nguripaké kowé, merga kowé wis ditunggilaké karo Gusti Allah. 11 Menawa Rohé Gusti Allah sing mungokaké Sang Kristus saka ing séda, dedalem ana ing kowé, Gusti Allah sing wis mungokaké Sang Kristus saka ing séda mau uga bakal nguripaké badanmu sing kena ing pati, srana Rohé sing dedalem ana ing kowé.

Paulus paring paseksi dhateng tiyang-tiyang pitados ing Rum lan ing sadhengah papan bilih Roh Allah sampun ngawonaken badanipun kang kesed lan piawonipun, karana gesangipun sampun kateguhaken ing pangwaos lan lan pamberegipun Roh Suci. Awit saking punika, Panjenenganipun nitahaken tiyang-tiyang punika, ndamel tiyang-tiyang punika kalairaken malih lan tuwuh, ngrimati gesangipun, ngukuhaken, lan ngebaki tiyang-tiyang punika kanthi sih katresnanipun Allah, nyantosakaken tiyang-tiyang punika kangge nindakaken paladosan-peladosan punika. Sadaya tiyang pitados bingah sanget nampeni Roh Suci dedalem wonten ing pigesanganipun.

Nanging sinten kang boten kadunungan Roh Suci dedalem ing manahipun punika sanes tiyang Kristen, nadyan pyambakipun kalairaken minangka tiyang Kristen, karana naminipun ngemu teges Kristen, “Pawongan kang jinebadan dening Roh Allah.” Kados dene Sang Kristus pribadi jinebadan sawetahipun dening Rohing Sang Rama, mekaten ugi tiyang-tiyang pitados. Dadosa nami, asal-usul, utawi tumindakipun nampi baptisan, utawi asok wragat lelabuhanipun ing greja boten ndamel panjenengan dados tiyang Kristen. Namung lumantar pangwasanipun Gusti kang cumondhok woten ing gesang panjenengan, bilih panjenengan saged dados gegelitanipun Sang Kristus, dados kagunganipun, lan dados sela gesang wonten ing padalemanipun Allah. Tiyang kang boten nampi kabugrahan pigesangan punika lan tetep boten nggadhahi sih katresnanipun Allah, boten wonten sesambetanipun kaliyan Sang Kristus. Pyambakipun pinisah saking Sang Kristus. Namung tiyang-tiyang kang sampun kalairaken saking Roh Suci kang raket kaliyan Sang Kristus lan dados kagunganipun, gesang kanthi kakiyatanipun Sang Kristus. Dados, sampun dados namung manget-manget, nanging sami engeta bilih sinten kemawon kang boten tansah gondhelan bakuh dhumateng Sang Kristus sawetahipun boten pikantuk perangan wonten ing Panjenenganipun. Sang Kristus ngersakaken panjenengan sawetahipun, lan Panjenenganipun dedalem sawetahipun wonten ing gesang panjenengan. Menawi boten mekaten, panjenengan pinisah saking Panjenenganipun, awit iman kang mangu-mangu babar pisan sanes iman.

Para sederek, memujia Gusti, awit Sang Kristus dedalem wonten pigesangan panjenengan menawi panjenengan pikantuk katentreman saking sih katresnanipun. Saben tiyang kang gesang wonten ing Roh Suci sami nekseni mukjijat punika, awit Panjenenganipun nedahaken kanthi nyata anggenipun nunggil lan dedalem ing manahipun.

Sampun menggalih bilih Sang Kristus lan dosa sesarengan dedalem ing badan panjenengan. Panjenengan boten saged nyengiti tiyang lan nresnani Sang Kristus ing wekdal kang sami. Panjenengan boten saged manut dhumateng kanisthan lan ngakeni kapenuhaning Roh Suci, awit Roh punika sujana, lan roh punika nglebur dosa panjenengan tanpa kawelasan. Ati nurani panjenengan boten badhe ayem kajawi panjenengan ngakeni dosa-dosa panjenengan, mratobat saking sadaya dosa punika kanthi keduwung, nyengiti sadaya dosa punika kanthi raos jijik, lan nglebur kasombongan panjenengan, nungkulaken diri panjenengan kang nistha punika wangsul dhumateng Sang Kristus, kang nitahaken panjenengan. Rohipun Allah gulet nglawan dosa-dosa panjenengan, lan nucekaken panjenengan sawetahipun, awit Gusti Yesus nimbali panjenengan dhumateng kasucen lan sanes dhateng kanisthan.

Rahipun Sang Kristus bade mijiki panjenengan saking sadaya dosa panjenengan, menawi panjenengan pitados daumateng Panjeenganipun lan sadaya janjinipun. Pangwasanipun badhe kawujudaken sacara ngedab-edabi wonten ing karingkihan panjenengan. Panjenengan badhe kakiyataken, lan panjenengan bade nyingkur diri panjenengan oyambak lan gesang kagem Allah. Engeta bilih badan panjenengan bade pejah tumrap dosa-dosa panjenengan, nanging Roh Suci kang kaparingaken dhateng panjenengan saking swarga bade gesang salaminipun. Dados, kita nggadhahi pangajeng-ajeng kang boten wonten bandhinganipun, karana kita mbekta pigesanganipun Allah wonten ing gesang kita minangka jaminan kamulyan kang dipun antos-ados ing wekdal rawuhipun Gusti kita.

Pangwasa kang sami kang makarya wonten ing Sang Kristus nalika Panjenenganipun wungu saking kubur, tumedak lan mili wonten ing gesangipun sadaya tiyang pitados. Allah bade ngilekaken ilining pigesanganipun wonten ing gesang kita ing wekdal rawuhipun Sang Krustus kang kaping kalih. Badhe katingal wekdal kang badhe dhumateng punika bilih tiyang kathah kang boten pitados nggadhahi jiwa kang pejah, dene kita gesang ing kamulyan karana kanugrahan, karana Roh Allah makarya ing pigesangan kita, lan mujudaken diri ing kamulyan, kabingahan, lan pangwasa, awit Panjenenganipun punika Allah pribadi.

PANDONGA: Dhuh Gusti kang agesang, kawula manembah dhumateng Paduka amargi Paduka sampun maringaken Roh Suci Paduka saéngga kawula saged dados putra-putra Paduka ngantos selaminipun, dipun sucékaken lumantar sédanipun sang Kristus, lan tanssah suméndhé dhumateng Panjenenganipun. Paduka sampun nylametaken kawula saking sipat boten pitados lan sipat kang jahat. Matur nuwun amargi pepejah sampun boten saged mblenggu kawula amargi kawula aman siningid wonten asta Paduka lan jaminan kamulyan Paduka sampun wonten ing gesang kawula saéngga kawula saged nglakoni gesang minangka putra-putra Paduka wonten ing antawisipun manungsa ingkang kebak piawon.

PITAKON:

  1. Apa kang diparingaké dénéng Roh Suci marang wong-wong kang pracaya marang sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:23 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)