Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 129 (Future predictions)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
5. Gusti Yesus ngatingalake sarirane ing pinggire tlaga (Yokanan 21:1-25)

c) Pameca gusti Yesus gegayutan mangsa kang bakal teka (Yokanan 21:20-23)


YOKANAN 21:20-22
20 Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?” 21 Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?” 22 Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkaepake, supaya iku tetap urip nganti satekakU, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: “Melua Aku!”

Petrus ngrungokake timbalan bendarane supaya ngengon wedhus-wedhus kagunganPanjenenane. Awit Yokanan iku kang paling enom antarane para murid, Petrus kepengin ngerti apa panemune Gusti Yesus gegayutan Yokanan iki. Apa Gusti bakal ngongkon Yokanan mulih wae awit isih enom, utawa milih dheweke supaya dadi salah siji pembantune ing sajrone ngadhepi prekara?

Bisa uga ana tipak-tipak rasa sujana ing sajrone tembung-tembunge Petrus, awit gusti Yesus katone banget nggatekake Yokanan, lan luwih nresnani dheweke ketimbang karo wong-wong liya. Ing bujana kang pungkasan, Petrus wis menehi tanda marang Yokanan supaya dadi pantara karo Gusti kanggo nyirep kananan saerta nyebutake jeneng murid kang mbalelo iku.

Yokanan banget setyo marang Gusti Yesus nganto dheweke ngadhe ing cerake Kayu Salib, kanthi resiku yen dheweke bsa wae mati ing ngarepan para satrune Sang Kristus. Dheweke iku wong kang kawitan pracaya manawa Gusti Yesus wis wungu, lan kawitan ngerteni yen Panjenengane nalika para murid njala iwak ing pinggiring telaga. Dheweke wis ndherek Gusti Yesus, sawetara Petrus isih didhawuhi ndherek Panjenengane. Atine ditunggalake karo Sang Kristus. Panjenengane iku murid kang paling cerak karo Gusti.

Bisa uga, Petrus munjuk takon marang gusti Yesus, apa Yokanan bakal ngadhepi mangsa tembe kang angel kaya kang diweca gegayutan dheweke, utawa pancen prekara iku mung kanthi mligi dumadi marang awake dhewe. Gusti Yesus paring jawaban marang rasul kang utama iku yen dheweke ora ditetapake kanggo dadi majikan atas kabeh liyane, nanging kanggo dadi sedulur kang sederajat. Dudu urusane nguwatirake nasip Yokanan, kang duwe gegayutan langsung karo gustine, sawetara Petrus kang sebanjure dadi juru wicara kanggo para rasul. Yokanan tetap meneng wae, nyengkuyung kanthi pandonga, lan sabar ing sajrone undhak-undhakane wulangan ing sajrone Gereja, lan duwe daya pengaruh marang kabeh iku kanthi panguwasa donga (Para Rasul 3:1; 8:14; Galatia 2:9)

Kita ndeleng saka anggone milih gusti Yesus luwih dhisik gegayutan tugas Yokanan, yen dudu sawijining bab kang penting, apa kita iki urip lawas ing sajrone leladi marang Sang Kristus utawa kita cepet mati kanggo Panjenengane. Kang luwih penting yaiku kasetyan lan pembangun turut kita secara terus terusan marang Panjenengane. Gusti Yesus ora nganggep marang para pandherek Panjenengane kaya-kaya kabeh iku padha, nanging nyawisake dalan kang mligi kanggo saben para pandhereke ing sajrone ngluhurake bendarane. Kita ora krungu apa-apa gegayutan patine Yokanan; bisa uga dheweke mati kanthi lumrah.

Gusti Yesus mulang Petrus supaya nyawang mung marang Panjenengane wae, ora perlu nyoba golek ngerti bab murid-murid kang liya. Iki ateges yen kita ora kena ngurusi lan nganggu urusan saka wong kristen kang liya, nanging kita perlu mbudidaya supaya ngerti karsane gusti Allah ing sajrone urip kita, lan langsung ndherek Panjenengane tanpa syarat. Para pandherek kang setyo iku semboyan saka kabeh wong Kristen.

Panjenengane uga ngandika marang para murid Panjenengane gegayutan rawuhe Panjenengane kang kaping pindho. Anggone rawuh iku dadi tujuan pungkasan saka sejarah jagat. Pikiran kabeh para murid Panjenengane diarahake marang lelakon ing mangsa kang bakal teka iki. Kanthi rawuhe manungsa ing antarane manungsa, rasa kangen saka kabeh turunan bakal kaleksanan. Gusti Yesus bakal rawuh ing sajrone kamulyan. Apa panjenengan duwe pengarep-arep Panjenengane lan cemawis ing sajroning donga, leladi, pujian kidung kasukman lan paseksen suci panjenengan? Kita bakal ketemu ing ngarsane Panjenengane kanthi mengkono akeh wong-wong kang pracaya kang mung ndherek Panjenengane kanthi iman, lan ora melu kang liyane.

YOKANAN 21:23
23 Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikane dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetap urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu”

Keselarasan saka panemu iki yaiku yen Yokanan urip nganti umur kang tuwa, lan dadi simbol pengarep-arep bab sang Mesih kang dadi duweke gereja. Nalika iku ana keyakinan yen Yokanan ora bakal mati, nganti Gusti rawuh maneh. Paulus uga duwe pengarep-arep bab rawuhe Gusti iku enggala katekanan, lan dheweke bisa uga ora bakal mati nanging dirubah langsung lan diangkat menyang Suwarga. Yokanan ndeleng kasunyatan lan nuduhake kanthi cetha yen janji Sang Kristus ora ateges Yokanan ora bakal mati nganto suwarga bakal kabuka lan Panjenengane kang luhur iku mratelakake sarirane. Tujuan lan karsa Panjenengane ora nurut pepinginane Petrus. Gusti iku tetep Pangon kang becik kang nuntun para murid Panjenengane ing sajrone dalan kang mligi kanggo saben para muride dhewe-dhewe.

PANDONGA: Gusti Yesus paduka menika Sang Juru wilujeng ingkang luhur, Pangen ingkang setia. Matur nuwun awit nuntun Petrus lan Yokanan ing salebetipun margi ingkang cocok kangge tiyang menika piyambak-piyambak, kanthi makaten Petrus lan Yokanan saget ngluhuraken Paduka ing salebetipun gesang lan patinipun Petrus lan Yohanes. Paduka paringi kawula wewengan supados namun ndherek Paduka kemawon. Tuntun sanak keluwarga kawula lan para mitra kawula dhumateng tujuwan saking rawuh Panjenengane, kanthi makaten sanak keluarga kawula lan para mitra kawula kacawisaken kanthi kabingahan kangge nampani karawuhan paduka ingkang sampun caket.

PITAKONAN:

  1. Apa makna pangandikan sang Kristus kang pungkasan ing sajrone Injil iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:03 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)