Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 036 (Freedom from the Law)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

2. Kamardhikan saking angger-angger Torét ndadosaken kita saged uwal saking dosa (Rum 6:15-23)


RUM 6:15-22
15 Saiki kepriyé? Apa kita kena nglakoni dosa, merga saiki urip kawengku déning sih-rahmaté Gusti Allah, lan ora kawengku ing Torèt? Ora babar-pisan! 16 Mesthiné kowé wis padha ngerti, yèn samangsa kowé pasrah badanmu marang wong, dadi abdiné wong mau, nglakoni apa sapréntahé, kowé dadi abdiné bendara sing préntahé koklakoni mau, ora preduli apa bendaramu kuwi si dosa, sing njalari patimu, apa Sang Kristus, sing njalari kowé ditunggilaké karo Gusti Allah. 17 Nanging puji sokur marang Gusti Allah, déné senajan kowé biyèn tau dadi budhaké si dosa, saiki kowé klawan éklasing ati wis padha mbangun-turut marang bebeneran, sing kawulangaké marang kowé. 18 Kowé wis padha kaluwaran saka ing dosa, supaya padha dadia abdiné bebeneran. 19 Enggonku nganggo tuladha "budhak" kuwi supaya gampang koktampa. Biyèn kowé padha masrahaké badanmu sakojur dadi budhaké penggawé sing kotor lan duraka, kanggo nindakaké piala. Semono uga saiki, bareng wis dadi abdiné bebeneran, badanmu sakojur padha pasrahna kanggo lantaraning tumindak sing dadi keparengé Gusti Allah. 20 Menawa kowé dadi budhaké si dosa, kowé ora kawengku déning bebeneran. 21 Nanging apa paédahé tumrap kowé, nglakoni prekara-prekara sing saiki kowé dhéwé isin? Penggawé-penggawé mau nekakaké pati! Saiki kowé wis diluwari saka ing pangwasané dosa, lan dadi abdiné Gusti Allah. 22 Tujuné saiki uripmu kokpasrahaké marang Gusti Allah, lan ngolèhaké urip langgeng.

Pitakenan licik saking tiyang-tiyang Yahudi nyuwanten malih ing penggalihipun Paulus, inggih punika: Menapa kita bade damel dosa, karana kita boten wonten ing pangerehipun angger-anggering Toret, nanging ing rehing sih rahmat?

Sawetahipun Paulus nampik pitakenan ingkang awon punika, awit pitakenan punika boten tuwuh saking Roh Suci, nanging saking Iblis. Paulus paring paseksi dhumateng tiyang-tiyang pitados bilih tiyang-tiyang punika sampun kanthi lila masrahaken gesangipun dhumateng tatananipun Sang Kristus karana sih katresnanipun, lan awit saking punika sami uwal saking pangwasaning dosa lan pandakwa saking angger-anggering Toret, karana wontenipun pigesangan lan kayektenipun Allah wonten ing gesangipun. Sinten ingkang ngaken dirinipun dados tiyang ingkang merdika tanpa raos ajrih dhumateng Allah punika dados tiyang ingkang goroh. Dr. Luther nggambaraken manusa kados kuldi, nalika pyambakipun nerangaken bilih manusa boten saged gesang tanpa bendara, karana tetiyang kedah ngendhaleni diri. Panjenengan mesthi dipun kendhaleni dening sang piawon utawi dening Allah. Menawi Allah dados Allah panjenengan, lan panjenengan nampeni kanthi sukarena, lan ngladosi Panjenenganipun kanthi setya lan sregep, pramila raos mupus, dosa lan pangwasaning pati sampun telas ing pigesangan panjenengan. Ingkang dumados salajengipun inggih punika pangajeng-ajeng, tentrem rahayu lan kamardikaning rohani ingkang sejatos bade kawiwitan. Sang Kristus sampun ngluwari panjenengan, sanes dhumateng kasenengan pribadi lan tanpa preduli, nanging dhumateng paladosan kagem Allah, lan nindakaken kasaenan dhumateng tiyang-tiyang sanes ing salebeting pimpinaning Roh Suci, pramila manah panjenengan bade pikantuk pemarem. Tanpa patunggilan kaliyan Roh Kristus, panjenengan bade tetep mupus lan sangsara.

Sang Kristus pribadi paring paseksi bilih Panjenenganipun kagungan pasangan, nadyan Panjenenganipun punika Allah ingkang mardika lan langgeng. Ewasamanten, Panjenenganipun kanthi sukarena manut dhumateng momotaning Sang Rama, lan mbangun turut ngantos seda, malah seda ing kajeng salib. Sih Katreananipun Allah ndamel Gusti Yesus dados abdi kangge nanggel sadaya dosaning jagad. Dados, kenging menapa panjenengan boten nderek Panjenenganipun? Menapa panjenengan manggul dosa-dsaning rencang panjenengan, lan nandhang sangsara awit saking kalepatanipun? Sampun dados nesu, nanging katetepna manah panjenengan kagem kaslametanipun lan pangluwaran rohaninipun. Sihipun Allah mbereg panjenengan dhumateng panebusan kangge tiyang kathah.

Pigesangan kaliyan Sang Kristus bade nuntun panjenengan kangge ngladosi tiyang kathah, boten namung sacara wawasan lan perasaan, nanging kanthi kayakinan, pangurbanan diri lan kanthi sawetahing kakiyatan panjenengan. Kados dene panjenengan ngagem wekdal, bandha lan kasagedan panjenengan ing mangsa kapengker kangge kasenengan palsu, samangke kapasrahna sadaya kasagedan panjenengan kagem paladosan dumateng Sang Kristus murih kawilujenganipun tiyang-tiyang sanes. Kalipura ingkang saweg nandhang sisah, katuwenana ingkang nandhang sakit, kaparingana ingkang kaluwen, sinau kaliyan ingkang ringkih, kaparingna pepadhang dhumateng tiyang ingkang ngupadi kayekten srana ngedum Injil.

Sih katresnanipun Sang Kristus ingkang kawujudken wonten ing pigesanganipun tiyang-tiyang pitados punika dados pangajeng-ajeng tumrap jagad kita ingkang boten adil punika. Menapa panjenengan sampun dados abdinipun Sang Kristus, lan abdi tumrap sih katresnanipun kang putra? Menawi sampun, dosa sampun boten ngereh/ ngwasani panjenengan, karana panjenengan sampun pejah lumantar pamratobat panjenengan, sampun kasalib kaliyan Sang Kristus, kapenuhan dening Roh Suci, lan kateguhaken wonten ing gesang langgeng. Panjenengan nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang langgeng sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang gesang wonten Sang Kristus.

RUM 6:23
23 Sebab opahé dosa kuwi pati, nanging sih-kanugrahané Gusti Allah ngolèhaké urip langgeng, lantaran Kristus Yésus, Gusti kita.

Ayat emas punika dados karampunganing Injil sawetahipun, kanthi cetha kasebataken dhumateng kita bab woh-wohan saking manusa kadonyan, lan bab ingkang elok ingkang kaparingaken dening Gusti Yesus Kristus.

1. Kita pejah karana kita tiyang dosa. Pati boten saged dipun inggati karana kita dosa. Karana sadaya manusa nyandhang dosa, sadaya manusa pejah. Punika wohing pigesangan ingkang kebak dosa.

2. Naging sinten ingkang pitados dhumateng Sang Kristus, nampi sih rahmatipun Allah. Kanugrahan punika sanes perak, emas utawi bandha aji sanesipun, lan boten saged dipun panggihaken wonten ing menapa kemawon ing alam donya punika. Kanugrahan punika tukipun saking manahipun Gusti Allah, lan saestu kapanaken ing lebeting manah kita. Panjenenganipun maringaken pigesanganipun dhumateng sadaya tiyang ingkang kasalib wonten ing Kang Putra, temah sami saged pikantuk perangan wonten peprentahanipun ingakng langgeng. Panjenenganipun nindakaken bab punika awit Panjenenganipun punika Gustining para gusti, lan Panjenenganipun ngereh lan mukti sesarengan kaliyan Kang Rama lan Roh Suci; tunggil Allah ngantos salami-laminipun.

PANDONGA: kawula manembah dhumateng Paduka, Dhu Rama, Putra lan Roh Suci, amargi Paduka sampun nebihaken kawula saking dosa lan panerak, ngluwari kawula saking bebandaning pati, sarta ngasta kawula lumebet wonten ing sih katresnanipun sang Kristus, dalah ngebaki kawula klayan Roh Suci Paduka saéngga kawula boten kedah pejah wonten ing kelanggengan ananging gesang sesarengan Paduka amargi sih kanugharan Paduka ingkang ageng.

PITAKON:

  1. Menapa bédanipun bebandaning dosa lan pati klayan sih katresnan saking sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 12:53 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)